contoh mc bahasa jawa acara panggih

contoh mc bahasa jawa acara panggih

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming saha pangayomaning para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
Panjenganipun kadang besan sutresna, miwah sedaya pangombyong temanten kakung ingkang satuhu bagya mulya.
Panjenenganipun satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Mradapa awit saking keparengipun Bp Darsono Ibu Siti Rofiah, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka  pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika. Nun inggih panjenenganipun  Bp Darsono  netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
****Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Alfiatun Khasanah, S.Pd  Putra putrinipun Bapa Darsono, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Siswanto  putra kakungipun Bapa Suwaji Ibu Harni  ingkang pidalem  wonten ing Dusun Boto Desa Boloh kecamatan Toroh , sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, Kanthi satataning nagari miwah agami, saha sineksen para pinisepuh, sesepuh, kala wau enjing, wanci tabuh 08 WIB ( wekdal Nuswantoro Imbang
Pracima Nyarengi surya kaping 20 Agustus  2018 mapan ing dalemipun bapa darsono mriki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
1.Pambuka
2.Kalejengaken  sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga,
3.Ndungkap titi laksana tataran angka 3, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Atur pasarah badhe kaaturaken dening Bapak, ......................................minangka  sulih sarira saking Bapa Suwaji, ewondene atur panampi badhe kaaturaken dening panjeneganipun Bapak Tholibin minangka talanging basa saking bapa Darsono
4. Kalajengaken adicara ingkang angka 4, nun inggih adicara adat widi widana panggihipun sri atmaja temanten sarimbit muturut tata cara adat ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan Dusun Kedung Desa genengadal mriki.
5.Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga.
Ibu-ibu, bapak-bapak, saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan. Minangka pambukaning adicara dhauping penganten menika, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.

********************
Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang, Satuhu kinabekten,adicara candhakipun nun inggih lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Atur pasarah badhe kaaturaken dening Bapak, ......................................minangka  sulih sarira saking Bapa Suwaji, ewondene atur panampi badhe kaaturaken dening panjeneganipun Bapak Tholibin minangka talanging basa saking bapa Darsono

  Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun Bp ___________ minangka sulih salira panjenenganipun Bp SUWAJI, Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp THOLIB  sesulihipun bapa darsono
hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.
Para rawuh, atur pasrah penganten kakung,konjuk dumateng panjennganipun bp ...............sasana pangandika kawula haturaken.

Nun inggih, cetha terwaca paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun ..................... gya tinampi panjenenganipun Bp THOLIB   minangka talanging basa panjenenganipun Bp Dharsono  ing wasana wekdal kasumanggakaken.Nuwun.

Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala. Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu Juru Rias Saking sanggar Rias IIS ingkang mapan ownten ing dusun kedung Desa genengadal,inkang menika hambok bilih sapun samapta ing gati dumateng ibu Juru Rias kepareng mratitisaken adicara  panggihipun Sri pinanganten kekalih sumangga nun, nuwun.

Tumapak ing titilaksana adicara ingkang
 
kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng group rebana .........................saking .................. saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban ............................saking ................. Sumangga.
 Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Awit saking berkah pangestu panjenengan sedaya, upacara adat widhi widana Panggih, Krobongan lan Sungkeman sampun paripurna. Ingkang menika ateges upacara pawiwahan sampun purna, ingkang suwaunipun taksih winastan Putra Calon Temanten menggah satataning adat, sakmenika sampun sampurna dados Putra Temanten, dhumateng panjenengan sedaya kaaturaken agunging panuwun
**Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu juru rias, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh.
 *Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa Darsono  sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kanthi andhap asoring manah ‘ nyadhong samodra pamgaksami
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

No comments:

Post a Comment