Contoh pidato bahasa jawa tentang narkoba

Contoh pidato bahasa jawa tentang narkoba
 ( Tanggap Wacana Babagan Narkoba )

bahaya narkoba

Bismillahirohmanirrohimi.
Assalamu'alaikum warohmatullahi wa barokatuh

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ......................  ingkang satuhu dhahat kinurmatan
Penjenenganipun Bapak saha Ibu guru dalah staf  Sekolah ..................... ingkang tansah kawula hormati
Para Rawuh undangan ingkang satuhu bagya mulya
Mboten kesupen rencang ,,saha adik kelas ingkang kawula tresnani

Ngengeti bilih kita sedaya menika titah sawantah ingkang tansah kapurna kawasesa dening Gusti Allah ingkang maha Kawasa, pramula sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngonjukkaken raos puja puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi kanthi ikrar bi lisan Alhamdulillahi robbil 'alamin. Awit saking berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dumateng panjenengan sedaya lan kula, kita saged makempal wonten iing papan menika. Mboten kasupen sholawat lan salam mugi tansah kita haturaken dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, sumrambah kaluwarga miwah sahabatipun Abu Bakar, Umar, Usman lan Ali, mugi -mugi kita sedaya kagolong umat ingkang pikantuk syafaatipun benjang wonten ing yaumil kiamat. Amin Allahuma Amin.

Para Rawuh ingkang satuhu sulistya ing budi...
Keparenga ing mriki kawula minangka sulih sarira saking sedaya siswa wonten ing pawiyatan mriki, lan ugi kadhapuk minangka ketua panitia penyelenggara ngaturaken pambagya sugeng rawuh ugi ngaturaken agenging panuwun , dene panjenengan sedaya sampun kepareng halonggrakaken wekdal saperlu minangkani atur panyuwunipun saking panitia penyelenggara kagem ndherek midhangetaken menggah sesorah ngengingi bahaya narkoba ingkang samangke badhe kaaturaken dening Bapa Fathan Ali, S.H.

Para rawuh saha para pilenggah ingkang satuhu  bagya mulya.
saking panitia ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng sedaya kemawon ingkang smoun kepareng paring pambiyantu awujud punapa kemawon, satemah pasamuan siang punika saged kasembadan kanthi sae. Mugi - mugi sadaya amal kesaenan panjenengan sedaya pinaringan laliru saking Allah SWT, hanambahono arum kuncaraning amsa panjenengan wonten ing madyaning bebrayan agung.

Para Rawuh ingkang pantes sinudharsana..
Remaja.
Remaja punika satunggaling tiyang ingkang dhereng mateng wonten ing bebrayan utawi wonten ing sesrawungan, amargi piyambakipun taksih wonten ing masa transisi saking bocah dhateng tiyang dewasa. Amargi kawontenan ingkang kados mekaten remaja dipun sebat dereng mateng.
Remaja ugi dipun sebat usia ingkang nembe pados identitasipun piyambak utawi jati diri. Mila menika pasamuan siang punika nggadhahi ancas nebihaken para remaja saking perkawis ingkang mboten sae, nun inggih utaminipun ingkang nggadhai sesambetan kaliyan babagan narkoba.

Para rawuh kakung putri ingkang winntu ing pakurmatan.
mugi kemawon wontenipun penyuluhan bahaya narkoba punika, khususipun kagem para siswa ing pawiyatan mriki, tinebihaken saking perkawis babagan narkoba, satemah dados remaja ingkang sehat jasmani tuwin rohani.

Para rawuh ingkang mahambeg ing budi darma.
Kula sarencang minangka panitia penyelengara hanglenggana, senaoso pasamuan siang punika sampun katata lan karacik dangu sekderengipun, kula pitados taksih wonten kirang lan kuciwanipun, panitia ndhada sedaya kekrirangan lan nyadhong agunging samodra pangaksama.

Ingkang sak lajengipun keparenga ndumugekaken lelenggahan kathi mardu mardhikaning penggalih ngantos paripurnaning pasamuan siang punika.
Pepuntoning atur kula minangka sesulih atur saking panitia, wiwit purwa, madya ngantos wasana hambok bilih anggen kawula sowan lan matur wonten ngarsa panjenengan sedaya wonten tuna dungkaping tumindak lan galap gangsuling atur, mugi diagungo ing pangapura.

Akhirul kalam wa bilahittaufiq wal hidayah wassalamualaikum warohmatullahi wa barokatuh.

Pembaca yang budiman demikian postingan saya, yaitu contoh pidato sambutan untuk acara bahaya narkoba. Mudah-mudahan bermanfaat, terima kasih telah berkunjung ke blog saya ini.

saya akan sangat bersyukur apabila para pembaca sudi untuk share postingan saya ini.

Contoh pidato lain :

Pidato bahasa jawa tema dampak media sosial terhadap dunia pendidikan

Pidato sambutan ketua panitia HUT kemerdekaan RI

Atur Pambagyaharjo adicara pahargyan temanten

Sambutan tuan rumah acara kirim do'a

No comments:

Post a Comment