Cerita Bahasa Jawa Asal usul candi Prambanan Paling Bagus

Cerita Bahasa Jawa Asal usul candi Prambanan Paling Bagus

Candi Prambanan atau juga dikenal dengan Candi Roro Jonggrang, terletak Perbatasan antara Porvinsi DI yogyakarta dan Jawa Tengah, tepatnya di desa Bokoharjo, kecamatan Prambanan Kabupaten Sleman Provinsi DI Yogyakarta dan  di desa Tlogo Kecamatan Prambanan Kabupaten Klaten Jawa Tengah. Candi Prambanan merupakan kompleks candi Hindu yang terbesar di Indonesia. Candi Prambanan di bangun pada abad ke-9 Masehi tepatnya pada tahun 850 Masehi oleh Rakai Pikatan.
Candi Prambanan termasuk Situs Warisan Dunia UNESCO, bentuk candi utama yang menjulang tinggi  ramping mencapai ketingian 47 meter ditengah gugusan candi yang lebih kecil yang jumlahnya ratusan. Menurut cerita legenda candi ini berjumlah  999 dan 1 lagi merupakan patung Roro Jongrang sehingga lengkap menjadi 1000 buah candi.
Berikut ini adalah cerita singkat  Legenda tentang terciptanya Candi Prambanan dengan Bahasa Jawa.


Rikala jaman mbiyen, ana negara gedhe kang dipimpin dening Prabu Baka. Prambanan negara sing makmur, gemah ripah loh jinawi rakyate tansah rukun lan ayem tentrem. Negara-negara ing sandinge uga tundhuk marang negara Prambanan.
Sawetara kuwi  ing tlatah liyane ana negara kang aran Pengging, sing ora kalah gedhene. Negara Pengging iki dipimpin karo  Prabu Damarmaya, Raja sing sekti mandraguna ananging duwe watak jumawa lan srakah. Raja Pengging nduweni satriya gagah prakosa kang aran Bondowoso. Bondowoso duwe gaman kang ngedap-edapi yaiku arane Bandung, mula saka kuwi Bondowoso uga diarani Bandung Bondowoso. Sak liyane gaman sing sekti Bandung Bondowoso uga nduweni wadya bala Jin. Wadya bala jin iki minangka piandele kanggo ngasorke mungsuh nalika ing paperangan, lan uga piandel kanggo wujudake apa kang dikarepake.

Sawijining dina, Prabu Damarmaya ngutus marang Bandung Bondowoso supaya ngluruk negara Prambanan. Bandung Bondowoso satriya sing mituhu marang ramane, budhal menyang Prambanan karo nggawa wadya bala jin.
Sawise teka ing Prambanan, Prabu Baka lan prajurite kocar-kacir amarga ora siaga yen bakal ana mungsuh teka. Prajurit Prambanan akeh sing mati prasasat ora ana sisa, klebu rajane Prabu Baka uga seda. Pungkasane Bandung Bondowoso kasil ngrebut negara Prambanan.
Krungu kabar asore negara Prambanan Prabu Damarmaya rumangsa bungah lan bombong marang putrane, negara Prambanan sak isine dipasrahke marang Bandung Bondowoso.

Rikala Bandung Bondowoso arep nglenggahi kraton Prambanan, dheweke weruh wong wadon kang ayu banget. Ora liya kenya ayu kuwi putrine Prabu Baka kang aran Roro Jonggrang. Kepincut marang ayune, Bandung Bondowoso karep nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, nduk cah ayu, apa gelem sliramu dadi Ratuku ning negara kene?" mengkana pitakone Bandung Bondowoso marang Roro Jonggrang.
Krungu pitakon kaya ngono Roro Jonggrang meneng amarga bingung. Dhewekke gething banget ndelengke Bandung Bondowoso, wong sing wis mateni wong tuane sing banget di tresnsni. nanging dhewekke uga wedi yen kudu nolak apa sing dikarepake. Wasana sakwise Roro Jonggrang mikir banjur, nemokke cara supaya Bandung Bondowoso ora kasil ndadekake bojo.
"Ya wis Bandung, aku gelem dadi garwamu nanging aku duwe penjaluk sing kudu mbok turuti sak durungi kuwi,"jawabe Roro Jonggrang
"Apa kang dadi penjalukanmu cah ayu, ? pitakone Bandung Bondowoso.
"Aku njaluk supaya sliramu gawe  candi cacahe, lan uga sumur cacah lara, ana ing wektu sak wengi, " jawabe Roro Jonggrang
Ilustrasi Roro Jonggrang.Sumber : https://cdna.artstation.com/

Krungu penjaluke Roro Jonggrang, Bandung Bondowoso nyanggupi lan ora rumangsa kabotan marga dhewekke nduweni wadya bala jin banget akehe. Gawe candi cacah sewu mung dianggep sepele dening Banding Bondowoso.
Sak wise wengi,Bandung Bondowoso nglumpukake kabeh Jin wadya balane. Ora ngenteni suwe kabeh jin wis padha nglumpuk. Sak wise entuk prentah saka Bandung Bondowoso, kabeh wadya bala jin banjur gawe candi cacah sewu lan sumur cacah lara kanthi cepet banget.
Ngerteni cepete anggone Bandung Bondowoso lan wadya balane mbangun candi, Roro Jonggrang rumangsa wedi, kabeh candi wis kasil di gawe kabeh mung kurang telu, sumur wis rampung siji, kurang siji maneh sumur sing durung rampung.
Roro jonggrang golek upaya amrih dhewekke ora kasil dhaup karo Bandung Bondowoso. Kepiye carane supaya candi lan sumur kuwi ora bisa dadi. Ing wasana Roro Jonggrang nduweni panemu, dhewekke bakal gawe swasana supaya bengi katon esuk, marga yen wis esuk mesthi bakal mlayu wedi karo srengenge.
Roro Jonggrang banjur lunga, nglumpukke para emban sing ana ning jero keraton Prambanan. Para emban dikongkon ngobong dami, lan apa wae supaya padang. Sing liyane dikongkon nabuh lesung lan nyebarke kembang sing ambune wangi.
Para emban sendika dhawuh marang apa kang di prentahke putri Roro Jonggrang age-age pada ngobong dami. Ora suwe saka kuwi langit katon abang, lesung uga ditabuh. Ambune kembang sing disebar nganda tekan endi-endi lan pitik jago pada kluruk saut-sautan.
Sawetara kuwi weruh langit abang mbranang, unine lesung sing tabuh lan ambune kembang sing semerbak wangi, wadya bala jin prajurite Bandung Bondowoso pada lunga ninggalke penggaweane. Kabeh pada mikir yen wis parak esuk banjur padha mlayu lunga.
Bandung Bondowoso nesu weruh para wadya balane pada lunga lan ngomong.
"Haii ... kabeh jin prajuritku, iki isih wengi durung esuk. Ayo mbalikko rampungke anggone gawe candi iki!"
Bandung Bondowoso menging supaya prajurite ora lunga lan ngrampungke apa sing dhawuhke marga dina isih wengi durung esuk. Kabeh mung pokale Roro Jonggrang sing gawe kahanan kaya kuwi. Nanging wadya bala jin tetep lunga ora ngendahke apa sing diomongke Bandung Bondowoso. Dhewekke getem-getem, gelem ora gelem kudu ngrampungke gawe candi sing kurang sithik maneh. Ananging sakdurunge kasil mbangun sisa candi, dina wis kadung esuk. Bandung Bondowoso ora kasil nuruti apa penjaluke Roro Jonggrang supaya bisa dhaup karo putri Prabu Baka.

Kosok baline Roro Jonggrang bungah marag Bandung Bondowoso ora kasil nggawe candi cacah sewu lan sumur cacah loro.
"He ....Bandung Bondowoso, sliramu ora bisa nuruti apa sing dadi penjalukku, ateges sliramu ora bisa ndadekake aku garwamu." menkono ujare Roro Jonggrang.
Bandung Bondowoso nesu krungu apa kang diucapake Roro Jonggrang. Getem-getem gregeten dheweke bengok.
"Roro Jonggrang, kowe urik. Ya marga saka pokal gawemu aku ora kasil anggonku mbangun candi lan sumur. Delengen candi iki wis cacah sangaatus sangangpuluh sanga, kari kurang siji. Mula saka kuwi supaya jangkep dadi sewu, sliramu sing tak sabda dadi reca!!" bengoke Bandung Bondowoso seru banget.
Ing wasana Roro Jonggrang disabda dadi reca, nggunakke kasektene. Saiki candi wis jangkep dadi sewu kaya sing dikarepake Roro Joggrang.Reca Roro Jonggrang manggon ing tengahe candi sing akeh lan di arani  candi sewu.
*****
Demikianlah cerita legenda asal usul Candi prambanan. Sampai saat ini Arca Roro Jonggrang masih ada diantara Candi Prambanan. 
Terima kasih telah mampir di blog ini, silahkan berkomentar apabila ada kekurangan dalam cerita ini, jangan lupa share di media sosial para pembaca yang budiman.
Rahayu.

No comments:

Post a Comment