contoh teks pidato pambagya harja, pasrah dan panampi lamaran dalam bahasa jawa lengkap


Para pembaca yang budiman dalam postingan sebelumnya admin memposting tentang  contoh teks naskah Pranata Cara/MC acara lamaran dalam bahasa jawa, kali ini admin memposting teks naskah pidato dalam acara lamaran adat jawa tentunya dalam bahasa jawa yang ada dalam prosesi lamaran adat jawa. Baiklah inilah contohnya sesuai dengan urutannya.
  1. Tuladha Atur Pambagyaharja Pasrah Lamaran
Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh


 Alhamdulillahi 'ala ni'matil islam wal iman wal hidayah, wa kafa biha ni'mah, allahumma shalli wa sallim wa barik 'ala sayyidina Muhammad dibi Abdilah, wa 'ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, lahaula wala quwwata illa billah, amma ba'du

  • Konjuk wonten ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundi
  • Para kadang duta saraya saking calon/badhe besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan
  • Para lenggah kakung miwah putri  ingkang satuhu bagya mulya.
Keparenga kula mambeg saha nggempil kamardhikan panjenengan sedaya karana kula piniji panjenenganipun Bapa...................sekalian, kinen ngaturaken pambagya harja, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.
Pinangka Purwakaning atur sumangga nun tansah kula dhereaken ngaturaken puii syukur wonten ngarsa dalem gusti Allah ingkang Maha Welas lan Asih, karan sih wilasa miwah barokah ingkan rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Pramila saking menika sumangga kita ikraraken kanthi lafal hamdalah, Alhamdulillahirobil'alamin.
Mboten kekilapan shalawat lan salam mugi tansah tetep kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW, mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun Amiin ya robbal alamin.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, madyaning pepanggihan punika Bapa ................sekalian lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhan para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para rawuh kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.

Para tamu miwah para lenggah ingkang satuhu bagya mulya, lekas wekasing sedya wigatosing gati keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun mangertosi gatining sedya ing kalenggahn punika.. Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bapa................sekalian garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenenganipun bapa...................( besan ) , karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bapa................sekalian garwa kagungan putra ingkang kekasih bagus ....................panjenenganipun bapa...................( besan )nggadahi putri ingkang  sesilih roro ayu.................... manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat. Inggih awit samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalengahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran.

Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bapa................sekalian garwa mugi wontena jumuringing pamuji hastuti saking para lenggah sedaya hanggenya Bapa................sekalian garwa badhe nampi pasrahipun tansah manggih rahayu wilujeng.

Hambok bilih Bapa................sekalian garwa sumarambah para kaluwarga anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna , awit saking punika Bapa................sekalian garwa nyadhong agunging samodra pangaksama.

Ing wasana puput pepuntoning atur hambok bilih wonten atur kula mboten mranani dhiri saha hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh subasita kula nyadhong samodra pangaksami. Cekap semanten wekdal kula aturaken kadang pranata adi cara.Nuwun

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

2.Tuladha atur pasrah lamaran saking duta saraya pinangka sulih sarira saking calon kadang besan

Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

 Bismillahirrahmanirrohim alhamdulillahi rabbil 'alamain wa sholatu wassalamu 'ala asrafil anbiya'i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa 'ala 'alihi wa shahbihi ajma'in, amma ba'du
  • Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu pantes pinundi pundi
  • Panjenenganipun purna karya labet praja, ingkang satuhu dahat kinurmatan
  • Para santana warga saking Bapa................sekalian garwa ingkang kinurmatan
  • Para lenggah kakung miwah putri,miwah kadang wredha taruna  ingkang satuhu bagya mulya
Amit pasang paliman tabik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang towang, mugi linepato saking siku dendhaning Gusti Allah ingkang Maha Agung, kalilana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu nggempil kamardhikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, karan ing kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya miwah cundaka sulih sariranipun  Bapa................sekalian

Tinarbuka kepareng langkung rumiyin  kula ngaturaken puji syukur Alhamdulillahirobil'alamin wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Kawasa awit saking barokah saha rohmatipun ingkang tansah keparingaken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga maksih pinaringan  kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala. Sinawung raos suka ing ngajeng keparenga kula ngaturaken  wosing gati menggahpisowan kula sakadang.

Nun inggih maligi wonten ngarsanipun Bapa................sekalian ingkang hamengku gati kula minangka sulih saliranipun Bapa............sekalian ngaturaken salam taklim mugi wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kaluwarga samudayanipun. Wondene wigatosingisowan kula sakadang saperlu ngaturaken wudharing gantha babaring sedya. Nun inggih ing nguni  Bapa............sekalian sami-sami nggadahi pirembagan ingkan ging antawisipun Bapa............sekalian nggadahi putra jalu kekasihipun Bagus .................. wondene Bapa................sekalian ingkang hamengku gati nggadahi kenya taruni sesilih Roro Ayu .................. gumolonging pirembagan nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndodho latar ndodhok lawang sumedya nginang jambe suruhe , kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha  sampun manunggal cipta rasa miwah karsan agenging manah ingkang tanpa pepindhan Bapa............sekalian anggenya sampun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan menika  Bapa............sekalian ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.

Nun inggih perlu kula aturaken wonten ngarsa Bapa............sekalian  garwa ingkang hamengku gati. Sanggan saha majemuk ingkang sampun woten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan temah mboten saged pisah salami-laminipun. Kasoking katresnan Bapa............sekalian dhumateng Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati) ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ing pangajab minangka agemanipun badhe calon penganten putri.

Mboten kekilapan Bapa............sekalian ngaturaken redana wujuding arta kenginga damel ngentheng-ngenthengi anggenipun  Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati) netepi darmaning asepuh miwaha siwi mahargya suta. amung panyuwunipun Bapa............sekalian, mugi keparenga calon penganten kadhaupaken saha kapanggihaken  miturut satataning agami miwah adat ingkang sampun lumampah ing tlatah kampung ..... mriki. Hambok bilih Bapa............sekalian anngenipun ngaturaken sarana wonten kekiranganipun labet budi dayaning manungsa kirang sampurna mila awit saking menika Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati) mugi hangandhapno samodra pangaksama ingkang agung.

Pepuntoning atur kula minangka sulih salira saking Bapa............sekalian menawi wonten gonyak-ganyuking wicara kiranging suba sita  ingkang singlar ing reh tatakrama miwah kasusilan, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya. ing wasana wabilahitaufiq wal hidayah

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh 

3. Tuladha atur panampi pasrah lamaran

Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Alhamdulillahi 'ala ni'matil islam wal iman wal hidayah, wa kafa biha ni'mah, allahumma shalli wa sallim wa barik 'ala sayyidina Muhammad dibi Abdilah, wa 'ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, lahaula wala quwwata illa billah, amma ba'du

  • Dhumateng para pepundhen, para sesepuh, para ajisepuh saha para pinisepuh ingkang satuhu pantes pinundi pundi
  • Panjenenganipun purna karya labet praja, ingkang satuhu dahat kinurmatan
  • Para kadang duta saraya saking calon/badhe besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan
  • Para lenggah kakung miwah putri,miwah kadang wredha taruna  ingkang winantu ing suka basuki
Hangemban wuwus saking karsanipun Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati), ing kalenggahan punika kula piniji pinangka sulih salira kinen nampi pasrahipun Bapa ........ minangka cundhaka badhe/calon kadang besan sutresna.
Minangka purwakaning atur kula ugi ndhereaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem gusti Allah ingkang Maha Welas lan Asih, awit  sih wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang panjenengan sedaya dalasan kula, pramila sumangga kula dherekaaken mos kalimah tahmid Alhamdulillahirabil'alamin

Nun inggih panjenenganipun Bapa ............ (ingkang pasrah) ingkang pantes sinudarsana, sedaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa papindhan Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati), lumantar kula.

Nun inggih atur salam taklim saking badhe / calon kadang besan lumantar penjenenganipu kula tampi. Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi renaning manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun  Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati). Atur panyuwunipun  saking badhe/calon kadang besan menggah panggih lan ijabipun badhe/calon pengantin mangke badhe kaleksanaaken ijab wanci tabuh..........panggih wanci tabuh............... mboten kekilapan panjenenganipun Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati),amung ngaturaken panuwun menggah sedaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati), mugi dadosa raketing kekadangan sami-sami netepi darmaning asepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Amung semanten panampi saking Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati) lumantar kula. Ngaturi uninga wahyaning mangsa kala tumapaking adicara saklajengipun nun inggih kaleksaanipun adicara liru kalpika.

Pepuntoning atur kula hambok bilih  kirang hanuju prana anggen kula nampi labet kula hanglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing reh basa tuwin sastra ingkang punika panjenenganipun Bapa ............ (ingkang pasrah)sumarambah para lenggah sedaya  mugi hangandhapna agunging pangaksama  ing wasana wabilahitaufiq wal hidayah

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh 

Demikian postingan tentang contoh teks pidato pambagya harja, pasrah dan panampi lamaran dalam bahasa jawa. Contoh ini bisa ditambah dan dikurangi sesuai prosesi lamaran adat jawa yang biasa dilaksanakan ditempat pembaca yang budiman.Terima kasih telah berkunjung di blog saya, semoga semua postingan saya bermanfaat.




No comments:

Post a Comment