|
|
||
Ana ing sawijine desa ana bocah wadon
kang aran Putri. Putri sak benere mung anake tukang becak lan bakul jamu.
Nanging ana ing sekolahan Putri iki siswi sing nduweni prestasi sing apik,
pungkasane Putri kasil entuk bea siswa kuliah ana ing Perguruan Tinggi Negeri.
Ning kana dheweke manggon ing kos-kosan bareng karo konco-kancane sing anyar.
|
||
Putri
|
:
|
”Bapak,
Ibu , putri bidal rumiyen badhe teng kos-kosan?”
|
Bapak
|
:
|
”Iya
nduk sing ati ati ya”
|
Putri
|
:
|
Nggeh
bapak”
|
Simbok
|
:
|
”Awakmu
sing ati ati yo nduk, simbokmu mung bisa nyangoni donga pangestu kanggo
awakmu. Mengko yen ana apa-apa telpon nyang simbok?”
|
Putri
|
”Nggeh
mbok, mboten menapa seanoso namung donga sampun cekap simbok”
|
|
Amarga
adoh sawetara 4 jam putri teka menyang kos-kosan lan ketemu Desy
|
||
Putri
|
:
|
“Asalamu’alaikum
, mbak arep takok?”
|
Desy
|
:
|
“Wa’alaikum
salam, arep takok apa mbak?”
|
Putri
|
:
|
“
Iki apa bener kos-kosane Bu Bambang?”
|
Desy
|
:
|
“
He eh . Bener iki kosane Bu Bambang lha ana perlu apa?”
|
Putri
|
:
|
“
Aku arep ngekos neng kene, Bu Bambang e ana po ra?”
|
Desy
|
:
|
“
Oooo, kae Bu Bambang ana, lagi neng ngarep Tivi.”
|
Singkate crita, Putri ditampa ana ing
kos-kosane Bu Bambang, manggon kamar sing ana sandinge omahe Bu Bambang.
Kepeneran Desy uga sak kampus karo Putri banjur bocah wadon loro kuwi
kekancan.
|
||
Desy
|
:
|
“
Eh, putri sidane kamar kosmu manggon ning endi.”
|
Putri
|
:
|
“
Iki lho sanding omahe Bu Bambang.”
|
Desy
|
:
|
“Lho
, nek ngono awake dewe tangga kamar ya.”
|
Putri
|
:
|
“
Eh, Des ngomong-ngomong awakmu kuliah fakultas neng apa?”
|
Desy
|
“
oh, aku ning Fakultas kedokteran
|
|
Putri
|
:
|
“
Lho lha kebeneran nak ngono, aku ya ing fakultas kuwi, saiki awake dhewe
kanca kos-kosan ya kanca kuliah.”
|
Desy
|
:
|
“
Oh . ya wis ayo tak ewangi nata kamarmu, ben awake dhewe tambah akarab.’
|
Putri
|
:
|
“
Ayo ndang mlebu, nata barangku mung sithik thok kok.”
|
Baca Juga : naskah drama bahasa jawa asal usul Danu Toba
Rampung anggone nata barang lan
ngobrol ngalor ngidul karo guyon lumrahe cah nom –noman. Bocah wadon ABG loro
kuwi wis dadi akrab.
Dina
Esuke.
|
||
Desy
|
:
|
“
ye ye ye, Put, dina pertama kuliah atiku seneng baget, lah kowe piye Put?”
|
Putri
|
:
|
“
Iya Des, aku ya seneng banget, aku kelakon kuliah, ora nyana apa sing dadi
impenku kelakon.”
|
Desy
|
:
|
“Put,
ora krasa jebul wis awan wetengku wis krasa Luwe, yuk golek kantin.”
|
Putri
|
:
|
“
Ya wis, ayohh aku ya wis luwe.”
|
Rampung olehe jajan, Putri lan Desy mlaku
menyang kasir karep mbayar, ndilalah ora sengaja nyenggol sikile Intan,
mahasiswa senior sing kerep gawe kisruh .
|
||
Intan
|
:
|
“
Bocah pekok, goblok tenan kowe ki, iki dudu kayu iki sikilku!”
|
Putri
|
:
|
“
Aa nu mbak, sepurane aku ora segaja.”
|
Intan
|
:
|
“
Halahh, ora sengaja apa! Paling njarak kowe, nantang aku ya durung ngerti
sapa aku heee..!” ( karo njambak jilbabe Putri )
|
Putri
|
:
|
“
Aduhh mbak lara, lara mbak colna..”
|
Amarga kisruh lan banter swarane
Intan, ora suwe teka nom-noman bagus rambute gondrong, kulite kuning resik
jenenge Adit sing jarene pacare Intan.
|
||
Adit
|
:
|
“
Wis, wis Intan,.. culke tanganmu saka jilbabe, kaya bocah cilik wae kowe kuwi
. Ngono wae kok ya dadi rame, ora isin po piye! delengen dadi tontonan wong
sak kantin.”
|
Intan
|
:
|
“
hhhh,,,ya ya tak culke. “( lunga karo ngrundel )
|
Adit
|
:
|
“
hei, sepurane ya pancen Intan sikape ijek kaya bocah cilik.”
|
Putri
|
:
|
“
He e, iya mas, matur nuwun.”
|
Adit
|
:
|
“
Oh ya, jenengmu sapa, aku Adit kuliah ning Fakultas Ekonomi semester 4.”
|
Putri
|
:
|
“
jenengku Putri mas.”
|
Adit
|
:
|
“
Wis ya, aku tak lanjutke kegiatanku, muga muga bisa ketemu maneh.”
|
Baca Juga : naskah drama remaja tema sosial
Dina pisanan kuliahe Putri ndilalah
ana kedadean sing ora ngepenakke. Nanging Putri ora kendho anggone sinau ing
Universitas kuwi. Ora krasa wis meh setahun anggone kuliah, Putri lan Desy
kuliah lan kekancan kaya biasane, nanging sak liyane kuwi Putri uga tambah
cedhak karo Adit. Kanca kancane pada ngira yen Putri lan Adit pacaran,
nanging sak benere ora marga Adit mung niat manfaatke Putri marga sakliyane
ayu putri sikape ijek polos. Nganti sawijining wengi Adit ngajak kencan putri
ning Hotel .
Kira
–kira jam 7 bengi Adit ngampiri Putri ning kos-kosane
|
||
Adit
|
:
|
“
Put, Putri...”
|
Putri
|
:
|
“
Oh iya mas, entenana sedela ( kira –kira 15 menit Putri metu saka kos-kosan
).”
|
Adit
|
:
|
“
Ohh ayu tenan kowe Put, ayo ndang mangkat selak wengi.”
|
Putri
|
:
|
“
Hallahh gombal kowe mas, ya wis ayo.”
|
Kira-kira setengah jam, Adit lan Putri
teka ning hotel njujug neng restourant. Adit pesen panganan lan ngombe
spesial. Nanging niate Adit ora apik marga panganan sing di pesen Adit di kei
bubuk sing marai Putri nggliyeng ora sadar. Sak wise mangan Putri bener
nggliyeng, sak durung ambruk Adit nuntun Putri mlebu kamar hotel sing wis
dipesen sak durunge. Tekan kamaran Putri wis ora sadar mung merem kaya wong
turu, Adit banjur nindakke niate sing elek. Nganti sak wengi utoh Adit kaping
papat anggone ngrudapaksa Putri. Wis wayah esuk Putri lagi bisa tangi lan
sadar, kaget ora karuan awake mung ketutupan selimut, pakaiane kabeh mblader
ning jogan keramik.
|
||
Putri
|
:
|
“
( nangis asek-aseken kaget ) ya Allah gusti, aku kok isa ning kene, aku kok
.... klambiku ...pakaianku..oh hhhh. Awakku lara kabeh.”
|
Sawetara
wektu Putri sedih ngerteni kahanane, sak wise rada suda rasa sedihe putri
mulih mbali ning kos-kosan. Banjur bablas ning kampus, arep nggolekki Adit.
|
||
Putri
|
:
|
“
Des,..awakmu ngerti Adit ana ing ngendi?”
|
Desy
|
;
|
“
ora put, lha ana apa toh Put?”
|
Putri
|
:
|
“
Ora ana apa-apa Des, ora apa-apa kok.”
|
Desy
|
:
|
“
oohh ya wis nek ngono.”
|
Putri neruske nggoleki Adit, ning
kanti ora ana, banjur munggah ning balkone kampus, Putri weruh Adit lagi
lungguh dhewekan.
|
||
Putri
|
:
|
“
Adit , aku arep takon?” aku mbuk apakke sawise mangan mau bengi, aku mung
eling sak bare mangan sirahku krasa ngelu, banju ora eling nganti tekan esuk .
|
Adit
|
:
|
“
Lha terus karepmu ki apa?”
|
Putri
|
:
|
“Wis
to. Kowe ora usah selak, jujur wae yen kowe lanang tenan.”
|
Adit
|
:
|
“
Ya wis , tak akoni aku wis njupuk kasucenmu, aku ora lila yen wong liya nganti
ndhisiki.”
|
Putri
|
:
|
“
oalah Dit, terus karepmu ki apa, hee,,?”
|
Adit
|
:
|
“lha
terus karepmu apa?”
|
Putri
|
:
|
“yen
nganti aku meteng kowe kudu tanggung jawab.”
|
Adit
|
“hee...apa
tanggung jawab, mohh, wegah aku kowe kuwi sapa?”
|
|
Putri
|
:
|
“lohh
aku iki pacarmu..”
|
Adit
|
Jare
sapa, ...aku durung tau ngomong yen aku seneng kowe, aku durung nembak kowe
Put.” ( karo lunga )
|
|
Baca juga : naskah drama 6 orang dengan tema budaya
Putri
mung meneng ngrasake sedih atine, nanging apa sing dirasakke mung disimpen.
Nganti nganti 2 wulan katon tanda-tanda yen Putri meteng.
Putri
di panggil Dosen
|
||
Dosen
|
:
|
“Put,
bapak krungu kabar saka kanca-kancamu yen awakmu meteng, bener?”
|
Putri
|
:
|
“
Nyuwun ngapunten nggih pak, kula nembe kirang sehat.”
|
Dosen
|
:
|
“
Jawaben sing jujur, awakmu meteng ya?”
|
Putri
|
:
|
“(
nangis asek-aseken ) injeh pak, kula ngandut sampun 2 wulan.”
|
Dosen
|
:
|
“Astaghfirullahaladzim,
Put, kok kaya ngene nduk, kowe mahasiswa sing pinter, sapa nduk sing wis tega
karo kowe.”
|
Putri
|
:
|
“Sampun
Pak, niki mpun dados nasibe kula, kahanan kula badhe kula sandhang piyambak,
kula mboten badhe matur sinten tiyange.”
|
Dosen
|
:
|
“Lha
terus piye yen wis kaya ngene iki nduk?”
|
Putri
|
:
|
“Kula,
badhe mundur saking Universitas niki, kula ajeng medal mawon, kula mboten
kiyat nyandang kahanan kula teng mriki, kula wirangPak.”
|
Dosen
|
:
|
“Bapak
ora bisa nggondheli yen kuwi eis dadi mantebing atimu. Bapak mung bisa
ndongake muga-muga awakmu bisa tentrem, lan kuwat ngadhepi cobaning uripmu.”
|
Putri
metu saka kampus, neruske uripe mulih menyang kampunge. Ana ing kampunge
Putri Mbuka usaha toko klambi cilik-cilikan nyambi nampa jahitan.
Kira
–kira setahun Adit sing wis ngrumangsani salahe nggolekki Putri ning
kampunge. Awan kuwi Putri lagi njahit ana ing teras omahe karo ngedhepi
kiose. Adit sing dikancani Desy kasil nemokake omahe Putri.
|
||
Desy
|
:
|
“(
mbengok karo mlayu nyedhaki Putri ) Putri.....”
|
Putri
|
:
|
“(kaget
) ehh Desy, kok rene ana apa Des?”
|
Desy
|
:
|
“Syukur
alhamdulillah Put, saiki wis bisa nemokke omahmu, wis setahun sak wise kowe
metu saka kampus Adit karo aku nggoleki kowe. Kae adit arep ngomong penting .”
|
Adit
|
:
|
“
( Nyedhaki Putri )Put, aku ngakoni salahku, aku wis ngrusak uripmu, aku wis
tega ninggalke awakmu nalika kowe berjuang ngadhepi kahanan sing wis tak
lakoni.Saiki aku sagoh tanggung jawab, aku arep mbangun omah-omah karo
awakmu.”
|
Putri
|
:
|
“(meneng
mikir karo ngalamun ) “
|
Adit
|
:
|
“
Piye Put, awakmu gelem nampa kesalahanku, gelem nampa awakku?”
|
Putri
|
:
|
“Iya
Dit, aku gelem. ( Putri mlebu omah banjur metu maneh nggawa bayi umur 1 wulan,
lan ngulungke bayi kuwi karo Adit), iki anakmu wedok jenenge Salsabila Az
Zahra.”
|
Adit
|
:
|
“(nampani
bayi banjur di pondong) Duh Gusti, ayumen anakku, lucu ne( adit ngudang bayi
kuwi ), anake sapa iki? Aku bapakmu nduk cah ayu, bapakmu wis teka.”
|
Adit,
lan Putri banjur matur marang Bapak lan simboke. Sak minggu sak wise kuwi
Adit lan Putri nikahan, urip tentrem ana ing kana.
|
||
Tamat
Itulah drama bertema pergaulan remaja, dengan judul Sepira gedhening sengsara yen tinampa amung dadi coba.mudah-mudahan bisa dijadikan referensi, dan bermanfaat bagi pembaca yang budiman semua.
Rahayu
| ||
Showing posts with label Naskah Drama. Show all posts
Showing posts with label Naskah Drama. Show all posts
Sepira Gedhene Sengsara Yen Tinampa Amung Dadi Coba ( Naskah Drama Remaja Bahasa Jawa Sangat Menyentuh Hati )
Tags
Naskah Drama
saya orang jawa biasa, melalui blog ini ingin belajar dan melestarikan budaya jawa. semoga dengan blog saya ini saya dan pembaca tercinta bisa terus menjadi orang jawa yang njowo.
Naskah Drama Bahasa Jawa Asal usul Danau Toba
Para Paraga :
- Toba
- Samosir
- Sang Putri
- Simbok Toba
- Wong Wadon 1
- Wong Wadon 2
- Warga 1
- Warga 2
- Swara Ghaib
- Narator
Ana ing salah sawijining desa ing tlatah Sumatra, ning kono ana petani lan Ibune, petani mau arane Toba. Sawijining wengi , Toba nalika dheweke lagi turu, dumadakan ngimpi ala banget, ana ing ngimpi kuwi Toba di tubruk macan. Toba langsung tangi nglilir, nalika isih ngalamun mikirke apa artine ngimpine kuwi, Toba krungu simboke lagi watuk-watuk lan sesek ambegane. Age-age Toba mlebu kamare simboke.
Toba : " Simbok.....simbok, Simbok gene?"
Simbok : " Le ..Toba anakku lanang, kowe ra usah kuwatir simbokmu iki mung watuk karo sesek ambegan kaya biasane."
Narator : Watuk lan seseg ambegane simboke Toba sansaya nemen, watuke nganti ngetokke getih.
Toba : " Ora Mbok, Simbok mesthi lara banget."
Simbok :" Le, tulong jupukke banyu, iki napase simbok sesek banget."
Toba : " Inggih Mbok, ( karo nggowo banyu ngombe ) Niki mbok."
Simbok : " Thole Toba anakku lanang, simbok wis ora kuat mbok menawa wis wayahe ibu mati."
Toba : " Mbookk, aja ninggal Toba dhewekkan Mbok."
Simbok : " Le kowe mesthi iso urip tanpo simbok, kowe bocah sing kuat,? Kowe bocah sing paling kendel. Urip sing apik yo le." ( Simbokke Toba banjur ninggal )
Narator ; Saiki Toba urip dhewekkan tanpa rewang, Toba dadi petani sing ulet lan sregep sahingga sawahe tambah ombo. Sawijining esuk Toba lunga menyang kali saperlu mancing.
Toba : "Ya Allah, moga-moga dina iki aku oleh iwak sing gedhe." ( mengkono dongane Toba nalika arep mancing )
Narator : " Ora suwe sak wise Toba nguncalke pancinge ana ing banyu, pancinge katon obah-obah. Cepet-cepet Toba nggeret tali pancinge."
Toba : " Matur Nuwun Ya Allah panjenengan sampun kepareng paring ulam ingkang ageng sanget, lan ulam menika indah sangett." Sisike rupane abang cemlorot koyo emas. Mesti enka lan gurih yen iwak iki tak nggo lawuh mangan.
Narator : Toba banjur golek kayu kanggo mbakar iwak hasil olehe mancing ana ing kali. Iwakke disimpen ana ing kendil di dokok pawon banjur dhewekke karep lunga golek kayu. Dumadakkan iwak mau malih rupa dadi kenya sing ayu banget. Toba kaget nalika balik karo nggawa kayu kanggo mbakar iwak mau. Iwak sing ning pawon wis ora ana.
Toba : "Waduh, iwakku sing gedhe lan apik rupane kok ilang, apa di pangan kucing?"
Narator : Lagi bingung golekki iwake Toba krungu ana swara wanita .
Putri : "Sik, kowe aja mangan aku, aku gelem ngancani uripmu yen kowe ora mangan aku."
Toba : "sapa sing cauran kuwi, ?"
Putri : " Aja wedi kisanak, sak temene aku iki manungsa ora beda karo kowe. Aku banget matur nuwun marang kowe, marga aku wis kebuden marang kowe.". Mangertio yen sak benere aku putri sing di sabda dening dewa, lan kisanak sing wis gelem aweh pitulungan, lan minangka gantine aku gelem suwita marang sliramu, aku gelem dadi bojomu.
Toba : " Apa bener apa kang dadi kandhamu,?"
Putri : "Bener, aku gelem dadi bojomu."
Toba : "Jenengku Toba, yen ngono age-age aku bakal wara-wara yen kowe saiki dadi bojoku."
Putri : "Sik, sak durung aku nduweni penjaluk, siji wae penjalukku tulong aja nganti kowe nyritakke asal usulku, yen sak benere aku iki iwak, sebab yen nganti ana sing mangerteni kang mangka bakal kedadean prahara gedhe kang bakal tumiba ing desa iki."
Toba : " OO, ya wis nek ngono aku sanggup, aja kuwatir."
Baca Juga : Cerita legenda Danau Toba Bahasa Jawa
Narator : Nalikane para warga mangerteni yen Toba wis nduweni bojo sing ayu, banget , akeh saka warga desa sing ora seneng marang bojone Toba.Luwih-luwih wong wadon .
Wong Wadon 1: " Yu, kowe wis reti durung yen si Toba saikine wis duwe bojo, ?Ayu tenan lho bojone toba.
Wong wadon : " hallahhh, palingo wong wadon ayu kuwi di pelet karo toba, ben gelem dadi bojone ....nek ora apa ya ana to, sing gelem karo Toba joko Ngurak. "
Wong Wadon 1 : " OO, iya ya paling ya ngono, pintermen kowe yu,"
Wong Wadon 2 : " Wis-wis , ayo gek ngaleh aku wegah ndelengke. "
Narator : " Putri krungu apa sing di gunemke wong sing ana ning desane, putri ora nggagas lan tetep mantep dadi bojone Toba, pria sing wis nylametake uripe. Senajan akeh reridu sak jeroning urip bebrayan karo Toba, nanging bisa kalewati kanthi lulus raharja. Setahun omah-omah Toba lan Putri oleh kabagjan amarga lahire jabang bayi. Jabang bayi lanang kang di kei aran Samosir. Samosir bocah sing kuat lan prakosa, nanging nduweni adat sing ora lumrah, ora pernah nalika mangan senajan wis mangan sing akeh banget, Samosir uga nakal marga ora gelem biyantu marang wong tua lorone.
Toba : "Bu, aku arep mangan wetengku ngelih banget, ."
Putri : " Ning meja pak, mau wis tak siapke, wah...............kok wis ntek resik. Samosir ndi sega kanggo bapakmu kok ora ana."
Samosir : " wis tak entekke bu, aku pengen cepet gedhe , dadi manganku ya kudu akeh lan ora kena tandang gawe.Jane ki ya jek ngelih ning panganane wis entek, ya wis lah aku pe dolalan wae."
Naratoer : "Toba jek bisa sabar, marga kepiye wae Samosir senajan nakal kaya apa anakke dhewe. Ananging Samosir nakale wis kebangeten, nuju kenakalane Toba nganti kelangan kesabarane.
Putri : " Samosir ewangana ibu, le anakku lanang."
Samosir : " Ewamgi apa bu, Samosir lagi wae dolanan iki lho bu. ".
Putri : "Wis ,.........leren sedhelok wae, ta. Iki Sega gawakna kanggo bapakmu sing lagi ana ing sawah, mesake wis awan iki bapakmu mesti wis ngelih."
Samosir : " Ibu lagi masak, durung rampung iki masakke kanggo kowe. Wis ndang cepet di terke menyang sawah kana. Mengko Bapak nesu."
Samosir : " Ahh ibu ki ngregoni wae, ya wis lah gawa rene, ndi segane."
Narator : " Ya wis marga ora niat ngeterke sega kanggo bapake, ana ing tengah dalan Samosir mangan sega sing kudune di terka kanggo bapakee ning sawah."
Samosir : " aduhhh, keselmen ya awakku mlaku menyang sawah ,...ya wis lah tekan kene wae luwih becik tak pangan sega iki wae."
Narator : 'Sega sing kanggo bapake kui, ora krasa wis entek tanpa sisa dipangan dening Samosir, sak banjure tanpa dosa Samosir mangkat mulih teka omah banjur dolanan maneh.Toba sing ning sawah kepanasan lan krasa luwe, banjur niat mulih arep mangan."
Sawise tekan omah.
Toba : " Waahh, ngelih banget wetengku, mesti enak banget mangan masakane bojoku."
Toba : "(mbuka tutup Sega) ", Samosir! Iki masakane Ibu mu nandi, kabeh kok ora ana!"Ning sawah ya ora ana, ning omah ya ora ana.
Samosir : " Wis entek Pak, jatah sing kanggo Bapak wis tak pangan entek ning dalan, aku mau luwe pak,".Terus sing ning omah ya wis entek lagi wae tak pangan.
Toba : "Dasar anak iwak., Jan rakus tenan kowe!" ( nggetak karo getem-getem)
Narator : Krungu ucapane Bapake Samosir kaget banjur nangis lan mlayu marang ibuke sing lagi ramban ning kebon mburi omah.
Putri :"thole, anakku lanang, geneo kowe nangis?"
Samosir : "Ibu, ....apa bener aku iki anak iwak, bener ora ta bu?"
Putri : " Sapa sing ngomongi kowe thole, ?" ( Kaget )
Samosir : " (meneng karo asek-aseken)
Putri : "Jawab Thole ?"
Samosir : "Bapak bu, Bapak ngomong yen sak benere aku iki anak iwak, mula saka kuwi aku rakus kaya Iwak, Apa bener ta bu, ? Bapak ngapusi ya Bu?"
Putri : (meneng , njur netes eluh saka mripate) "Bbee..... ner Samosir, Bapakmu bener banget. Ibumu iki sak benere mung iwak sak durung dadi bojone Bapakmu.".
Putri : "Wis saiki ora usah nggatekna omongane bapakmu, gek ndang age mlayu munggah gumuk sing dhuwur kae, lan kowe kudu menek wit sing paling dhuwur ning pucuke gumuk kuwi."
Samosir : "nggeh bu, "
Narator : dumadakan, ana swara metu saka langit.
Swara Ghaib : "Huuuuahhhaaaaaa, putri bojomu wis mblenjani janjine, saiki kowe wis ora bisa urip ning bumi iki, Kowe kudu ninggalake bumi iki, kowe kudu mbalik ning panggonan asalmu lan mbalik dadi iwak. Kowe wis ora duwe hak urip ning kene cepet kowe lunga ning kali."
narator : sak wise krungu swara kuwi Putri lan Samosir, ilang. Langit malih peteng ndendet lan udan deres bareng karo bledeg gedhe banget.
Warga 1 : "ana apa iki?"
Warga 2 : " Embuh aku ora weruh"
Warga 1 : " Ora lumrahe udan deres kaya ngene iki ?'
Warga 2 : " Udane deres banget iki, desa bakal klelep marga kaline amber . ya wis ayo padha nylametke awakke dhewe-dhewe."
Warga 1 : "ayo...ayo.."
Narator : Rampunge crita, udan gedhe kuwi nglelepke desa, Putri sing ngilang wis malih dadi iwak sing gedhe. Toba ora bisa nylametake awake dhewe, klelep mati ning akehe banyu. Saya suwe ambere banyu saya amba lan malih dadi telaga sing gedhe. Ramene jaman telaga kuwi di arani Telaga Toba utawa Danau Toba, lan ana gumuk cilik sing ning tengahe di arani Pulau Samosir.
Cukup sakmene drama bahasa Jawa Asal usule Telaga Toba, muga-muga bisa manfaat, kanggo para sing maca. Matur nuwun.

Subscribe to:
Posts (Atom)