Showing posts sorted by relevance for query mukadimah. Sort by date Show all posts
Showing posts sorted by relevance for query mukadimah. Sort by date Show all posts

contoh - contoh mukadimah pidato

CONTOH MUKADIMAH PIDATO

Pada saat kita berpidato atau menjadi Mc/Pranata Cara, diawal kita akan membacakan mukadimah yang isinya bersyukur ke hadirat Allah SWT dan bershalawat  kepada Nabi Muhammad SAW.

Di bawah ini adalah beberapa contoh mukadimah yang bisa digunakan
mukadimah pidato

  1. Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi rabbil ‘alamin wa sholatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’iin, amma ba’du.
  2. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, arrahmanirrahim maliki yaumid din, wa shalatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin sayyidina wa maulana Muhammadin khatamin Nabiyyina wa imamil mursalin, wa ‘ala alihi thahiriina wa shahabatihi ajma’in, amma ba’du.
  3. Alhamdulillahi ‘ala ni’matil islam wal iman wal hidayah, wa kafa biha ni’mah, allahumma shalli wa sallim wa barik ‘ala sayyidina Muhammad dibni ‘abdillah, wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, lahaula wala quwwata illa billah, amma ba’du.
  4. Alhamdulillah wa syukrulillah wa sholatu wa sallamu ‘ala rasulillah sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba’dah.
    Alhamdulillahil wahidil ahad, aladzi lam yalid wa lam yuulad wa lam yakullahu kufuwwan ahad, ahmaduhu subhanahu wata’ala wa asykuruhu, allahumma sholli wa sallim wa barik ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala alihi wa ash habihi wa man tabi’ahum ila yaumil qiyamah, amma ba’du.
  5. Alhamdulillah hilladzi akramnaa bil iimaan, wa a’azzanaa bil islam, wa rafa’na bil ihsan, ahmaduhu subhanahu wata’ala wa asykuruh, allahumma shollia wasallim wa barik ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mantabi’ahum bi ihsani ila yaumiddin, amma ba’du. 
  6. Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Contoh Pidato perpisahan SMP bahasa Jawa terbaru

Contoh Pidato perpisahan SMP bahasa Jawa terbaru

Para pembaca yang budiman, kali ini admin memberikan satu contoh pidato singkat dengan tema perisahan SMP dalam bahasa jawa.


 Contoh 1:
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bagi yang mampu bisa ditambahkan mukadimah, baca selengkapnya di contoh - contoh mukadimah pidato

Sugeng enjang ingkang rawuh sedaya.

Bapak sekolah ingkang kinurmatan, bapak/ibu ingkang kula kurmati, rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang kanthi berkah lan rahmatipun  kula dalasan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak / Ibu guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kesupen kula minangkani wakilipun murid kelas 9 ngaturaken agunging panuwun awit saking sih katresnan Bapak / Ibu guru nggulawenthah lan mulang wuruk dhumtang kula sarencang, saengga kula sarencang saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 taun.
Bapak /Ibu guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula hormati, sekedhap  malih kula sarencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu guru saha dhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sarencang nilaraken Bapak/Ibu guru saha adhik-adhik kelas sedaya.

Mekaten atur kula, inggih punika sepindhah ngateuraken panuwun mugi-mugi sedaya panggula wenthah panjenengan dhateng kula sarencang tansah pikantuk piwales saking Gusti ingkang Maha Mirah ingkang samurwatipun. Ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan.
Kula sarencang kelas 9 tansah nyenyuwun lan dedongah mugi adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten pawiyatan punika.

Boten kasupen ugi kula sarencang tansah memuji dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, supados Bapak/Ibu guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Salajengipun kula sarencang nyuwun pangestu mugi-mugi saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil wilujeng ngantos salajengipun.

Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula ngelantur, cekap semanten atur kula bokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun, matur nuwun,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Contoh 2 :

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun
Bagi yang mampu bisa ditambahkan mukadimah, baca selengkapnya di contoh - contoh mukadimah pidato


Ingkang kinurmatan panjenenganipun, Bapak  Kepala Sekolah SMP Pemdes Desa Genengadal
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati,
Para tamu undhangan kakung putri ingkang bagya mulya
Mboten kesupen, ingkang kula tresnani adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula banggaaken


Puji syukur, Alhamdulillahirobil'alamin, konjuk wonten ing ngarsanipun  Allah ingkang Maha Welas lan Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat lan hidayahipun, saengga ing  saged makempal wonten ing acara "perpisahan SMP Pemdes tahun ajaran 2018/2019 kanthi pinaringan karaharjan.

Kepareng matur kula minangka wakil saking siswa kelas 9, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang kita tresnani menika.

Kula sakanca mboten saged atur piwales dumateng panjenengan sedaya, naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi prestasi ingkang saged damel bombong manah kita sedaya.

Lan ugi, kula sakanca keparenga nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepindhah  malih kula atur puji  donga mugi pnajenengan sedaya tansah pinaringan rahmat saha sih barokahing Gusti Allah, Amin..

Ing wasana cekap semanten anggen  kawula matur , menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pengaksama.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikian contoh pidato singkat perpisahan SMP dalam bahasa jawa, mudah-mudahan bermanfaat bagi adik-adik kelas 9 yang akan menjalankan tugas mewakili siswa saat acara perpisahan. terima kasih telah berkunjung di blog saya ini,

Baca Juga Pidato Bahasa Jawa dengan Tema yang lain:

pidato bahasa jawa tentang narkoba
pidato bahasa jawa tema dampak media sosial terhadap dunia pendidikan
pidato sambutan ketua panitia peringatan HUT RI

3 Tuladha Sesorah Purna Wiyata SD kelas 6 ( 3 Contoh Pidato Perpisahan SD )

3 Tuladha Sesorah Purna Wiyata SD kelas 6 ( 3 Contoh Pidato Perpisahan SD )
Pada setiap selesai masa belajar akan diadakan acara perpisahan dalam bahasa jawa bisa disebut dengan Purna Wiyata (Purna = selesai, Wiyata = pendidikan ). Begitu juga dalam perpisahan anak kelas 6 SD, salah satu dari siswa akan memberikan sesorah /pidato  dalam acara tersebut.

Tuladha Sesorah Purna Wiyata ini mudah-mudahan bisa membantu pembaca yang budiman yang sedang mencari referensi untuk putra-putrinya yang akan mewakili teman-temanya .

Tuladha 1:

Assalamu'alaikum warohmatullahi Wa Barokatuh.
(bacaan mukadimah )

Dumateng Bapak Kepala Sekolah Dasar ...............ingkang satuhu kula bekteni.
Dumateng Bapak lan Ibu Guru , ingkang kula hormati,
Dumateng Bapak Ibu Wali murid  tamu undangan ingkang satuhu bagya mulya,
Mboten kasupen rencang rencang kelas 6, ingkang sanget kula tresnani.

Sakderengipun, mangga sareng-sareng ngaturaken raos syukur kita dumateng ALLAH SWT, ingkang sampun paring kasarasan, dumateng kita sedaya sahingga saged kempal wonteng sekolah mriki, inggih menika wonten ing acara Perpisahan kelas 6 Sekolah Dasar ...................... tahun Ajaran 2018/2019.
Saklajengipun salawat ugi salam sareng-sareng kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kita pikantuk syafaatipun ing dinten Kiyamat. Amin.

Bapak Ibu para rawuh ingkang kula hormati, keparenga kula ing mriki minangka wakil saking siswa kelas 6, badhe ngaturaken menapa ingkang dados uneg-uneg kula lan siswa sanesipun.
Mboten kraos sampun 6 tahun, kula sinau wonten ing sekolah mriki, bombong manah kula saged sinau ing mriki, lan ugi matur suwun sanget kagem sedaya guru ingkang sampun maringi kawruh lan piwulang ingkang sanget migunani dhateng gesang kula. Panjenengan sedaya kanthi ikhlas, sabar, mboten pilih kasih anggenipun paring piwulang dhateng kula lan siswa sanesipun. Mboten sanes saking piwulang panjenengan sak menika kula saged lulus saking SD menika.

Bapak Ibu guru ingkang kula tresnani, mboten wonten piwales ingkang saged kula aturaken dumateng kesaenan panjenengan sedaya, namung saged ngaturaken agenging panuwun ingkang kathah, lan ngaturaken donga mugi-mugi panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan lan bagya mulya sak laminipun.

Para Rawuh ingkang kula hormati,
Mboten kasupen kula ugi ngaturaken bilih awrat pepisahan kalian rencang-rencanh sedaya, Sebab sampun 6 tahun menika sareng sareng sinau wonten ing  Sekolah Dasar ............mriki . Susah seneng sareng-sareng ngiringi anggen kita sinau. nanging badhe kados pundi kita kedah pepisahan kalian rencang lan sekolah menika, amargi kita kedah nglajengaken sinau wonten ing pawiyatan chandhakipun inggih menika SMP utawi Mts, mugi - mugi saged katampi wonten ing sekolah ingkang dados pepujan kita.

Cekap semanten atur kula minangka wakil saking kelas 6, kulo nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi wonten kekirangan lan klenta-klentuning atur.

Akhirul kalam wa bilahittaufiq wal hidayah
wassalamu'alaikum wa roh matullahi wabarokatuh

Baca juga : pidato perpisahan SMP, pidato dampak media sosial bagi dunia pendidikan bahasa jawa.

Tuladha 2 :

Assalamualaikum wr wb,
(bacaan mukadimah )
Sugeng siyang, saha Salam sejahtera katur dhateng kita sedaya


Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Genengadal 1 ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Pengurus Komite SD Negeri Genengadal 1 ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang kinurmatan
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saged makempal wonten  SD Negeri Genengadal 1 kanthi pinaringan wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
Shalawat saha salam mugi tansah kita aturaken dhumateng titah ingkang dados panutan umat nun inggih nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang kita tengga syafaatipun benjang ing yaumil kiyamah.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang sepisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru SD negeri Genengadal 1. Pramila wonten ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten ingkang tanpa upami.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saged nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saged mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sanadyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Genengadal 1, anangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Genengadal 1ingkang kula tresnani punika. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum wr wb.

Tuladha 3:
Assalamualaikum wr wb,
(bacaan mukadimah )
Sugeng siyang, saha Salam sejahtera katur dhateng kita sedaya


Bapak Kepala Sekolah SD ............................. ingkang satuhu kinurmatan
Bapak/Ibu guru SD ............................ ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Pengurus Komite SD ............................ ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang bagya mulya


Sagung para rawuh ingkang satuhu dahat kinurmatan
Wonten ing pepanggihan menika, keparinga kulo nganturaken  matur sembah nuwun dhateng Bapak ugi ibu guru sedaya. Awit saking bimbingan Bapak ugi ibu pindhah, kula sakanca saged dados maketen. Saged maos, saged nyerat, saged mical ugi saged gegulang kagem dados manungsa ingkang sakmesthinipun. Mboten sanes menika kalawau awit saking telatenipun panjenengan sedaya mbimbing kita.

Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, atur panuwun ugi kula aturaken awet saking kesabaran dateng tingkah polah kula sakanca ingkang damel jengkel lan dhuka. Sedaya kesaenan panjenengan sedaya saestu mboten badhe nate kita supeaken ing gesang kula.

Kagem rencang-rencang sedaya, menika  dinten menika dinten pungkasan  kita sedaya teng SD .......... menika. Awrat raosipun pancen. Saben dinten kita sedaya  sareng-sareng. Gumujeng, gegojekan, geguyon, Satuhu, sedaya dados kenangan

Senaoso dinten menika kita sedaya pepisahan, sumanggaa tetep kita reksa  sedherekan menika ngantos benjing sajroning urip neng ndunya.

Dhateng Bapak ugi ibu tiyang sepuh ugi wali murid pindhah. Menika putra panjenengan. Kaliyan samukawis kalangkungan ugi kekiranganipun ing mrika-mriki. Kula suwun tansah paring pambimbing dhateng  kita sedaya kanthi sabar. Kita taksih mbethaken sedaya pambimbing panjenengan.

Mugi mugi kita  dados putra ingkang bekti dhateng tiyang asepuh, migunani tumrap agami, bangsa ugi nagari.

Bapak Ibu Guru saha Para rawuh ingkang kinurmatan. Mekaten sekedik saking kula minangakni atur saking sedaya kanca sakelas. Kathah kalepatan saha tutur ingkang kirang trapsila kula nyuwun dipun pangapura.

Bilahittaufiq Wal Hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

pranata cara bahasa jawa acara pengajian



Menjadi MC / Pranata Cara Pengajian Bahasa Jawa

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
Salam
Selamat datang dalam blog saya. Disini saya akan memposting kegiatan yang menjadi hoby dan kegemaran saya yaitu berbicara atau pidato berbahasa jawa. Walaupun masih dalam tahap belajar tetapi saya memberanikan diri untuk memposting. Mudah-mudahan setelah ini saya bisa menjadi lebih baik dan baik lagi kedepannya.
Kali ini saya akan memposting tentang menjadi mc atau pranata cara dalam acara Pengajian Khitanan ( Walimatul Khitan )
Sebagai MC atau pembawa acara kita harus faham acara apa saja yang akan dilaksanankan pada saat itu, siapa tuan rumah, yang di undang dalam acara itu, siapa pengisinya dan lainnya.


Sebagai permulaan kita akan membacakan mukadimah dibawah ini adalah contohnya.

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Setelah mukadimah kita akan sampaikan penghormatan, dibawah ini adalah urut-urutan yang pantas mendapatkan penghormatan
*        Para orang tua dan yang di tuakan
*        Para cendikiawan
*        Kyiai atau ustad yang mengisi tausyiah
*        Pejabat pemerintahan ( kepala desa, sekretaris desa dan seterusnya )
*        Semua tamu undangan dan yang hadir keseluruhan
Dibawah ini adalah contoh penghomatan dalam bahasa jawa.

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Para bapak / ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.

Setelah penghormatan kita mengucapkan ungkapan rasa syukur kepada Allah, dan juga shalawat kepada Junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW.

Purwakaninh Atur sumangga kula dherekaken , ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring kanugrahan  kawilujengan dhumateng  kula lan panjenengan,  saha saking paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Kemudian kita uraiakan maksud acara saat ini dan juga susunan acara dari awal hingga akhir

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
  1. Adicara angka sepisan Pambuka
  2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
  3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
  4. Adicara ingkang angka sekawan, waosan rhatib tahlil saking  Bapa/Kyai …………. (biasanya kiyai atau  orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
  5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
  6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Setelah selesai membaca susunan acara, acara yang pertama biasanya adalah pembuka. Dalam acara pembukaan ini bisa kita serahkan kepada sesepauh atau kita pimpin sendiri untuk memulainya
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Walimatul Khitan  ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).

Sabagai penghargaan kepada hadirin yang telah mambaca pembukaan bersama
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.

Berikan tambahan perkataan setiap pergantian acara sehingga tidak terdengar membosankan

Mekaten menggah atur pambagyaharja. sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, waosan rhatib tahlil  saking panjenenganipun bapak kyi………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana "Sabda Ria" saking Pedukuhan Kedung, Desa Genengadal. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Slamet saha Bapak Sutato minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan waosan rhatib tahlil kinarya paring do'a dumateng para ahli kubur ingkang hamengku gati sumrambah ahli kubur kula panjenengan sami, ingkang badhe dipun imami dening panjenenganipun Bapak kyai…………… Dhumateng bapak kyai………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak kyai……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.

Sebagai penutup ucapkan kata permintaan maaf , bagaimanapun juga pasti ada kata-kata kita yang kurang tepat baik pengucapan , intonasinya kurang pas ataupun artikulasi yang kurang bagus

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
Demikianlah tulisan saya tentang bagaimana menjadi seorang pembawa acara/pranata cara acara menggunakan bahasa jawa. Terima kasih, mudah-mudahan bermanfaat.
baca juga contoh pranata cara yang lainnya :
pranata cara peringatan HUT RI 
pranata cara singkat panggih temanten


pasrah temanten kakung

contoh teks pasrah temanten kakung


pasrah temanten kakug

Dalam acara resepsi pernikahan adat jawa terdapat barbagai rangakaian susunan acaranya. Diantaranya sebelum kedua mempelai bertemu dan melaksanakan acara yag dinamakan “Adicara Panggih”, terdapat acara yang dinamakan pasrah lan panampi atau "lung tinampen” atau dalam bahasa Indonesia bisa di artikan serah terima. Pada intinya pasrah lan panampi pengantin sama dengan pasrah lan panampi lamaran  hanya berbeda inti dari maksud yang disampaikan.
Dalam acara pasrah lan panampi pengantin pihak keluarga penganten pria menyerahkan pengantin untuk dapat dilaksanakan acara “Panggih “, sedangkan dalam acara pasrah dan panampi lamaran pihak mempelai pria menyerahkan upakarti untuk dilaksanakan liru kalpika atau tukar cincin yang dilakukan oleh seorang juru bicara atau sering disebut sebagai  duta saraya, sulih sarira atau talanging basa, sesuai acara yang di pandu dalam pranata adi cara acara lamaran 

Dalam kesempatan ini kami sampaikan bagaimana menjadi seorang duta saraya saat menyerahkan pengantin Pria atau dalam acara ini dinamakan PasrahTemanten Kakung

Sebagai permulaan kita akan membacakan mukadimah dibawah ini adalah contohnya.

Assalamualaikum Wr.Wb
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Setelah mukadimah kita akan sampaikan penghormatan kepada seluruh hadirin dan tamu undangan dan juga tuan rumah
·         Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen..
·         Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun.
·         Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.
·         panjenenganipun kadang besan sutresno ..................miwah gotrah kaluwargo,  ingkang satuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.
·         Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Setelah penghormatan kita mengucapkan syukur kepada Allah, sebagai ungkapan terima kasih kita kepada pencipta alam semesta,  dan juga shalawat kepada Junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged hangempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah.
Layaknya orang berjalan kita mengucapkan permisi, saat berbicara didepan umum kita juga seperti itu saat akan mengutarakan niat kita dihadapan umum. Uraiakan secara berurutan saat kita menyampaikan pesan dan maksud dari keluarga mempelai pria seperti saat kita bertamu ke rumah orang, seperti salam di awal, kemudian isi yang mau disampaikan kemudian diakhiri dengan ucapan pamit diakhir .
Nun kawulo nwun, ing mriki kawulo ingkang kapitedhan sinaroyo miningko sulih sariro talanging basa panjenenganipun bapak Bambang S. kepareng ngaturaken punapa ingkang dados wigatosing sedya luhur saking  panjenenganipun.
Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo luhur sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka sepisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati bapa  Bambang Sutrisno boten saged masrahaken putranipun calon temanten kakung kapekso namung saged ngaturaken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkang lumantar kawula kanthi ikrar bi lisan Assalamualaikum Wr.Wb. Mugi  anggenipun netepi dharmaning asepuh hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.
Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bagus…..(nama temanten kakung), atmaja jalu panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), putri  panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….wekdal nuswantoro imbang pracima ( WIB )  mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.     
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten sarimbit , anut satataning adat widhi widana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombyong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji donga mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut rerentengan lir kadya mimi lan mimtuno , ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.

KAPING TIGA Panjenengaipun Bp ( bapak  Manten kakung ) atur uba rampe upakarti  sarana jejangkeping salaki rabi, kawula aturaken wonten ngarsanipun kadang besan sutresno Bapa Y sekalihan garwa. pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa Y sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, anggenipun sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan prasaja siang punika, kula dalah  pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kondur kawula sarombongan tansah manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo milai dusun  .......... Desa .......... Kec. ............. dumugi dalemipun soang -soang.

Jangan lupa untuk sopan santun kita sebagai seorang pribadi juga sebagai  duta atau wakil keluarga mempelai pria
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Ini adalah salah satu video saya saat menyampaikan sesorah pasrah temanten kakung, silahkan ditonton untuk dijadikan referensi .



Demikianlah tulisan saya tentang bagaimana menjadi seorang duta saraya ( wakil keluarga mempelai pria ) menggunakan bahasa jawa. Setelah itu akan dilanjutkan dengan atur panampi temanten kakung  dari pihak keluarga perempuan. Terima kasih, mudah-mudahan bermanfaat.