Cerita Wayang Karna madeg Senopati

Cerita Wayang Karna madeg Senopati

Cerita pewayangan ini adalah cerita pada saat Adipati Karna Ditunjuk menjadi Panglima perang oleh Duryudana saat perang Baratayudha. Dalam adegan ini menceritakan suasana di dalam markas perang kurawa, dimana  punggawa kurawa yang hadir adalah Duryudana, Karna, Sengkuni, Prabu Salya, Aswatama.Ini adalah dialog antar punggawa tersebut.
jejer wayang saat karna di tunjuk menjadi panglima perang

Myat jroning wardaya ngrumpaka kakandha...
Nujweng ari sajuga..

Ooooo...

Srinata sumewa lenggah dampar denta...
Ing sitinggil binatara...
Ingadhep punggawa ingajap pra kenya..
Rungkep ing pasewakan...
Tintrim kang sumewa...
Samya anilingaken pangandikaning nata...

Ooooo...
****

Duryudana: Gelah-gelahing jagad manusmaning jalalaknat..!!!
Eyang Bisma dalah Bapa Durna, ingkang sayekti Sekti Mandraguna, gugur ing madyaning ayuda...
Saben-saben Senopati maju, ora wurung maju tatu mundur ajur..
Kepara malah gugur...
Wis entek banda negara Ngastina gawe ragat perang...
Sing Gawe Urip ingkang jarene adil, nyatane mban cindhe mban siladan...
Pandawa di ayomi, Kurawa di gawe wirang...

Salya: Angger Anak Prabu, kula aturi sareh Ngger, sabar...
Sampun ngantos nyalahaken Gusti Ingkang Maha Kuwaos...
Gusti menika Maha Adil Ngger, Maha mirah...
Nanging manungsane ingkang lepat...

Duryudana: Cekap...!!!
Kula mboten butuh pitutur...
Kula mboten butuh piwulang...
Ingkang kula betahaken, Kurawa unggul jurite...
Pandawa kudu tumpes, sak cindhile abang...
Kaka Prabu Karna...

Karna: Katimbalan dawuh Yayi...

Duryudana: Sak derengipun Baratayudha tumapak, Ndika tansah sesumbar, sagah dados cagak tegak'ing Ngastina...
Nanging nyatane, dugi samangke, ndika dereng tumindak napa-napa...

Karna: Yayi Prabu, kepareng keng Raka paring pangandikan...
Sak dangu punika, Yayi Prabu tansah njago'aken para Brahmana...
Eyang Bisma tuwin Bapa Durna, ingkang sayektos pilih tandhing, dados guru Satriya Tama...
Nanging nyatanipun, keseser dening Wanodya pun Srikandhi, lan bocah wingi sore si Tristajumna....

Aswatama: Kakang Adipati Karna...!!!
Ngati-ati anggonmu ngucap, hhmm...
Para Bramana ingkang wus gugur, ora sithik lelabuhane..
Wis pira Senopatining Pandawa ingkang gugur ngadhepi jurite Eyang Bisma lan Bapa Durna...??
Banjur kowe wis labuh apa, hhmm..??
Amung gedhe sumbar tanpa duwe karya...

Karna: Weladalah, langap-langap cangkemu kemucap ingkang mangkono ana ngarsane Yayi Prabu Duryudana...
Heh, Aswatama..!!!
Banjur saiki karepmu piyee, hhmm..??
Yen mung ngadhepi anak Pendhita Durna kaya dapurmu, ora gigrig pantang mundur sak jangkah ngadhepi kowe...!!!

Aswatama: Babo...!!!

Duryudana: Mandheg..!!!
Heh, Aswatama..!!!
Lekna matamu lan gatekna gobogmu, hhmm...
Kaka Prabu Karna kejaba kadang kaipe klawan ingsun, nanging uga Senopati Ngastina...
Banjur kowe sapa, hhmm..??
Kowe dedhangka ing Ngastina mung ngenger, merga saka anane Bapa Durna...
Kamangka Bapa Durna saiki wis seda...
Iku tegese, Ngastina ora butuh dapurmu...
Wiwit dina iki, kowe lan sak brayatmu tak tundhung saka Ngastina...
Minggat..!!!
Ora minggat tak pecah ndasmu...!!!
Kaka Prabu Karna...!!

Karna: Wonten pangandikan, Yayi...

Duryudana: wonten ing ri kalenggahan punika, sinten malih ingkang kula gadang-gadang madeg Senopati, kejawi namung paduka...
Kula suwun Kaka Prabu Basukarna kersa Nyenopateni barising Sata Kurawa...

Karna: Duh Yayi Prabu, pangandika sak kalimah punika ingkang kula tengga...
Inggih, kula sagah...
Sampun kuatos Yayi, mbenjang enjang, sareng mlethek'ing surya ing brang wetan, kula sampun mandegani barising Kurawa...
Lan, mboten ngantos suruping surya, bade Kula pisungsunaken ing Ngarsa paduka, mestaka Pandawa gangsal cacahipun, Yayi...

Duryudana: hahaha...
Inggih Kaka Prabu...
Rumaos mongkog manah kula, dupi midhanget pangandika paduka, Kaka Prabu...
Wiwit dinten punika, sedaya gelar prajurit lan purbawasesa, kula pasrahaken dateng paduka...

Karna: ngesto'aken dawuh Yayi Prabu...
Kagem gelar prajurit mbenjang, kula bade gelar baris Garuda Nglayang, Yayi...

Duryudana: Bilih mekaten, kula keparengaken, paduka nitih pusaka kereta Kyai Jatisura....
Nanging emanipun, dugi wekdal samangke, dereng wonten ingkang sagah ngusiri...

Karna: bilih mekaten, Kula nyuwun palilahipun Yayi Prabu, supados Kanjeng Rama Prabu Salya, kersa hangusiri...

Salya: jagad dewa Bathara...
Heh Karna anak sudra, ingkang ngaku dadi putra mantuku...
Wis makaping-kaping kowe nyepelekke kawibawaning penjenengan ingsun, hhmm...
Penjalukmu iku pada dene nampleg raine Prabu Salya...
Dadi kusirmu, aku ora saguh...

baca cerita lainnya : durna gugur

Karna: duh Kanjeng Rama Prabu, sampun klentu ing penampi..
Mengsah Kula pun Arjuna, ingkang wekdal samangke dipun kusiri dening Prabu Kresna, ingkang nyata limpad...
Kagem ngimbangi kridanipun Arjuna, namung paduka Kanjeng Rama Prabu...

Duryudana: Duh Kanjeng Rama Prabu, kula suwun welasipun paduka dateng Kula...
Kagem jayanipun Kurawa, kula suwun paduka kersa hangusiri Kaka Prabu Ngawangga, Kanjeng Rama Prabu...

Salya: jagad dewa Bathara, yaa...
Bilih mekaten Angger Anak Prabu, pun Rama mboten saget selak menapa-menapa..
Inggih, pun Rama sagah hangusiri...
Mbenjang enjang, kula sampun manjing ing kereta, nrabas barising Pandawa...!!!

Duryudana: Paman Harya Suman...

Sengkuni: Kula wonten dawuh, Sinuwun...

Duryudana: pun mangsa borong kepripun jengandika bade ngecakKe barising prajurit...
Nanging sedaya purba wasesa, wonten ing astanipun Kaka Prabu Basukarna...

Sengkuni: nun inggih, ngesto'aken dawuh Sinuwun...
baca cerita berikutnya : karna tanding

No comments:

Post a Comment