Showing posts with label cerita jawa. Show all posts
Showing posts with label cerita jawa. Show all posts

Crita Bahasa Jawa Jaka Kendhil Rabi

Crita Bahasa Jawa Jaka Kendhil Rabi

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2019/12/crita-bahasa-jawa-jaka-kendhil-rabi.ht

JAKA KENDHIL RABI
Ana ing salah sawijineng desa kang aran Dhadhapan, ana kaluwarga sing isine simbok randha lan anak lanange siji. Anake lanang sombok randha ala banget mula awake cendhek kaya kendil, mula diarani Jaka Kendhil. Jaka Kendhil sak benere ora anak kandhunge mbok randha, nanging Putra Raja Kedhaton Ngambar Arum kang aran Raja Asmawikana, ananging marga kena sihir saka selir Dewi Dursilawati sing ora seneng banjur malih wujud dadi kendhil nalika lahire.

Salah sawijineng dina ing Dhadhapan ana wong sing lagi duwe gawe, rame banget swarane marga olehe nduwe gawe nanggap wayang dhalang kondhang. Saka ramene swara gamelane keprungu nganti teka omahe simbok randha. Jaka Kendhil sing krungu swarane gamelan, atine adreng karep nonton. Jaka Kendhil banjur pamit marang simboke  arep mangkat nonton wayang.
"Mbok, Jaka jaluk pamit arep nonton wayang  ya mbok, ? pamite Jaka Kendhil.
"Iya le anakku Jaka Kendhil, budhalo sing ati-ati ya." jawabe simbok.
Ora suwe Jaka Kendhil teka ana ing panggonan sing duwe gawe, Jaka Kendhil njujuk ana ing pawon. Ing pawon akeh ibu-ibu sing padha masak olah-olah kanggo keperluan sing duwe gawe, lagi golek waddah marga kentekan wadhah. Bareng weruh ana kendil banjur salah sijine muni mangkene, 
"Lho, lha iki kok ana kendhil anyar, nak ngono iki wae sing kanggo wadhah iwak dhendheng ragi kuwi, ? unine wong mau.
"Iya kepeneran, iku wae yu, tinimbang ora ana wadhahe, " jawabe wong wadon liyane.

Kendhil sing sak benere Jaka Kendhil mau banjur diiseni iwak dhendheng ragi nganti  kebak menceb-menceb. Bareng wis suwe, anggone nonton wayang Jaka Kendhil krasa sayah banjur mulih ngomahe. Sak tekane ing ngomahe iwak mau diwenehake marang simboke. Simbok randha nesu, Jaka Kendhil disrengeni, dikira nyolong, nanging amarga ora rumangsa nyolong jaka Kendhil wangsulan.
"Lha kepiya ta, mbok, wong wetengku selak sebah, kok isine ora ndang dijupuk, dadi Jaka banjur mulih iki, "wangsulane Jaka Kendhil marang simboke.
"Wis,  wiwit dina iki kowe ora kena lunga-lunga, mundhak dibencet wong sing padha olah-olah mau." kandhane simbok marang Jaka Kendhil. 
Mesthine sak pungkurmu saka tontonan wayang mau banjur padha alok kelangan." simbok kandha maneh. Jaka Kendhil mung manut apa kang dikandhaake simboke, dhewekke ora lunga-lunga saka omah. 

Sak wise ngancik dewasa Jaka Kendhil ngubel marang simboke njaluk rabi marang putri raja Seberang. Simboke dikon nglamaraake. Bot-bote nuruti kekarepane anake lanang siji-sijine sing banget ditresnani Mbok randha mangkat menyang kraton nuruti penjaluke Jaka Kendhil.  
Simbok Randha lan Jaka Kendhil wis tekan kraton lan kelakon marak marang Sang Nata., Mbok randha ngaturake apa kang dadi perlune. Sang Nata ndangu putrine kang pembareb asmane Dewi Kenanga. Ature sang putri nyerikke atine simbok, wose ora gelem yen dadi garwane Jaka Kendhil. Sang Nata raja Seberang banjur nari putrine sing nomer loro, asma Dewi Menur. Ature Dwi Menur ora beda karo mbakyune. Sang Prabu banjur nari putrine kang wuragil aran Dewi Mlathi, ora nyana Dewi Mlathi nampa lamarane lan gelem digarwa dening Jaka Kendhil..

Ananging  sang Nata rumangsa getun keduwung dene ndadak nari putri-putrine. Banjur golek cara supaya ora klakkon besanan karo Mbok Randha Dhadhapan.
"Nyai randha Dhadhapan, anaku wuragil yaiku  Dewi Mlathi wis nampa panglamarmu, ateges gelem digarwa dening anakmu si Jaka Kendhil.Ananging aku minangka ramane Dewi Mlathi nduweni kekudangan. Mbesuk dhauping pengantin, diarak gamelan lokananta kang nabuh para dewa, kembar mayang dewa ndaru, waringin kang awoh brondhong, gedhang emas kang apupus cindhe, ati tengu kang gedhene sawungkul, pitik trondhol kang gedhene sagubug penceng. menawa kowe ora bisa mujudi apa kang dadi penjalukku mau, anakmu ya si Jaka Kendhil ora sido dhaup karo putriku Dewi Mlathi, dene kanggo mujudake penjalukku mau sliramu tak wangeni patang puluh dina." ngendikane Sang Nata. marang simbok randha.
"Injih , sinuwun sang Parbu, nyuwun berkah pangestu mugi-mugi kula saged minangkani menapa ingkang dados panywun lan kekudangan panjenengan, " ature simbok randha.

 Simbok randha lan Jaka Kendhil mundur saka ngarsane Sang Nata, nuli mulih ing Dhadhapan. Sadalan-dalan tansah nangis mikirake apa kang dadi panyuwune Sang Nata. 
"Thole anakku Jaka Kendhil, temen abot kang dadi panyuwune Sang Nata, amrih kowe bisa dhapu marang putri Dewi Mlathi, ? kandhane simbok .
"Leres mbok, nanging kula badhe muja, semedi, ngeningake cipta, nutupi babahan hawa sanga, nyuwun marang ngarsane kang akarya jagad. Amarga wis dadi pestine panyuwune Jaka Kendhil katrima dening dewa, dewa nyanggupi apa kang dadi panyuwune.

Wus titimangsa patang puluh dina, dina sing diarep-arep dina pangaraking pengantin wis teka. Jaka Kendhil  numpak jaran sembrani diarak dening para dewa. Sasrahane mlaku ana ing ngarep, dhauping pengantin kanthi pahargyan gedhe.

Dewi Kenanga lan Dewi menur tansah moyoki adike sing bakal dhaup karo Jaka Kendhil.
"Dhiajeng Mlathi, sliramu ki putri ayu, kudune ya oleh garwa satriya sing gagah, bagus lan alus, ora kaya Jaka Kendhil kuwi ," ngendikane Dewi kenanga mbebeda marang adhika.
"Iya Dhiajeng sliramu ki kepiye ta, kok ya gelem nampa panglamare Jaka Kendhil, " pitakone Dewi Menur.
"Kakang mbok, Dewi Kenanga lan Dewi Menur, mbok menawa iki wis dadi pepesthenku, aku wis mantep dedhaupan kaliyan kakang mas Jaka Kendhil," jawabe Dewi Mlathi marang mbakyune.
Adicara panggih pengantin  kaleksanan, purwa madya lan wasana paripurna kanthi nir baya nirwikara. Banjur Jaka Kendhil lungguh ing papan palenggahan. Dumadakkan Jaka Kendhil malih rupa dadi satriya bagus, awake gagah. Kabeh padha kaget, mangerteni Jaka Kendhil ilang dadi satriya.
"Mangertia garwaku, Dewi Mlathi aku iki sak benere pangeran saka Ngambar Arum putra Nata Prabu Asmawikana, ya mung sabab sihire selir Dewi Dursilawati aku dadi wujud kendhil. Mula aku matur nuwun banget marang sliramu dene wis gelem dhaup karo aku.

Dewi Mlathi bungah banget dhaup marang Jaka Kendhil sak banjure diboyong ing Kedhaton  Ngambar Arum lan sak sedane Prabu Asmawikana dadi Raja lan Ratu ing kana.




Cerita Bahasa Jawa Asal usul candi Prambanan Paling Bagus

Cerita Bahasa Jawa Asal usul candi Prambanan Paling Bagus

Candi Prambanan atau juga dikenal dengan Candi Roro Jonggrang, terletak Perbatasan antara Porvinsi DI yogyakarta dan Jawa Tengah, tepatnya di desa Bokoharjo, kecamatan Prambanan Kabupaten Sleman Provinsi DI Yogyakarta dan  di desa Tlogo Kecamatan Prambanan Kabupaten Klaten Jawa Tengah. Candi Prambanan merupakan kompleks candi Hindu yang terbesar di Indonesia. Candi Prambanan di bangun pada abad ke-9 Masehi tepatnya pada tahun 850 Masehi oleh Rakai Pikatan.
Candi Prambanan termasuk Situs Warisan Dunia UNESCO, bentuk candi utama yang menjulang tinggi  ramping mencapai ketingian 47 meter ditengah gugusan candi yang lebih kecil yang jumlahnya ratusan. Menurut cerita legenda candi ini berjumlah  999 dan 1 lagi merupakan patung Roro Jongrang sehingga lengkap menjadi 1000 buah candi.
Berikut ini adalah cerita singkat  Legenda tentang terciptanya Candi Prambanan dengan Bahasa Jawa.


Rikala jaman mbiyen, ana negara gedhe kang dipimpin dening Prabu Baka. Prambanan negara sing makmur, gemah ripah loh jinawi rakyate tansah rukun lan ayem tentrem. Negara-negara ing sandinge uga tundhuk marang negara Prambanan.
Sawetara kuwi  ing tlatah liyane ana negara kang aran Pengging, sing ora kalah gedhene. Negara Pengging iki dipimpin karo  Prabu Damarmaya, Raja sing sekti mandraguna ananging duwe watak jumawa lan srakah. Raja Pengging nduweni satriya gagah prakosa kang aran Bondowoso. Bondowoso duwe gaman kang ngedap-edapi yaiku arane Bandung, mula saka kuwi Bondowoso uga diarani Bandung Bondowoso. Sak liyane gaman sing sekti Bandung Bondowoso uga nduweni wadya bala Jin. Wadya bala jin iki minangka piandele kanggo ngasorke mungsuh nalika ing paperangan, lan uga piandel kanggo wujudake apa kang dikarepake.

Sawijining dina, Prabu Damarmaya ngutus marang Bandung Bondowoso supaya ngluruk negara Prambanan. Bandung Bondowoso satriya sing mituhu marang ramane, budhal menyang Prambanan karo nggawa wadya bala jin.
Sawise teka ing Prambanan, Prabu Baka lan prajurite kocar-kacir amarga ora siaga yen bakal ana mungsuh teka. Prajurit Prambanan akeh sing mati prasasat ora ana sisa, klebu rajane Prabu Baka uga seda. Pungkasane Bandung Bondowoso kasil ngrebut negara Prambanan.
Krungu kabar asore negara Prambanan Prabu Damarmaya rumangsa bungah lan bombong marang putrane, negara Prambanan sak isine dipasrahke marang Bandung Bondowoso.

Rikala Bandung Bondowoso arep nglenggahi kraton Prambanan, dheweke weruh wong wadon kang ayu banget. Ora liya kenya ayu kuwi putrine Prabu Baka kang aran Roro Jonggrang. Kepincut marang ayune, Bandung Bondowoso karep nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, nduk cah ayu, apa gelem sliramu dadi Ratuku ning negara kene?" mengkana pitakone Bandung Bondowoso marang Roro Jonggrang.
Krungu pitakon kaya ngono Roro Jonggrang meneng amarga bingung. Dhewekke gething banget ndelengke Bandung Bondowoso, wong sing wis mateni wong tuane sing banget di tresnsni. nanging dhewekke uga wedi yen kudu nolak apa sing dikarepake. Wasana sakwise Roro Jonggrang mikir banjur, nemokke cara supaya Bandung Bondowoso ora kasil ndadekake bojo.
"Ya wis Bandung, aku gelem dadi garwamu nanging aku duwe penjaluk sing kudu mbok turuti sak durungi kuwi,"jawabe Roro Jonggrang
"Apa kang dadi penjalukanmu cah ayu, ? pitakone Bandung Bondowoso.
"Aku njaluk supaya sliramu gawe  candi cacahe, lan uga sumur cacah lara, ana ing wektu sak wengi, " jawabe Roro Jonggrang
Ilustrasi Roro Jonggrang.Sumber : https://cdna.artstation.com/

Krungu penjaluke Roro Jonggrang, Bandung Bondowoso nyanggupi lan ora rumangsa kabotan marga dhewekke nduweni wadya bala jin banget akehe. Gawe candi cacah sewu mung dianggep sepele dening Banding Bondowoso.
Sak wise wengi,Bandung Bondowoso nglumpukake kabeh Jin wadya balane. Ora ngenteni suwe kabeh jin wis padha nglumpuk. Sak wise entuk prentah saka Bandung Bondowoso, kabeh wadya bala jin banjur gawe candi cacah sewu lan sumur cacah lara kanthi cepet banget.
Ngerteni cepete anggone Bandung Bondowoso lan wadya balane mbangun candi, Roro Jonggrang rumangsa wedi, kabeh candi wis kasil di gawe kabeh mung kurang telu, sumur wis rampung siji, kurang siji maneh sumur sing durung rampung.
Roro jonggrang golek upaya amrih dhewekke ora kasil dhaup karo Bandung Bondowoso. Kepiye carane supaya candi lan sumur kuwi ora bisa dadi. Ing wasana Roro Jonggrang nduweni panemu, dhewekke bakal gawe swasana supaya bengi katon esuk, marga yen wis esuk mesthi bakal mlayu wedi karo srengenge.
Roro Jonggrang banjur lunga, nglumpukke para emban sing ana ning jero keraton Prambanan. Para emban dikongkon ngobong dami, lan apa wae supaya padang. Sing liyane dikongkon nabuh lesung lan nyebarke kembang sing ambune wangi.
Para emban sendika dhawuh marang apa kang di prentahke putri Roro Jonggrang age-age pada ngobong dami. Ora suwe saka kuwi langit katon abang, lesung uga ditabuh. Ambune kembang sing disebar nganda tekan endi-endi lan pitik jago pada kluruk saut-sautan.
Sawetara kuwi weruh langit abang mbranang, unine lesung sing tabuh lan ambune kembang sing semerbak wangi, wadya bala jin prajurite Bandung Bondowoso pada lunga ninggalke penggaweane. Kabeh pada mikir yen wis parak esuk banjur padha mlayu lunga.
Bandung Bondowoso nesu weruh para wadya balane pada lunga lan ngomong.
"Haii ... kabeh jin prajuritku, iki isih wengi durung esuk. Ayo mbalikko rampungke anggone gawe candi iki!"
Bandung Bondowoso menging supaya prajurite ora lunga lan ngrampungke apa sing dhawuhke marga dina isih wengi durung esuk. Kabeh mung pokale Roro Jonggrang sing gawe kahanan kaya kuwi. Nanging wadya bala jin tetep lunga ora ngendahke apa sing diomongke Bandung Bondowoso. Dhewekke getem-getem, gelem ora gelem kudu ngrampungke gawe candi sing kurang sithik maneh. Ananging sakdurunge kasil mbangun sisa candi, dina wis kadung esuk. Bandung Bondowoso ora kasil nuruti apa penjaluke Roro Jonggrang supaya bisa dhaup karo putri Prabu Baka.

Kosok baline Roro Jonggrang bungah marag Bandung Bondowoso ora kasil nggawe candi cacah sewu lan sumur cacah loro.
"He ....Bandung Bondowoso, sliramu ora bisa nuruti apa sing dadi penjalukku, ateges sliramu ora bisa ndadekake aku garwamu." menkono ujare Roro Jonggrang.
Bandung Bondowoso nesu krungu apa kang diucapake Roro Jonggrang. Getem-getem gregeten dheweke bengok.
"Roro Jonggrang, kowe urik. Ya marga saka pokal gawemu aku ora kasil anggonku mbangun candi lan sumur. Delengen candi iki wis cacah sangaatus sangangpuluh sanga, kari kurang siji. Mula saka kuwi supaya jangkep dadi sewu, sliramu sing tak sabda dadi reca!!" bengoke Bandung Bondowoso seru banget.
Ing wasana Roro Jonggrang disabda dadi reca, nggunakke kasektene. Saiki candi wis jangkep dadi sewu kaya sing dikarepake Roro Joggrang.Reca Roro Jonggrang manggon ing tengahe candi sing akeh lan di arani  candi sewu.
*****
Demikianlah cerita legenda asal usul Candi prambanan. Sampai saat ini Arca Roro Jonggrang masih ada diantara Candi Prambanan. 
Terima kasih telah mampir di blog ini, silahkan berkomentar apabila ada kekurangan dalam cerita ini, jangan lupa share di media sosial para pembaca yang budiman.
Rahayu.

Legenda Asal Mula Danau Toba dalam Bahasa Jawa

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2019/08/legenda-asal-mula-danau-toba-dalam.html

Cerita legenda bahasa jawa Mula Bukane Danau Toba

Rikala jaman samana, ing tlatah Sumatera urip pawongan petani sing sing aran Toba. Toba iki wong sing sregep banget anggone tandhang gawe. Dheweke urip dhewe tanpa rewang. Saben dina dheweke tandhang gawe nggarap sawah lan golek iwak. Pegawaian iki dilakoni dheweke kanggo nyukupi kebutuhane urip saben dina.

Ana ing sawijining dina Toba lunga menyang kali neng cedhak omahe, dheweke nduwe pangarah nggoleki iwak kanggo lawuh dina iki. Kanthi mung nggawa  pancing siji, pakan lan panggon iwak, dhewek banjur mangkat menyang kali. Sakwise tekan ana neng kali, Toba banjur nguncalke pancinge. Karo nunggu pancinge  dipangan iwak, Toba ndonga, “Duh  Allah gusti pangeran kula, muga-muga saged pikantuk ulam ingkang kathah dinten menika”. Sawektara wektu sakwise ndonga, pancing sing di uncalke banjur katon obah-obah. Dheweke cepet nggeret pancinge. Toba mau bungah  banget, amarga iwak sing dioleh dheweke gedhe banget.

Sakwise sawentara wektu mandengi iwak olehe nangkep, Toba kuwi kaget banget. Jebulane iwak sing ditangkep kuwi bisa ngomong. “tulung aku aja dipangan pak!! Aku kepengen urip”, bengok iwak kuwi. Tanpa akeh takon, iwak tangkepane kuwi banjur dibalekne menjero banyu meneh. Sakwise mbalekne iwak menjero banyu, Toba tambah kaget, amarga dumadakan iwak kesebut ngowah dadi wong wadon sing ayu banget.

 “Aja wedi pak, aku ora arep nglarani kowe”, tembung si iwak.
 “Sapa kowe iki? ,mengkono pitakone Toba  marang wong wadon ayu kuwi.
“mangertio pak tani putri sing di sabda dadi iwak, amarga nglanggar aturan keraton”, jawab wong wadon kuwi. “Matur nuwun dene kowe wis ngluwarake aku saka wawejudanku iwak  kuwi, lan dadi imbalannya aku gelem kok dadekne bojo”, tembung wedok kuwi.
Toba sarujuk, lan sak banjure petani lan putri banjur omah-omah. Nanging ana siji piwelinge putri marang Toba, yoiku, yen sak lawase ore kena nyritaake yen sak benere asal usule putri mau saka iwak.. Yen nganti siji kuwi Toba wani blenjani bakal ana prahara seng ngedap-edapi.

Sawetara suwe Toba lan putri omah-omah, saiki wis tambah kabagyan amarga olehe omah-omah wis oleh momongan. Sang putri nglahirake jabang bayi lanang sing dijenengi Samosir. Samosir dadi bocah lanang sing bagus banget lan gagah prakosa. Nanging Samosir nduweni sing ora lumrah, yaiku wetenge tansah ngrasaake ngelih senajan mangan  wis entek akeh. Malah jatah kanggo bapake ugo di entekke tanpa sisa.

baca juga : cerita Jaka Tarub lan Nanamg Wulan , dan cerita Asal usul bledug kuwu

Pinuju sawijining dina, Samosir diutus ibuke ngirim panganan marang bapake sing lagi nyambut gawe ana ing sawah. Nanging Samosir malah mangan jatah sega sing kudune dikirim marang bapake kuwi mau ana ing dalan. Sak wise mangan banjur turu ana ing gubug sing ana sak pinggire dalan kuwi. Sawetara kuwi, Toba kang rumangsa ngelih ngenteni kiriman sega ora teka-teka banjur mlaku mulih niat arep mangan ana ing ngomah. Ana ing tengah dalan Toba weruh Samosir lagi turu angler ana ing gubug pinggir dalan.

" He...tangi, ! mengkono ujare Toba marang Samosir kanthi swara sig banter.
Samosir kaget banjur  tangi, " Sepurane Bapak,  Samosir keturu ning gubug iki sak wise mangan sega sing kudune tak kirim kanggo Bapak, " ujare Samosir.
Oo bocah ora nggenah, bocah edan kowe ora duwe tatakrama, nyata kowe kuwi anak "iwak" pantes yen ora duweni unggah ungguh, rakus kowe isamu mung mangan koyo iwak!! ora kelingan marga saka nesune Toba ngucapake tembung sing dadi piwelinge sang putri yoiku bojone dewe.

Samosir nangis krungu apa sing diucapake bapake, dheweke banjur mlayu mulih marang ibuke.
"Ibu...!!! Bapak kejem ibu,ujare bapak Samosir iki anak iwak,,,

Putri sing ora liya ibu e Samosir mung meneng banjur nangis, bebarengan karo kuwi langit peteng ndedet, bledek nyamber banjur udan deres banget.
Toba, eling marang apa sing dadi welinge bojone, nanging ora bisa selak marga iki wis dadi pesthi saka sing gawe urip, dhewekke mung bisa meneng nganti awake klelep ana ing akehe banyu udan. Semono ugo Samosir melu mati klelep ono ing banyu sing akeh banget nganti panggonan kuwi dadi telaga sing ombo bangete.Putri malih dadi iwak lan mlumpat ana ing banyu, mbalik dadi iwak gedhe sing urip ana ing telaga kuwi.

Telaga kang ombo lan jero kuwi di arani Telaga Toba utawa Danau Toba, wondene ing tengahe telaga ana pulau cilik arang Samosir utawa Pulau Samosir.

Mangkono crita legenda asal usule Danau Toba, muga-muga  bisa dadi manfaat kanggo sing maca tulisan ning blog iki. Mbok menawi wonten ingkang kirang , saged koment wonten ing ngandhap mriki, sumangga. Matur sembah nuwun.


Ki Ageng Tarub, Lokasi Makam dan Legenda Jaka Tarub dan Dewi Nawang Wulan Bahasa Jawa

Ki Ageng Tarub, Lokasi Makam dan Legenda Jaka Tarub dan Dewi Nawang Wulan Bahasa Jawa


MAKAM Ki Ageng Tarub ( Jaka Tarub ). Letak makam berada di Desa Tarub, Kecamatan Tawangharjo ± 10 km dari Kabupaten Grobogan. Adapun adanya Ki Ageng Tarub adalah merupakan suatu karomah dari Allah yang diberikan kepada Syeh Maulana Maghribi dengan Dewi Telangkas (Nona Telangkas)  putri dari kerajaan Temas ( Surabaya ) yang melahirkan Ki Ageng Tarub I ( Jaka Tarub ). Adapun karomah yang diberikan Allah kepada Ki Ageng Tarub I yaitu kawin dengan Bidadari yaitu Nawang Wulan.

Dari Dewi Nawang Wulan Ki Ageng Tarub I mempunyai putri bernama Nawang Sih. Nawang Sih dijodohkan dengan Bondan Kejawan ( Lembu Peteng ). Kemudian mempunyai putra yang diberi nama Ki Ageng Getas Pandowo (Ki Abdulloh). Bondan Kejawan bernama lain Ki Ageng Tarub II, sedang Ki Ageng Getas Pandowo diberi nama Ki Ageng Tarub III. Tempat pertapaan Bondan Kejawan (Lembu Peteng) sekarang terdapat disebelah tenggara makam Ki Ageng Tarub I, dukuhan sebelahnya dinamakan Desa Barahan. Selanjutnya Ki Ageng Tarub III (Getas Pandowo) mempunyai putri banyak dan yang terkenal adalah Ki Ageng Abdurrohman Susila (Ki Ageng Selo), yang mendapat karomah dari Allah yaitu dapat menangkap petir. Baca Juga : Cerita Ki Ageng Selo dalam Bahasa Jawa.

Dengan adanya  makam bersejarah yang berada di Desa Tarub dan juga terdapat wisata agro industri yaitu kebun belimbing maka oleh pemerintah Kabupaten Grobogan Desa Tarub ditetapkan sebagai Desa Wisata tepatnya sejak tanggal 31 Oktober 2016. Baca : Desa Tarub Di Tetapkan Jadi Desa Wisata Di Grobogan


Baiklah selanjutnya marilah kita simak cerita Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan Bahasa Jawa


Rikala semanten, wonten ing satunggaling dusun ingkang aran Tarub (wewengkon Kabupaten Grobogan ), wonten kaluwargi ingkang naminipun simbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun menika aranip Jaka Tarub, sampun ngancik dewasa. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron jati utawi ron pisang kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha Kudus. Ron menika dipunlintukaken kaliyan uwos, ugi sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten kaluwargi simbok randa boten gadhahi ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyungipun kangge kesah wonten wana saperlu mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten ngantos surup. Ananging boten ngertos dinten menika wonten menapa,sampun dangu  anggenipun mbebedag boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

Sato kewan mboten wonten satunggal punapa kemawon. Namung Jaka Tarub menika mboten nglokro piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayahipun Jaka Tarub lajeng sumene leyeh-leyeh ngantos sare angler sanget, Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana.

Ing wasana Jaka Tarub kaget, amargi kepireng suwanten tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin mangertosi swanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi swanten menika. Jaka Tarub mboten percados ingkang Jaka Tarub persani ing dalu menika. Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten swanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika nggadhahi aran Dewi Nawang Wulan.

Baca Juga : Cerita Asal Usul Bledug Kuwu Bahasa Jawa
Baca Juga : Cerita Api Abadi Mrapen Bahasa Jawa

Sak lajengipun Jaka Tarub kaleksanan nggarwa widodari kang aran Dewi Nawang  Wulan menika. Sawetara setahun sak lajengipun, wonten ing satunggaling dinten Dewi Nawang Wulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang naminipun Dewi Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged dinten menika Dewi  Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge momong Dewi Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Dewi Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa?Kekep dipun bikak, Jaka Tarub kaget, amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kasektenipun Dewi Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan .

Ing satunggaling dinten Dewi Nawang Wulan nglengkap gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Dewi Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget lan duka dateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Dewi Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Dewi Nawang Wulan pesen kaliyan Jaka Tarub mbok menawi putrinipun nangis nyuwun mimik, supados ndekek wonten ing ngajenging griya ing nduwur anjang- anjang. Lan kepureh mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan, mbok menawi kangen.

Sak lejengipun Dewi Nawang Wulan mabur menyang Kayangan. Ananging kuciwanipun sak sampunipun dugi kayangan Dewi Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Dewi Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Dewi Nawang Wulan nglalu mlumpat saking gunung merbabu wonten segara kidul, wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

Sak sampunipun Jaka Tarub dipun tilar garwanipun, piyambakipun gesang kaliyan putrinipun dewi Nawang Sih, ngantos  ngancik dewasa lan jejodhohan kaliyan Bondan Kejawan ( Lembu Peteng ) putra raja Majapahit Brawijaya V kaliyan Putri Wiring Kuning.

Crita Api Abadi Mrapen Bahasa Jawa

Api Abadi Mrapen
mrapen

Di Kabupaten Grobogan, tepatnya di desa Manggar Mas Kecamatan Godong terdapat sebuah lokasi wisata yang berupa Api Abadi. Terletak di Jalan Raya Purwodadi Semarang , 26 Km dari kota Purwodadi. 

Api abadi ini adalah peninggalan sejarah pada zaman Kesultanan Demak pada tahun 1500 - 1518 masehi.Api yang tak pernah padam walaupun turun hujan ini dipergunakan untuk kegiatan olahraga nasional maupun Internasional. Terakhir Api Abadi Mrapen ini dugunakan untuk Pesta akbar olahraga Asia yaitu Asian Games Jakarta  Palembang pada tanggal 18 Agustus sampai 2 September 2018. Acara yang dibuka oleh Presiden Joko Widodo, tersebut diikuti  45 negara dengan jumlah atlit sekitar 15.000 mempertandingkan 462 nomor dalam 40 cabang olah Raga.

Awal mula digunakannya api abadi Mrapen ini adalah pada saat pesta olahraga internasional Ganefo I tahun 1963, kemudian secara rutin digunakan untuk Pekan Olahraga Nasional ( PON ). Selain itu saat upacara hari raya Waisak juga menggunakan api Mrapen ini.

Berikut ini akan adalah cerita mengenai Api Abadi Mrapen dalam bahasa jawa.

Api Abadi Mrapen

Perjuanganipun Raden Patah ingkang dipun dukung para wali saget ngruntuhake Majapahit. Lan kanthi resmi Raden Patah dipundadosaken ingkang mengku Kesultanan Demak Bintoro ing tahun 1500-1518 Masehi
 
Saklajengipun mbangun wilayah kasultanan Demak Bintorokanthi sae sahingga, dados punjering perdagangan, pawiyatan lan panyebaran agama islam, sarta setunggal-setunggalipun pusat pamerintahan Islam ing Pulau Jawa. Kangge nyekapi sedaya kabetahan, mangka dipunboyong perkakas warisan saking Majapahit ingkang awujud pendapa dipunalih ginaaken dados serambi mesjid agung ingkang minangka gabungan budaya Islam lan Hindu Budha.
 
Pamboyongan ingkang dipun pimpin Sunan Kalijaga, katon lancar, namung  saksampunipun mlebet ing wilayah Kesultanan Bintoro Demak ( Mrapen ) katon wonten tanda-tanda ingkang nguwatiraken. Mangertosi kawontenan ingkang mboten kepenak niku Sunan Kalijaga ngutus sedaya sami mandhek, amargi sedaya para prajurit katon lesu lan lemes. Sedaya saklejengipun ngaso wonten mriku,  wonten ingkang madosi sumber toya kangge diginakaken kangge ngilangi ngelak, nanging mboten wonten  ingkang kepanggih kalian sumber toya. Sunan Kalijaga lajeng mlampah tumuju panggonan ingkang mboten tebih saking para pendherekkipun. Lajeng , nyuwun wonten ngarsa dalem  Allah SWT. Tongkat wasiat kagunganipun dipuntancepaken wonten ing siti lan ditarik maleh. Luwangan bekas tongkat iku mboten dangu lajeng nyemburake geni ( Api Abadi).
 
Ing panggonan ingkang mboten tebih saking mriku tongkat dipun tancepaken malih, saking tancepan menika mboten geni nanging semburan toya ingkang resik lan bening, sahingga saged dipun unjuk sedaya prajurit lan pendherek njeng Sunan.
 
Saksampunipun dugi wonten ing panggenan ingkang dupun tuju, perkakas ingkang dipunbekta diitung maleh lan diteliti ampun ngantos wonten ingkang ketinggalan lan ketingal. Saksampunipun dipunpangertosi wonten setunggal watu ompak ingkang ketingal. Panci leres wekdal punika wonten ingkang  badhe mendhet watu niku ing Mrapen, nanging Sunan Kalijaga mboten maringi , amarga wonten wasiatipun supados watu ompak iku mboten usah dipendhet, wonten ing sawijining masa bakal wiguna. Akhiripun sepalih saking santri Sunan Kalijaga dipun utus kangge nylametaken watu ompak wonten ing panggenan ingkang sae. Saking kasilipun perjuangan murid-muridipun Sunan Kalijaga punika wau  watu ompak sakniki moncar kanthi sebutan Watu Bobot Abadi kang panggenanipun ing siseh Api Abadi Mrapen.

Ing siseh Sumber Api Abadi uga wonten sumber toya kanthi celah sumur ingkang diameter kirang langkungipun 3 meter, dene jeronipn kurang langkung 2 meter lan nate ditancepaken teken naliko murid Sunan Kalijaga mbetah aken toya. Sumur menika wau moncar kanthi asma Sendang Dudo ing wektu iku toya niki digunakake kangge nyepuh keris pusaka ingkan aran Kyai Sengkelat. Kedadean ingkang ngedap edapi menika katon gumunaken, inggih punika toya sendang dudo ingkang sak waunipun  resik lan bening maleh dados buthek lan umup, nanging mboten panas. Saking gelembung toya ingkang ngambang menawa disulut ngangge geni saget murup wonten ing nginggile toya. 

mrapen
Saksampunipun dipun teliti  toya kasebut kathah kandungan mineral lan zat-zat kimia. Toya ingkang disawang buthek menawa dilebokake ing gelas, saged dados bening. Ngantos dumugi sakniki toya kasebut nggadahi keajaiban kangge ngusadani tiyang ingkang sakit gatel-gatel.

Makaten sekedik crita ingkang gegayutan kalian Api Abadi Mrapen