Tuladha Tanggap Wacana Ari Raya Idhul Fitri ( Contoh Sambutan Hari Raya Idhul Fitri )

Tuladha Tanggap Wacana Ari Raya Idhul Fitri ( Contoh Sambutan Hari Raya Idhul Fitri )

sumber gambar  : kedaipena.com
 Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

( membaca mukadimah )

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sedherek-sedherek kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu kula hormati.

Minal aidzin wal faidzin

Para rawuh, mangga kita sesarengan mucap pudya puji pudyastuti wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring taufik  wal hidayah, dene ing wekdal punika kula saha panjenangan taksih pinarengan kasugengan saha karaharjan, saged pinanggih wonten ins Masjid AL Akbar Dusun Kedung Desa Genengadal mriki, saperlu ngawontenaken pepanggihan nyambut dinten riyadi punika.

Kados ingkang sampun kita mangertosi bilih mbenjang - enjang, umat Islam ing saindenging nuswantara badhe ngawontenaken  dinten ingkang ageng, dinten ingkang kebak kabagyan tumpraping umat Islam inggih punika dinten Riyadi Idhul Fitri. Dinten Riyadi Idhul Fitri punika satunggalingh dinten ingkang ageng tumpraping umat islam, ingkang dipun regengaken kanthi kebak syukur dhumateng Allah SWT.

Allahu Akbar Allahu Akbar  Allahu Akbar, La Ilaaha Ilallahu, Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar

Kanthi ngagungaken asmanipun Gusti, mboten wonten Gusti ingkang kula saha penjenengan sembah kejawi namung Gusti Allah SWT, piyambak.

Para Rawuh, kaum muslimin lan muslimat, ingkang dipun mulyaaken Allah
Tembung Idhul Fitri punika saking tembung Idhul saha Fitri, Idhul punika wangsul, dene Fitri utawi Fitrah punika suci.

Arstosipun, Idhul Fitri punika "wangsul suci". Punika nggadhahi maksud sak purnaning siyam setunggal wulan, minangka rukun Islam ingkang kedah dipun tindaaken, kita wangsul malih dados suci kados bayi ingkang nembe lahir.

Pramila wonten ing dinten ingkang ageng punika, kita sesarengan nyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT, supados dosa kula lan dosa panjenengan sageta lebur.
sareng sareng nyuwun, mugi-mugi Gusti Allah kersa maringi pangapura dhumateng kula lan panjenengan sedaya lumantar dinten riyadi punika.

Bapak-bapak Ibu-ibu saha para hadirin sedaya muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
Sampun setunggal wulan kita umat Islam sami nindaaken ngibadah siyam. Kita saged ngraosaken kados pundi raosipun mboten nedha saha mboten ngunjuk sak dangunipun setunggal dinten saha saged nahan hawa nepsu. Pramila saged ngraosaken kados pundi raosipun tiyang-tiyang ingkang gesangipun tansah kekirangan. Pramila ing dinten riyadi punika Allah paring dawuh dhumateng umatipun dhumateng umatipun supados ngedalaken zakat pitrah kangge sedherek-sedherek ingkang  kekirangan.

Zakat Pitrah ngresiki dosa kita tumpraping umat ingkang mampu. Sanesipun punika mbenjang-enjang kula suwun sadherek sedaya kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinurmatan kersa ngrawuhi sholat Ied wonten ing Masjid Al Akbar mriki.
Ing pungkasing atur, mugi-mugi kita saged ngrayaaken dinten riyadi kanthi remen, saha kebak ketaqwaan dhumateng Allah SWT.

Akhirul kalam, bilahitaufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Lakon Wayang Dewa Ruci

Lakon Wayang Dewa Ruci

sumber foto : suwarnews.blogspot.com
Lakon wayang Dewa Ruci, mengisahkan tentang Bratasena atau Bima yang diutus oleh gurunya yaitu Durna. Walaupun sebenarnya niat Durna adalah untuk mencelakakan Bima, tetapi karena ketulusan hati Bima mengabdi kepada gurunya serta keimanannya yang tinggi kepada Sang Maha Kuasa, maka Bima banyak mendapatkan ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Ilmu Sastra Jendra Hayuningrat adalah ajaran kebijaksanaan dan kebajikan yang harus dimiliki manusiauntuk merubah keburukan mencapai kemuliaan dunia akhirat. Ilmu Sastra Jendra adalah ilmu ma'rifat yang menekankan sifat amar ma'ruf nahi mungkar, sifat memimpin dengan amanah dan mau berkorban demi kepentingan rakyat.
Berikut ini adalah kisah perjalanan Bratasena dalam mendapatkan Ilmu Sastra Jendra Hayuningrat, dalam bahasa Jawa dalam Lakon Wayang " Dewa Ruci".
Anenggih menika satriya ing Munggul pawenang Raden Bratasena prapta ing Pancaniti, sidem permanem tan ana wicara swara, hamung para nayaka kang padha seba Jawil jinawil, baya ana wigati apa Raden Bratasena prapta ana ing negara Ngastina,mangkana wijiling pangandika wong Agung negari ngastina nggennya manembrama kang anyar katon
Prabu Duryudana
:
yayi Bratasena dumarojog tanpa larapan praptamu baya ana wigati apa yayi?”
Bratasena
:
Kakang Duryudana, di agungna ing pangapuramu, tekaku tanpa katimbalan wigatining sedya kepingin ketemu karo bapa guru Durna, mula sing dak jaluk leganing atimu aja ngalang ngalangi nggonku bakal ketemu karo bapa guru Durna.”
Prabu Duryudana
:
“Bapa Durna menika putra paduka ing jodhipati ngersakaken kepanggih kaliyan paduka bapa?”
Pandhita Durna
:
e.. lole.. lole.. anakku wong jarot, anakku asigit, Bratasena apa wis kok pikir lan kok tata rasaning atimu nyuwun wedaring ngelmu sangkan paraning dumadi, yaiku aji sastrajendra hayuningrat?”
Bratasena
:
“Bapa Durna guruku, wis dadi anteping tekatku aku kudu bisa handarbeni ngelmu kasampurnan, Aji sastra jendra hayuningrat sampurnaning panembah.”
Pandhita Durna
:
“Sak durunge pun bapa paring pituduh , aku arep takon mengku karep apa kowe sinau aji sastra jendra hayuningrat,?”
Bratasena
:
iya.... notholing atiku sinau aji sastra hayuningrat krana wangsite dewa lamun bapakku Pandu lan bibi Madrim kecemplung ana Neraka mangka ujaring kandha bapakku Pandhu sawijining Ratu binathara ingkang berbudi bawa leksana tansah nindakake kautaman rame ing gawe sepi ing pamrih tur tau dadi jagoning dewa yogene isih kudu manggon ana Neraka ora wurunga aku uga bakal kecemplung neraka urip iki kaya ora ana gunane
Pandhita Durna
:
“Aja kaya mangkana swarga neraka mono dumunung rasa yen kowe bisa ngrasakake sejatine rasa, kowe bakal bisa mbedakake suwarga lan Neraka, mula Bratasena yen nyata kowe wis mantep atimu bakal dak wedharake nanging ana pitukone.”
Bratasena
:
lha banjur apa pitukone mara gage prasajakna bapa Durna?”
Pandhita Durna
:
yen kowe bisa nggoleki kayu gung susuhing angin kang dumunung ana puncake gunung candramuka ya reksamuka laladan alas tribrasara ora isuk ora sore panyuwunmu bakal dak pinangkani
Bratasena
:
yen kaya mangkana lilanana aku njaluk pamit pamujimu sing dak jaluk muga aku sembada ing karya.”
Pandhita Durna

iya ya ngger Bratasena, dak balang puja mantra dak rewangi cegah dahar lawan guling muga muga kasembadan sedyanira.”
Brata tegese laku sena tegese kuwat, samubarang ngelmu yen den udi dilakoni kanthi tumemen linambaran pracaya dawuhing sang Guru jati (Hyang Sukma sejati) lan pracaya diri bakal katekan sasedyane. Prabu Pandhu lan Dewi Madrim mapan ana neraka ora jalaran lali panembahe darma bektine lan jejibahan jejibahane minangka titahing Gusti, nanging Prabu Pandhu darbe kaluputan sapepadhaning tumita yoiku rikala Prabu Pandhu mbebedag ana alas weruh kidang lagi andon asmara dining prabu Pandhu kidang mau jinemparing rubuh padha sakala karo sambat aduh dewaa mati aku ndadekake kagete prabu Pandhu, jebul kidang mau panjanmane Resi Kimindama, sak durunge mati ngesotke Prabu Pandu bakal tumeka pati nedeng karon asmara karo garwane lan sukmane ora bisa manjing suwargo kejaba antuk pitulungane putra kang wis sampurna panembahe tegese kita darbe kaluputan apa wae sepira abote marang Gusti kang gawe urip Gusti isih bisa paring pangapura, kang luwih abot kita darbe kaluputan sapepadaning manungsa Gusti ora bakal paring pangapura selagine kita ora gelem apura ingapura.
Kayu Gung Susuhing angin, kayu saka tembung khayyu tegese hurip. Gung susuhing angin yaiku ambegan ( napas) kita hurip saka ambegan kanggo sarana lebu wetune angin anyebut asmane Gusti Gunung candramuka ya gunung reksamuka, lengkehing gunung kebak dining jurang cerung, akarya miris ingkang samya mulat. Pucake putih memplak kadya kapuk winusonan labet kinemulan dining salju angendanu. Perenging  gunung candramuka ana ing wana tribasara, kang sayektine papan pangalapan . Bebasan janma mara janma mati sato mara mesthi mati, marmane ora mokal lamun wewengkon kono katon sepi ora ana janma kang wani liwat, pranyata wana tribasara wana kang angker wana gung bebondhotan kang kebak kekayon glagah alang alang suket kalanjana kang kebak glugut mawa wisa.
Telenging wana ana guwa sigrangga ya ing kono papan dununge raseksa loro cacahe kang banget nggegirisi kang nama ditya kala Rukmuka lan ditya Rukmakala, yaksa sakembaran pengawak prabata salira geng aluhur netra pindha surya kembar, grana pindha canthiking baita, tutuk kadya lenging guwa siyung mingis kumilat waja rangah pindha parang curi, ababe arus Rikma gimbal den udal numpang pundhak kanan.kiring yen watuk kaya gluduk, nuju ari sajuga denawa kalih lagya lelenggahan ana sela kumalasa ngadep lathu mangalad alad gedibagan sasolahe labet nandang kaluwen krana wis sawetara dina ora entuk memangsan sakiwa tengene alas wis ora ana kewan kang kumliwer awit wis gusis kamangsa ditya kekali wauta lagya enak enak pirembugan ana angin dudu sabaene angin kang tumiup ing anggane ditya kekalih kawimbuhan gandane janma manungsa gumregah yaksa kekalih ngupadi dununge gandane janma manungsa.
Kacarita wus malbeng wana tikbrasara risang Bratasena, datan ajrih pringga bayaning marga sakehing tetanduran myang kekayon den obrak abrik labet amung ngupadi dununging kayu gung susuhing angin pituduhe sang guru Durna, bosah baseh wana gung tribasara akarya muntabing sang Ditya Rukmaka Rukmakala pinarepegan sang Brata sena
Ditya Rukmaka
:
“E...ee, manungsa murang tata wani mlebu alas tikbrasara katik wani ngobrak abrik isen isening alas apa ora kulak warta adol pirungon yen alas kene dadi wewengkoning sun, mula sak durunge kowe mati tanpa aran, mara gage ngakua sapa jenengmu lan saka ngendi pinangkamu?”
Bratasena
:
hmmm... panenggak pandhawa Bratasena jenengku Indra prastha
papan dunungku!”
Ditya Rukmaka
:
“Darbe sedya apa kowe kumowani mlebu ana alas kene gus?”
Bratasena
:
nggoleki kayu gung susuhing angin minangka sarana wedharing aji sastra jendra hayuningrat.!”
Rukmaka
:
ora kena! bacut kowe kudu bali!”
Bratasena
:
aja kakehan cangkem wani ngalang alangi Bratasena sida klakon dadi jamase kuku panca naka!!!”
Rukmaka Rukmakala
:
“Welhadhalah....! sido klakon dak kokop getihmu hey krrrrrrrrr!!”


Rame nggenya banda yudha, Bratasena kinarubut ditya kekalih wauta Bratasena kang darbe tekad waja datan gigrik nadyan kinaroyok buta kekalih, hamung sawiji ciptaning wardaya kasembadaning sedya, rinakut buta sakloron dipun adu kumbo ilang sipating ditya kekalih Rukmaka Rukmakala badar sejatining wujud Sang Hyang Bathara Bayu miwah Sang Hyang Bathara Endra
Bathara Endra
:
Hong ilaheng mastuhuna sekaring bawana langgeng wayah ulun kulup Bratasena, aywa kaget tyas kita ulun Sang Hang Endra.”
Bathara Bayu
:
iya kulup ulun Sang Hyang Bathara Bayu kang mangejo wantah.”
Bratasena

“Pukulun Hyang Bathara Endra lan Hyang Bathara Bayu basaku katur.”
Bathara Endra
:
Iya kulup wayah ulun Bratasena wus ulun tompo, banget panarimo ulun dene jeneng kita wus bangkit ngruwat panandang ulun saka bebenduning jawata. Ana wigati apa dene jeneng kita tumeka ana ing wana tikbrasara kene?”
Bratasena
:
“Pukulun Hyang Endra lan Hyang Bayu mundi dhawuhing bapa guru Durna aku bisa nampa aji sastra jendra hayuning rat kalamun sembada ngupadi kayu gung susuhing angin, mula Hyang pukulun yen ana palilahmu aku jatenana ana ngendi dununging kayu gung susuhing angin?”
Bathara Bayu
:
“Kulub atmajaningsun Bratasena kayu gung susuhing angin iku prolampita jatining pangesthi sanadya ulun bisa medarake nanging ulun ora wenang ndunungake entenana wahyaning mangsakala nugrahaning Hyang Suksma kawekas hambuka wiwaraning kajaten mula mulanira. Prayogane den aglis baliya marang suko lima pinanggih gurunira DaHyang Durna nyuwuno pituduh jatining warana. Kulub Bratasena jeneng kita ulun paringi nugraha sesupe musthika maniking warih dayane jeneng kita bisa ngambah ing toya wis kulub muga jeneng kita sembada ing karya ulun pamit mahkayangan.”


Ing padhepokan Sukalima aja dumeh hamung padhepokan nanging jembaring bumi sasigar semangka negara pancalaradya dasar sinengkuyung dining nalendra ing Hastina bab prabeya nara karya lan samubarange kabutuhane padhepokan suka lima kacukupan dining Prabu Duryudana,  mula wewangunane padhepokan ora mantra mantra padhepokan kepara wewangunane ngungkuli wewangunane kadipaten sakiwa tengene sinten ta ingkang minangka paran para ing Padhepokan Suka lima. Anenggih sang begawan Dahyang Durna ya sang resi Kumbayana kawistingal sang panembahan ingadep ingkang putra Bambang Aswatama lan abdi kekalih ki among gati lan ki among guna kang rinembag santosaning tekad Bratasena nggennya sinau ngelmu kasampurnan jatining panemban.
Kacarita lagya sekeca nggennya pirembagan kedadak ana angin tumiyub malbeng pandhapining padhepokan bareng lan jumeduling Bratasena gita gita sang resi Kumbayana mrepigi praptane Brata Sena rinangkul kinempit kempit siswa kinasih mangkana sabdane sang resi DaHyang Durna

Pandhita Durna
:
e lole lole soma rante waluh gombyor monyor monyor anakku ngger.., wong bagus wong jarot wong kang sentosa dhadha baune Bratasena kepreye ngger pawartane anggonmu ngupadi kayu gung susuhing angin kanggo sarana wedharing aji sastra jendra hayuningrat?”
Bratasena
:
Hmmm Durna bapakku aku wis tekan alas tribasara isen isening alas dak obrak abrik sing dak upadi ora ketemu malah ketemu buta loro kala Rukmaka lan Rukmakala. Kelakon dak du komba sirnaning buto loro wujud Hyang Bathara Endra lan Hyang Bayu.”
Pandhita Durna
:
Trus sabanjure kepriye ngger?”
Bratasena
:
Dawuhing Dewa loro mau sanadyan ngerti lan bisa ndunungake nanging ora wenang medharake malah kepara aku dikon bali ana ing padhepokan suka lima. Supaya takon sing bener sak benere bener. Hyang Bayu paring kanugrahan marang aku sesupe musthika maniking warih kang dayane aku bisa ngambah ing toya.”
Pandhita Durna

“Anakku ngger kang tuhu setya marang guru mbombonging atiku,  ora bisa digambarake nganggo apa wae pendadaranku marang kowe kok lakoni kanthi tumemening ati. Ya ngger blak kotang blaka suta temene kowe lagi dak uji mantebing atimu saka temening tekatmu nganti jawata suka paring nugraha wujut sesupe musthika maniking warih dayane kowe bisa ngambah ing warih, Pun bapa nderek mangayubagya ya ngger.  Saiki piyarsakakna dawuhku kayu gung susuhing angin sing sak benere bener kuwi ana samodra minang kalbu yen pancen kowe temen temen nyuwun wedaring aji sastra jendra hayuningrat di enggal nggebyura ana ing telenging samodra minang kalbu.  Yen sira wus antuk karya ora esuk ora sore bakal dak wedarake sok glogok tanpa sisa.”
Sigra tandang risang bayu siwi, Gya tumungkul manembah
Anglir baya kontab
Anglir baya mas tinimbang
Ngungkal gunung
Ngungkal gunung
Pandhita Durna
:
Bratasena aku kok junjung duwur arep kok kapakake heee?”
Bratasena
:
Durna bapakku sawangen panyawange Brata sena isih manter apa wis minger?”
Pandhita Durna
:
“Ee lole lole anakku Bratasena, saya wimbuh mencorong pandulumu ngger muga ora sisip ciptanipun bapa kowe mesthi bisa sembada ing karya.”
Bratasena
:
“Yen mangkana aku njaluk pamit.”
Pandhita Durna
:
Iya ya ngger, dak pepuji marang Gusti mugo mugo RAHAYU nir ing sambekala salakumu.”
Padepokan suka lima papan pamulangane para siswa darah Barata muride ana satus punjul lima sing satus. Satha kurawa lha sing lima pendhawa pandhita Durna satemene Guru kang mumpuni anguwasani samubarang ngelmu tur jujur nanging gandeng kabeh mau wis kadung salah kedaden sang resi bisane sendika dawuh. Sang kumbayana rikala mbedhah negara pancalaradya kabyantu wadya bala Ngastina sanadyan kang rumagang gawe Bratasena karo Permadi nanging ungguling yuda kadaku dining prabu anom Jaka Pitana sak kadange apa mane Bratasena lan Permadi anggone sabyantu marang sang guru mung suka lila rame ing gawe sepi ing pamrih
Bratasena sawijing siswa kang limpat tansah mituhu dawuh guru sanadyan diloropake pisan Bratasena ora serik tur ora rumangsa diloropake jalaran banget kapitayane marang kang Akarya Jagad. Sang guru Durna minangka lantaran putudhuhing Gusti marang Brata sena supaya ambyur ning samodra minang kalbu, ambyur tegese njegur, njegur tegese nindakake dawuhing Gusti.
Samodra tegese jembare pangrasa jeroning panggayuh minang kalbu (nglamar/rabi) ati manunggalake jiwa cipta rasa Hanyawiji yen ana nugrahane Hyang widhi ing kono bakal mawujud Bratasena sejati sejatining Bratasena.
Rahayu.