Contoh Pidato Hari Pahlawan dalam bahasa jawa

Contoh Pidato Hari Pahlawan dalam bahasa jawa

sumber gambar : merdeka.com

Hari Pahlawan di peringati bangsa Indonesia setiap tanggal 10 November. Hari Pahlawan adalah bentuk apresiasi atas perjuangan rakyat yang telah mempertahankan kemerdekaan yang baru di proklamirkan saat itu. Pertempuran 10 november telah menewaskan banyak pejuang, dan juga dari Belanda tewasnya jendra Malaby

Pidato Bahasa Jawa hari Pahlawan

Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi rabbil ‘alamin wa sholatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’iin, amma ba’du.

Bapak Kepala Sekolah Mts AL Hidayah ingkang kula hormati
Bapak saha Ibu Mts Al Hidayah guru ingkang kawula hormati ugi
Rencang-rencang ingkang kula tresnani

Sumangga kula dherekaken ngonjukaken puja puji kita dumateng Allah SWT, awit saking berkah lan rohmatipun kita saged makempal wonten mriki, panggenan kita nimba ilmu kangge gesang ing ngajeng.

Para Rawuh sedaya,
Pitung dasa sekawan (74 ) warsa kepengker, dinten kaping 10 November 1945 wonten kutha Surabaya. Walanda ngibaraken genderanipun kanthi niat mboten ngakeni kedaulatan negari kita lan badhe njajah malih,
Rikala bapak Proklamator bapak Ir. Sukarno maos Proklamasi Kamardhikan 17 Agustus 1945, sampun cetha menawi negari kita sampul uwal saking penjajah. Pramila warga, lan pemuda ingkang dipun pandhegani Bung Tomo sareng-sareng ngudhunake gendera-gendera Walanda.
10 November, dados sejarah enggal negari Indonesia, bilih Walanda ingkang ngginakaken gaman ingkang canggih ing zaman semanten. Ewa semanten rakyat Indonesia kanthi tekad ingkang ageng, senaoso namung bambu runcing gamanipun saged ngasoraken prajurit Walanda.
Awit saking menika, saben -saben 10 November dipun pengeti minangka Hari Pahlawan Nasional

Bapak Ibu Guru lan rencang-rencang sedayaTekadipun para pahlawan anggenipun merjuangaken kamardhikan kedah kita teladani ing dinten sakmangke, mboten kangge perang, nanging tekad kangge ngisi kamadhikan menika kanthi sak sae-saenipun.
Kita kedah njagi kawetahan lan kedaulatan bangsa Indonesia kedah kita rabuk ingkang sae, kados tekadipun para pahlawan anggenipun ngrebat kamardhikan saking para penjajah.
Minangka pemuda ingkang gesang ing jaman teknologi canggih, kita kedah ngginaaken teknologo menika kangge kesaenan negari kita.Sedaya informasi sae menapa dene awon saged kita mangertosi kanthi etangan detik, saking menika kita kedah saged milah lan milih pundi ingkang sae lan pundi-pundi ingkang awon tumrap gesang kita.
Bapak Ibu Guru ingkang kula hornati lan rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani

Mangga kanthi pengetan dinten Pahlawan menika, minangka pepenget kita sedaya. Minangka kangge instropeksi menapa ingkang salah lan menapa ingkang kirang dumugining wekdal sekmanika
Dinten Pahlawan dipun pengeti kangge ngiataken persatuan lan kesatuan kawetahan negari kita, kita dadosaken patuladhan para pahlawan supados kita mempeng sinau ing pawiyatan.

Kula kinten namung niku ingkang saged kula aturaken ing dinten Pahlawan menika, Nyuwun pangapunten ingkang kathah mbok bilih wonten kekiranganipun.

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Itulah pidato singkat peringatan Hari Pahlawan, mudah-mudahan bermanfaat. Apabila ingin mandapatkan artikel yang bagus berikutnya silahkan subscribe. Dan silahkan berkomentar dikolom komentar, dan juga share di media sosial para pembaca yang budiman.

No comments:

Post a Comment