Contoh Atur Pambagyaharja Adicara Pahargyan Temanten

Contoh Atur Pambagyaharja Adicara Pahargyan Temanten


Dalam acara resepsi pernikahan atau dalam acara pengajian walimatul ursy biasanya tuan rumah akan memberikan sambutan untuk menyambut kepada seluruh tamu undangan. Inti dari sambutan dari tuan rumah atau Pambagyaharja biasanya berisi antara lain :
  1. Ucapan selamat datang dan terima kasih kepada tamu undangan
  2. Menyampaikan isi dari acara tersebut.
  3. Menyampaikan terima kasih kepada semua pihak yang telah berpartisipasi dalam acara tersebut.
  4. Memohon maaf apabila ada kekurangan dalam penyelenggaraan acara tersebut.
  5. Memohon do'a
Baiklah, para pembaca yang budiman, kali ini saya akan memposting tentang Sambutan tuan rumah saat acara resepsi pernikahan.

Bissmilahirrohmanirrohimi

Assalamualaikum warohmatullahi wa barokatuh

Bismillahirohmanirrohim alhamdulillahi raabil 'alamin wa sholatu wassalamu 'ala asyofil anbiya'i wal mursalin sayyidina wa maulana Muhammadin wa 'ala alihi wa shahbihi ajma'iin, amma ba'du.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajisepuh, saha sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Panjeneganipun para 'alim, para ulama, para Kyai, para Ustadz lan Ustadzah ingkang kita tengga sedaya pitutur luhuripun, langkung - langkung wa bil kusus panjenenganipun Al mukharom Bapa kyai Zainul Misbach Musthofa ingkang tansah kita tengga menggah rawuh saha mauidhoh khasanahipun.
Para pangemban pengembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pangayomaning para kawula, mliginipun panjaneganipun Bapa Pamuji minangka Kepala Desa Genengadal ingkang satuhu kinurmatan
Panjenenganipun kadang besan sutresna Bapa Agus miwah ibu  ingkang satuhu pantes hanampi pakurmatan.
Mboten kasupen dhumateng para rawuh , para pilenggah kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha muda tumaruna ingkang tansah winengku ing suka rahayu.

Purwakaning atur sumangga kita tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Welas lan Maha Asih nuwun inggih Allah SWT, awit saking sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan lan kula, sahengga wonten ing kalodangan punika kita saged makempal manungal wonten ing dalemipun bapa Jasma lan Ibu kanthi pinaringan karaharjan, kasarasan , mboten manggih alangan satunggal menapa. Pramila saking menika sumangga kita ikraraken kanthi kalimah tahmid Alhamdulillahirobil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dumateng titah linangkung ingkang dados panutan saha patuladhan kula panjenengan sami nuwun Sang Nabi Agung Muhammad SAW, mugi mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil kiyamah. Allahuma amin

Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya. Nyadong agunging samodra pangaksama sakderengipun dene kawula kumawantun jumeneng wonten ngarsa penjenengan lan nggempil kamardhikan anggenipun sami mawan pangandikan. Nun ingih Mundhi dhawuh saking panjeneganipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapa Jasman miwah ibu, kawula ingkang kapitedan sinaraya minangka sulih sarira kepareng ngaturaken menapa ingkang dados wigatosing sedya menggah pahargyan dalu punika.

Ingkang angka sepisan Penjenganipun Bapa jasman miwah Ibu ngaturaken sugeng dalu, sugeng rawuh, saha sugeng lenggah kanthi mardu mardhikaning penggalih, sinartan agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh mingankani menapa ingkang dados panyuwunipun Bapa Jasman Miwah Ibu. Nun inggih wonten ing dalu punika Panjenenganipun kepareng ngawontenaken Tasyakuran Walimatul Ursy anggenipun netepi dharmaing asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha putra mahargya siwi putri kinasihipin ingkang asesilih Rara Ayu Alma ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ardiayan Putra jalu saking panjenganipun Bapa Kasman miwah Ibu Siti ingkang mijil saking tlatah Desa Mulya Kecamatan Reja.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kepareng matur bilih sri atmaja tementen sarimbit sampun kelaksanan anngenipun dhaup suci utawi akad nikah kala enjing, nun inggih dinten Kamis, nyarengi surya kaping 31 Januari 2019, kirang langkungipun wanci tabuh 08.00 wekdal nuswantara imbang pracima, miturut tatananing agami lan nagari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek minggahipun para sesepuh lan pinisepuh mapan wonten ing dalemipun Bapa Jasman mriki kanthi manggih rahayu wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa. Lan ugi sampun kawisuda minangka panganten kanthi adicara panggih miturut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing tlatah dusun kedung Desa Genengadal mriki.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang satuhu wicaksana. Jangkep kaping kalih, Panjenenganipun Bapa Jasman miwah Ibu lan gotrah kaluwarga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami tumprap sedaya sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung -langkung dhumateng para warga lingkungan mriki bapak ibu ugi kadang muda- mudi ingkang sampun paring pambiyantu, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, lan gayeng pahargyan menika, ugi saged ngentheng-ngenthengi sesanggemaipun ingkang hamengku gati. Ananging Panjenenganipun Bapa jasman mboten kuwawi matur menapa-menapa, ugi mboten saged ngaturi menapa-menapa, namung puji donga wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi - mugi sedaya amal kasaenan panjenegan sedaya dados amal ibadah, lan pikantuk leliru saha piwales saking Allah SWT. Allahuma amin.

Dene sak lajengipun dumateng para rawuh sedaya, lugunipun sampun sawetawis dangu anggenipun Bapa Jasman ngrantam, ngronce, miwah ngantha- nggantha pahargyan menika, ananging dhawahipun tkasih sarwi kirang pantes, saking menika panjenenganipun bapa Jasman sakeluwarga  namung saged nyuwun agunging samodra pangaksama. nanging sanget panyuwunipun Bapa Jasman, katur sagung para rawuh keparenga pareng paring berkah pamuji, mugi-mugi temanten sarimbit anggenipun sumedya lelumban wonten ing madyaning babrayan agung saged jumbuh ingkang sami ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut rerentengan kados mimi lan mintuno ,
sayuk rukun, samad sinamadan, wiwit kawitan dumugining delahan tansah menggih bagya mulya, tansah pinayungan sih barukahing gusti Allah sahingga dados kaluwarga ingkang samawa, sakinah mawadah wa rohmah, tundhonipun mugi pikantuk turun ingkang sholeh lan sholekhah ingkang mituhu dhumateng tiyang sepuh kekalihipun saha para sesepuhipun . Allahuma Amin.

Para rawuh saha para pilenggah kakung sumawana putri ingkan pantes sinudarsana, ingkang kaping tiga Panjenengenipun Bapa Jasman miwah ibu lumantar kawula tansah hanglenggan budi dayaning manungsa kirang sampurna. Pramila mbok bilih anggenipun nampi karawuhan penjenengan  sedaya kirang tanggap, tangguh lan gupuh, kathah kekiranganipun, mboten saged ngatutraken papan palenggahan ingkang sae, saha mboten saged ngaturaken suguhan arupi dedhaharan lan unjukan ingkang sak kelangkung eca mugi panjenengan sedaya kersa nglunturaken samodra pangaksami. Mboten kekilapan saking kadang muda taruna anggenipun leladi wonten ngarsa penjenengan sedaya wonten kiranging suba sita, lumantar kawula tansah nyuwun pangaksama dumateng panjenengan sami.

Minangka wasananing atur, dumateng para rawuh sedaya, mawantu-wantu panyuwunanipun bapa Jasman miwah kaluwarga, keparenga ndumugeaken anggenipun sami lelenggahan  ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan dalu punika.

Mekaten atur kawula minangka sulih sarira saking hamengku gati Bapa Jasman, hambok bilih kathah ingkang lepat atur kawula, kanthi andahp asoring manah kawula nyadhong agunging samodra pangaksami.

Akhirul kalam  wa bilahittaufiq wal hidayah wassalamu'alaikum waroh matullahi wa barokatuh.



9 comments:

  1. Terimakasih pak Suparto, dari contoh itu, bisa bermanfaat buat org banyak, dalam hal ini saya yg dlm masyarakat sebagai RT pelayan masyarakat di Purworejo.
    semoga pak Suparto mendapat ganjaran pahala dari Tuhan.
    terimakasih

    ReplyDelete
  2. Maturnuwun mas , mugi2 dasos ilmu engkang manfaat

    ReplyDelete