Lakon Wayang Durna Gugur


destrajumna


Cerita ini merupakan penggalan kisah mahabharata, disaat  perang Bharatayudha. Untuk mengalahkan resi Durna Krisna menggunakan taktik membunuh hewan Gajah yang bernama Aswatama. Aswatama adalah nama anak kesayangan resi Durna, di saat mendengar kabar Aswatama mati hilanglah semangat resi Durna, dan akhirnya pasrah saat di bunuh  Tresnajumna.

Inilah penggalan kisah wayang dengan lakon Durna Gugur 



Dhalang : Ngaglah mbregagah ana ing jroning rata, sang Begawan Durna...
Nalika semanten kinalungan melati rinonce minangka tanda bilih madeg Senopati..
Ketingal mencorong tejane, tan wonten ingkang nyaket, jrih klawan sang Kumbayana..
Ndadak sakala ing mangke, dangu sansaya dangu, kapireng swaraning para prajurit ingkang sami alok, lamun Hestitama mati, kaworan dados Aswatama mati, sigra ngerling-eling karna, sang Begawan Durna mangkono manugas swaraning ndriya, sangganing para prajurit, Hee Hestitama mati, Hestitama mati, Aswatama mati Aswatama mati, Hestitama mati, Aswatama mati, Aswatama anak'e Begawan Durna mati...!!!

Durna: Swatama, Aswatama anakku Ngger...!!!
Swatamaaaa...!!!
**
Ooooo...
**
Durna: Hhuuuu....Swatama anakku....
Hoalah Ngger...!!!
Hhuuuu.....
Aswatama.....
Kowe mati Ngger, Swatama.....
Hhuuuu....Cah bagus....
Tak rewangi kaya mangkene, mung golekke kamukten kowe, Ngger...
Swatama....Swatama Ngger...
Hhuuuu.....hu hu hu...
Aku Pandhita, sing kudune tumindak becik, nanging tak rewangi tumindak elek kaya ngene iki, nung golekke kowe, Maa....
Saiki sing tak golekke kamukten malah wis disik'i mati...
Hhuuuu.... Swatama....
Kowe mati tenan pora, Swatama...
Huhuhuhu.....
**
Ooooo...
**
Durna: Swatama....
Kowe ning ndi Swatama...??
Kowe ning ndi Ngger...
Huuhuhuhu.....

Prajurit: Hestitama mati, Aswatama mati, Hestitama mati, Aswatama mati....

Durna: Hhuuuu huhuhu..Petruk....
Huuhuhuhu....
Hhuuuu huhuhu...Petruk...

Petruk: Enten napa Mbah..??

Durna: Apa sing di kandhakke kui apa bener..??

Petruk: kabar sing pundi Mbah..??

Durna: Aswatama anakku mati....
Apa bener Aswatama mati..??

Bagong: Truk..??
Kowe weruh pora ning kana mau..??

Petruk: Apa..??

Bagong: Aswatama mati..!!!
Matane mechothot...
Sirahe ambyar di kepruk gada...!!!
Wis ora karu-karuan...
Ora kalap kwandane...!!!

Durna: Huuuuaaaaa.....Aswatama...!!!!
Kowe mati Lik....!!!!

Petruk: cangkemmu Gong...

Bagong: Yaa ben...!!

Durna: Huuhuhuhu...Janaka...
Huhuhu...
Janaka,.... Huhuuu..Aswatama Ngger...
Janaka...Janaka anakku Ngger...

Janaka: Wonten Dawuh, Bapa...
Wonten punapa kog muwun tawang tangis, Bapa..??

Durna: aku kaya wis ora duwe kekuwatan....
Ora guna urip...
Nek lelakon iki bener kasunyatane, Janaka...huhuhu..

Janaka: wonten punapa, Bapa...??

Durna: Prajurit ing jroning palagan pada alok yen Aswatama mati...
Apa bener kuwi Janaka...??
Janaka... Kowe aja klecam-klecem..
Wangsulana pitakonku Janaka...
Huhuhu....
Apa bener Aswatama mati..??
Nek bener, apa gunane Bapakmu iki urip...

Janaka: Inggih Bapa, Aswatama pejah...

Durna: Mati tenan...??!!!!

Janaka: Kasinggihan mekaten, Bapa...

Durna: Swatamaaaaa.....!!!!
Huuuaaaaa......

Werkudara...
Werkudara anakku Ngger...
Huhuhu...

Werkudara: Waaaa....
Durna Bapakku, apa..??
Waaaa ana apa kog nangis..??

Durna: Huhuhu....
Kowe anakku yaa Werkudara...
Kowe muridku....

Werkudara: iyaa...

Durna: Kowe ora tau goroh karo Bapak..??

Werkudara: ora..
Ora wani aku goroh karo sampean...

Durna: nek kowe ora tau goroh karo Bapak, tak takoni wangsulana sing jujur yaa Werkudara....??

Werkudara: Iyaa...

Durna: jare adhimu si Aswatama mati, kuwi bener po piyee. ??

Werkudara: Waaaa...

Durna: piyee Werkudara..??
Kowe aja meneng wae...
Aku jaluk keterangan seko kowe..
Aswatama isih urip apa wis Mati..??

Bagong: (niru swara Werkudara)
Waaaa..
Aswatama mati..
Ketiban gada rujak bebeg...

Durna: Huuuaaaaa....Swatamaaa......!!!!!
Aswatama anakku....!!!!

Huuuu Ngger Anak Prabu...

Ngger Anak Prabu, lumahing bumi kureping langit, mboten wonten titah ing marcapada ingkang kanugrahan udira seta kejawi namung paduka...
Kula bade nyuwun pirsa, Ngger...

Puntadewa: Bapa Penemban...
Wonten napa Penemban..??
Bade nyuwun pirsa punapa..??

Durna: Napa leres anak kula pun Aswatama pejah, Ngger..??
Kula nyuwun pirsa, Ngger...

Puntadewa: Inggih....

Durna: Inggih dos pundi, Ngger..??
Nek pancen Aswatama mati, kula pun mboten wonten gunanipun urip...
Wis Ora ana sing tak labuhi...
Pramila kula nyuwun keterangan Ingkang gumathok...

Puntadewa: Inggih...
Miderek pawartos Ingkang kula tampi, Ingkang pejah punika Hesti..(swara lirih)..Tama (swara sero) Penemban...

Durna: Aswatama mati...??!!!!
Huuuaaaa.....Swatamaaaa...kowe mati tenan Ngger...!!!

**
Nglumpruk tanpa daya, kaya kapuk den nusoni, pepes bebayu kang tapis, kaya ora duwe kekuatan sang Begawan Durna...
Nalika semanten, midhanget pangandikanipun Nata Ing Ngamarta ing estunipun mboten matur dora, parandene anyebut "Hesti" lirih, "Tama" keladuk sora, saingga ingkang dipun tampi dening Begawan Durna bilih Bambang Aswatama tumekaning sirna...
Nadyan waspa deres mijil, nganti kados dadal, ngantos kaya ora metu swaraning Begawan Durna, awit saking seseking raos...
Mulat sang Trestajumna ingkang sampun kapanjingan sukma Nalendra ing Paranggelung Bambang Ekalaya, sigra anyaketi sang Begawan Durna, cinandak mestakane, tinigas jangga dening Sang Tresnajumna...

baca juga : kisah pengabdian bambang ekalaya terhadap guru durna

Tresnajumna: Manusmaning jalalaknat sukertaning bawana iblis, tinjo ngakherat mati dening aku....!!!!

No comments:

Post a Comment