Contoh teks naskah Pranata Cara / MC acara lamaran dalam bahasa jawa

 Contoh teks  naskah Pranata Cara / MC acara lamaran dalam bahasa jawa

Para pembaca yang budiman, postingan kali ini adalah contoh naskah untuk pranata cara acara lamaran sesuai dengan urutan prosesi lamaran adat jawa



TULADHA PRANATA CARA ADICARA ING PAHARGYAN LAMARAN
  • Tuladha Atur Pambuka Pranata Adicara Pasrah Panampining Lamaran
Bismiliharirohmanirrohim
Assalmu'alaikum  Warohmatullahi Wabarokatuh

(Setelah salam membaca mukadimah )Kemudian membacakan penghormatan terhadap para hadirin.

Panjenenganipun para pepudhen, para ajisepuh, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang satuhu pantes kinurmatan, para lenggah kakung  putri, miwah kadang wredha ingkang winantu ing suka rahayu.

Mradapa awit saking keparingipun Bapa................( ingkang hamengku gati )sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kula piniji minagka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi.

Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kaluwarga, cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila sumangga nun kula.dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, karana agenging barokah  saha rahmat ingkang sampun keparing-aken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Mboten  kasupen shalawat lan salam mugi tansah kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah kaluwarga miwah para sahabatipun, mugi -mugi kita pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil kiamah, Amiin.

Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti minangka sarana jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, kepareng pranata adicara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam dening para kulawangsa.

  • Tinarbuka atur pambagya harja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun piniji
  • Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih sarira saking badhe / calon kadang besan
  • Atur panampi dening tetuwangga inkang piniji ingkang minangka sulih saliranipun Bapa............ ingkang hamengku gati.
  • Kaleksananing liru kalpika rukmi.
  • Tanggap wacana  saking pinisepuh utawi mauidhoh khasanah
  • Paripurnaning adicara / kendurenan
  • Konduripun kadang besan sutresna

baca juga : tuladha pasrah temanten kakung
atur panampi temanten
tuladha atur pambagya harja pahargyan temanten



Makaten para tamu saha para rawuh, urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kaluwarga, kasuwun wontena suka waning pengalih para lenggah tansah hanjenengi gantos purnaning gati.

  • Tuladha atur panata cara badhe Pambagyaharja 
Pak Rawuh para pilenggah kakung putri, ingkang satuhu bagya mulya, raos bombong miwah mongkoking manah, panjenenganipun bapa..............sekalian ingkang hamengku gati mboten saged kagambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika badhe ngaturaken pambagyaharja wonten ngarsa panjenengan

Awit saking menika saking bombonging manah anggenya badhe matur aming kandheng wonten ing samadyaning jangga, ingkang punikaminangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bapa ........... wekdal kasumanggaken, sumangga nun.

(atur pambagya harja saking tetuwangga ingkang piniji )

  •  Tuladha atur panata cara sasampunipun adicara  Pambagyaharja 
Terwaca  cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bapa ........ pinangka sulih sarira ingkang hamengku gati. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, sak lejengipun dugi laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan sutresna. Wondene ingkang pinangka sulih sarira nun inggih panjenenganipun Bapa............ wekdal kasumanggaaken.

(atur pasrah lamaran saking badhe/calon kadang besan )

  •  Tuladha atur panata cara sasampunipun pasrah ngancik panampi
Para lenggah kakung miwah putri, menggaah atur pasrahipun Bapa............ pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa cetha wijang wijilih pangandikan, ingkang saklajengipun pasrah sarana badhe katampi panjenenganipun Bapa ................. minangka sulih salira Bapa ............sekalian (mengku gati ). Wekdal kasumanggaaken, sumangga nun.

(atur panampi pasrah saking hamengku gati )
  • Tuladha atur panata cara sasampunipun pasrah  panampi lamaran
Kanthi cetha terwaca atur panampi saking panjenenganipun Bapa................minangka sulih saliranipun ingkang hemengku gati, ingkang sak lajengipun dipun wonteni paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanaaken paragan saking duta saraya ( ingkang pasrah ) dhumateng panampi pasrah, ujuding arta miwah jene sak lajengipun kaaturaken dhumateng ingkang mengku gati, kaleksananing sedya kasumanggaaken.

(seserahan arupi arta lan upakarti sanesipun kapasrahaken )
  • Tuladha atur panata carabadhe kaleksanaaken liru kalpika
Para lenggah kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan, jumbuh kalian pamintanipun saking calon kadang besan, ing mriki keparengipun Bapa .............ingkang hamengku gati kaleksanaaken wontenipun liru kalpika dening para kaluwarga ingkang piniji mratitisaken.

Wondene para kaluwarga piniji nun ingih panjenenganipun Ibu........ saha Bapa ................... hanganti calon penganten putri , Calon temanten kakung ugi kakanthi panjenenganipun Ibu saha Bapa...............

Kados samudayanipun sampun samapta ing gati, dhumateng para kaluwangsa ingkang piniji wekdal kasumanggaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindaaken calon penganten. Sumangga.

(liru kalpika / tukar cincin )
  • Tuladha aturipun  panata cara salabetipun liru kalpika
 Para lenggah kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan, kaleksanan liru kalpika pangandikanipun para pinisepuh liru kalpika saged katindaaken sederengipun calon penganten kaijabaken utawi kapenggihaken saged winastan imbal kalpika, tali asih minangka pratanda miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadhahi.
  • Tuladha aturipun  panata cara badhe tanggap wacana
Kanthi lulus raharja liru kalpika, ingkang katindaaken calon temanten  kakung saha penganten putri, inggih awit saking keparengipun Bapa .......... sekalian (ingkang hamengku gati ) mrih calon temanten mantep anggenya badhe netepi palakrama mboten nalisir saking prajanji ingkang sampun wonten paugeran ingkang antawisipun calon tementen kakung miwah temanten putri, saha tansah asah, asih, asuh, mboten kengguh ing panggoda.

Ingkang punika badhe wonten tanggap wacana saking pinisepuh ngiras pantes paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tunuju kaseanan. Wondene ingkang kepareng tanggap wacana nun inggih Bapa ....... ( pinisepuh/kyai) wekdal kasumanggaaken )

  • Tuladha aturipun  panata cara wonten ing salebetipun swasana mirunggan.
 Para lenggah kakung sumawana putri  ingkang satuhu bagya mulya laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit kados sampun kaleksanan kanthi pinayungan rahayu basuki tebih ing sambekala.

Namung panyuwunanipun Bapa ............. (ingkang hamengku gati ), panjenganipun para lenggah kakung sumawana putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratanda paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih  miwah rama ibu   (ingkang hamengku gati ) sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah sabar sawetawis. Ewondene keparenga para kadang muda taruna ngaturaken pasugata prasaja konjuk sagung para rawuh.

(sasampunipun pasugata dedharan purna )
Para lenggah kakung sumawana putri  ingkang satuhu bagya mulya, adicara candhakipun nun inggih kendurenan, ingkang badhe dipun imami dening panjenenganipun simbah modin ............ sumangga.

  • Tuladha aturipun  panata cara ndungkap paripurnaning gati
Handungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanan dening para kaluwarga.  Para rawuh kakung sumawana putri  ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun paripurnaning gati panjenenganipun  Bapa.....(ingkang hamengku gati ) ngaturaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, bilih sampun kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng nir ing sambekala, mboten kakilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumarambah para rawuh samudayanipun. ingkang punika panjenenganipun  Bapa.....(ingkang hamengku gati )tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sedaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kelanggahan penjenengan sedaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama penjenengan.

Kula minangka pambiwara ugi hanglenggana karana kiranging seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra , ingkang menika hambok bilih wonten kalepatan kula, mugi para rawuh sedaya ngluberna pangaksama ingkang agung.
Sagung para rawuh calon temanten kekalih badhe kejengkaraken, panjenengnaipun kakanthi rama saha ibunipun tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati.

Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang sampun kaleksanan para kaluwarga, sesantining Bapa.....(ingkang hamengku gati )mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, konduripun ndherekaken sugeng.

Wabilahi taufiq wal hidayah
Wassalmu'alaikum  Warohmatullahi Wabarokatuh

Demikian contoh naskah pranata cara acara lamaran dalam bahasa jawa, semoga bermanfaat dan terima kasih telah berkunjung di blog saya ini

6 comments: