Cerita Malin Kundang Bahasa Jawa

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2019/09/cerita-malin-kundang-bahasa-jawa.html

Ing salah sawijining desa ana keluarga sing uripe tansah kekurangan, Kaluwarga kuwi mung ana simbok randa lan  anak lanang siji, sing duweni jeneng Malin Kundang. Awit sak sedane Bapak, simbok nyambut gawe dhewe kanggo bisa nguripi keluargane. Anake kang aran Malin Kundang iku anak sing pinter ning uga mbeling. 
Sakwise nganjik dewasa, Malin rumangsa melas marang simboke sing wis nyambut gawe kanggo nguripi dheweke. Banjur Malin pamitan karep bara, nggolek pegawean neng kutho gedhe.

"Mbok, aku kepingin lunga menyang kutha gedhe. Malin pengen nyambut gawe supaya bisa bantu simbok  neng kene, "tembung malin.
"Aja ninggalake simbok dhewe le, simbok ora duwe sapa-sapa mung duwe awakmu neng kene." jawabe simbok.
"Lilakke aku lunga to mbok, Malin  mesakne ndeleng simbok nyambut gawe sprana -  saprene kanggo nyukupi butohe Malin lan simbok," tembunge Malin Kundang
"Yo wis le,welinge simbok eling ya le ! aja lalekne simbok lan desa iki yen awakmu wis mulya neng kana."  simbok kandha karo nangis.

Cekake crita, Malin Kundang budhal lunga menyang kutha gedhe. Malin Kundang kelakon dadi wong mulya, saiki wis  dadi wong sugih lan nduweni kapal dagang sing akeh. Malin Kundang  uga wes rabi karo wedok ayu nek kana. Malin Kundang wis kondang ning endi nggon, lan kabar kuwi teka menyang simboke. Simbok seneng banget marga anak lanang sing di gadhang-gadhang kasil dadi wong mulya. Marga saka bungahe atine simbok, saben dina simbok  ngenteni ana  pesisir , ngarep-arep anake bali. Nanging Malin Kundang ora tau teka, ndadeake atine simbok gela. Ananging

Sawijining dina, Malin kundang ora isa nolak kekarepan garwa, sing banget di tresnani. Garwane Malin kepengen banget keteu karo ibuke Malin Kundang, wong sing ngayomi uripe. Malin Kundang banjur mulih nggunaake kapale sing paling apik.

Akhire malin kundang teka menyang desane karo garwa lan anak buahe. Krungu keteken Malin, simbok rumangsa bungah banget. Si embok mlayu menyang pantai kanggo cepet ndeleng anak sing di tresnani mulih ning kampunge.

"Apa kuwi kowe le Malin, anakku ?? Iki simbok thole, kowe eling to" pitakone simbok.
"Malin anakku, suwe banget anggonmu lunga tanpa ngirim warta ?" mengkono ature simbok karo ngrangkul Malin Kundang.

Garwane Malin kaget weruh ana wong wadon tuwa, mambu, kucel sing ngrangkul lan ndekep  kakunge.
"Malin, apa bener yen wong wadon tuwa, mambu, kucel iki sak benere Ibumu, ?"clathune.

Amargo rasa isin, Malin Kundang ngeculke kekepane simboke lan nyurung nganti nggledhak ning pasiran.
"He, wong wedok kere, aku ora kenal kowe! " ujare Malin.
Deloken awakmu mambu, kucel, wani-wanine kowe ngaku dadi ibukku, aku iki saudagar sugih kapalku akeh, ambuku wangi, bojoku ayu,"clathune Malin Kundang

Sedih, nesu, campur dadi siji rasa atine simbok, krungu omongane anak sing awit cilik di openi kanthi tresna asih, ora ngira wis gedhe lan mulya malah wani karo wong tuwane. Dadi bocah sing kadosan. Simbok nangis banter banjur karo lambene gemeter, donga marang kang gawe urip.
"Duh gusti kang Maha Agung, yen bener bocah iki Malin Kundang anakku lanang, mugi panjenengan paringi azab dados watu, marga atine wis malih dadi watu."

Sak wise kuwi. Bledek ngampar-ampar bareng karo udan angin deres banget, kabeh ajur sing ana ning panggonan kuwi. Kapale Malin Kundang sing apik remuk, ajur dadi sewalang-walang. Malin Kundang sing rumangsa dosa, karep sujud marang simbokke. Nanging kabeh wis kedlarung, bebasan gela lan kuciwa tibane ana ing mburi. Kabeh tumindake wis ora bisa di apura, Malin Kundang sing sujud  malih dadi watu, ganthet karo watu karang ning pesisir .
Batu Malin Kundang /sumber foto : https://steemitimages.com


No comments:

Post a Comment