pranata cara bahasa jawa acara pengajian



Menjadi MC / Pranata Cara Pengajian Bahasa Jawa

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
Salam
Selamat datang dalam blog saya. Disini saya akan memposting kegiatan yang menjadi hoby dan kegemaran saya yaitu berbicara atau pidato berbahasa jawa. Walaupun masih dalam tahap belajar tetapi saya memberanikan diri untuk memposting. Mudah-mudahan setelah ini saya bisa menjadi lebih baik dan baik lagi kedepannya.
Kali ini saya akan memposting tentang menjadi mc atau pranata cara dalam acara Pengajian Khitanan ( Walimatul Khitan )
Sebagai MC atau pembawa acara kita harus faham acara apa saja yang akan dilaksanankan pada saat itu, siapa tuan rumah, yang di undang dalam acara itu, siapa pengisinya dan lainnya.


Sebagai permulaan kita akan membacakan mukadimah dibawah ini adalah contohnya.

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Setelah mukadimah kita akan sampaikan penghormatan, dibawah ini adalah urut-urutan yang pantas mendapatkan penghormatan
*        Para orang tua dan yang di tuakan
*        Para cendikiawan
*        Kyiai atau ustad yang mengisi tausyiah
*        Pejabat pemerintahan ( kepala desa, sekretaris desa dan seterusnya )
*        Semua tamu undangan dan yang hadir keseluruhan
Dibawah ini adalah contoh penghomatan dalam bahasa jawa.

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;

Para bapak / ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.

Setelah penghormatan kita mengucapkan ungkapan rasa syukur kepada Allah, dan juga shalawat kepada Junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW.

Purwakaninh Atur sumangga kula dherekaken , ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring kanugrahan  kawilujengan dhumateng  kula lan panjenengan,  saha saking paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Kemudian kita uraiakan maksud acara saat ini dan juga susunan acara dari awal hingga akhir

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
  1. Adicara angka sepisan Pambuka
  2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
  3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
  4. Adicara ingkang angka sekawan, waosan rhatib tahlil saking  Bapa/Kyai …………. (biasanya kiyai atau  orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
  5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
  6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Setelah selesai membaca susunan acara, acara yang pertama biasanya adalah pembuka. Dalam acara pembukaan ini bisa kita serahkan kepada sesepauh atau kita pimpin sendiri untuk memulainya
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Walimatul Khitan  ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).

Sabagai penghargaan kepada hadirin yang telah mambaca pembukaan bersama
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.

Berikan tambahan perkataan setiap pergantian acara sehingga tidak terdengar membosankan

Mekaten menggah atur pambagyaharja. sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, waosan rhatib tahlil  saking panjenenganipun bapak kyi………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana "Sabda Ria" saking Pedukuhan Kedung, Desa Genengadal. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Slamet saha Bapak Sutato minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan waosan rhatib tahlil kinarya paring do'a dumateng para ahli kubur ingkang hamengku gati sumrambah ahli kubur kula panjenengan sami, ingkang badhe dipun imami dening panjenenganipun Bapak kyai…………… Dhumateng bapak kyai………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak kyai……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.

Sebagai penutup ucapkan kata permintaan maaf , bagaimanapun juga pasti ada kata-kata kita yang kurang tepat baik pengucapan , intonasinya kurang pas ataupun artikulasi yang kurang bagus

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
Demikianlah tulisan saya tentang bagaimana menjadi seorang pembawa acara/pranata cara acara menggunakan bahasa jawa. Terima kasih, mudah-mudahan bermanfaat.
baca juga contoh pranata cara yang lainnya :
pranata cara peringatan HUT RI 
pranata cara singkat panggih temanten


No comments:

Post a Comment