Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 6 Orang

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 6 Orang


Tema :Budaya Kuwi Warisan Bangsa Sing Kudu Di Jaga
Judul : Nonton Wayang Kulit
Pemain  : 6 Orang

baca juga  : naskah drama 6 orang dengan tema sosial
Pemain
1.    Danang
2.    Toni
3.    Muna
4.    Rizki
5.    Elfa
6.    narator


Narator :
Gek bengine ngono Danang arep ngajak Toni ndelok wayang nang alun-alun, tapi Danang ora ono. Pas ketemu kare Toni, Danang banjur takon karo Toni

Danang:
Jane awakmu mambengi kui nondi to, Ton?

Toni:
Nyaopo kok takon aku mambengi kondi? emange lapo, Nang?

MUna:
Awakmu kui arep di jak nonton wayang nang alun-alun karo Danang.

Ngerti Yen mau bengi ono wayang, Rizki Kaget marga dhewekke ora krungu kabare

Rizki:
Lho.. emange mambengi ono wayang toh nang alun-alun? awakmu jare sopo? aku kok gak krungu yo?

Danang:
Iyo, ono.

Rizki:
Waduh.. geton tenan aku cah gak nonton mambengi. Yo opo kon iki kok gak ono seng ngandani aku?

Narator :
Ujug-ujug Elfa ngomong ....
Elfa:
Lha kue arep ndelok wayang barang kuri nyapo toh jane? wong wayang wae kok arep kon delok, penak  ndelok tv nok omah.

Rizki:
Lho.. lho.. lho.. piye toh jane awakmu iki? wong ono wayang kok anok ndelok tv tok omah iku. Kui ngerti ora nek wayang kui salah sijini budoyo wong Jowo?

Muna:
Pancen bener ! Wayang iku salah sijini budoyo wong Jowo sing kudu dilestarekno.

Danang:
Iyo, bener kui. Ojo sampe wayang kui ora  awake dewe lestarekno soale kui warisan bangsa lho.. ngawur wae awakmu iku, Fa!

Narator :
Elfa  malah ngeyel dan dia bilang bahwa wayang itu nggak berguna.

Elfa :
Walah.. wayang wae kok digawe ribut. Lah penak ndelok liyane. Emange wayang kui tontonan opo toh.. gak ono menarik'e blas kui!!

Narator :
Konco-koncone Elfa tambah gregetan karo Elfa

Danang:
Wah.. awakmu iki pancen payah tenan. tak antem misan kue.. mosok wong urip kok gak ngerti warisan budoyo.

Rizki:
Iyo, tenan Elfa  iki.. payah kok iki, Fa!

Toni :
Piye toh Fa, wong kui budoyomu dewe kok malah ko
enyek?!

Muna:
Yo ngono kui, wong nek wes lakone wae ora jejek yo ngono kui. Wong budoyo kui identitas bangsa kok malak di inyek.

Narator :
Akhire saka  wong papat kui Danang sing bisa nyadarke marang Elfa

Danang:
FA, aku arep takon kare awakmu..

Elfa :
Takon opo? ndang takon

Danang :
Awakmu karo Sinta ( Pacare Elfa ) maune seneng opo ora?

Elfa :
 Yo Ora.

Danang :
Lha terus saiki kok kelakon pacaran kui, opo sing nggarahi kowe seneng?

Elfa :
Lha ngene lho Nang, aku maune ngangget nek Sinta iku ora wong wedok apik kok. Lha jebul suwe-suwe akrab aku ngerti yen dhewekke ndueni sifat-sifat sing terpuji. Akhire aku ya njur seneng.

Danang :
Budoyo yo ngono kui.. awakmu ora seneng kare wayang kui yo mergo awakmu ora ngerti sejarahe. Jajal awakmu ngerti sejarahe lak kue iso seneng.

Elfa njur mikir meneng sedelo terus ngomong

Elfa :
Wah iyo yo.. ketok'e bener sing kon omongno kui.

TAMAT

Baca Juga : contoh pidato bahasa jawa tentang bahaya narkoba

No comments:

Post a Comment