contoh teks panampi temanten kakung

Contoh  teks panampi temanten kakung

Postingan kali ini adalah teks panampi tementen kakung saat acara pasrah dan tampi acara panggih, saya memposting bukan karena sudah pandai atau berpengalaman dalam hal ini. Tetapi semata-mata hanya untuk bahan belajar saya saat menerima permintaan dari warga menjadi duta saraya atau perwakilan dari tuan rumah. Untuk para pembaca yang nyasar ke blog saya mudah-mudahan bisa membantu memberi masukan untuk kedepan supaya lebih baik.
baca juga : https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2018/07/pasrah-temanten-kakung.html

teks panampi penganten kakung
Bismillahirohmanirohhimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Alhamdulillah wa syukrulillah wa sholatu wa sallamu ‘ala rasulillah sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba’dah.


Konjuk dumateng Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajiesuph, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen..
Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun.
Langkung-langkung wabil khusus panjenenganipun ................................ ( kalau ada tokoh Kiyai atau ulama yang hadir pada acara tersebut )
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Mliginipin dumateng bapak kepala Desa ................ dalah sedaya perangkatipun ingkang tansah kawula tuhoni sedaya atur pangandkanipun.
Panjenenganipun bapa ...........( besan ) dalah .para kadang pengombyong temanten,  kakung/putri saking ..................................( sebutkan dari mana asal besan ) ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.
 Mboten kesupen Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten ing dalemipun bapak .........................( tuan rumah ) kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga kita ikraraken  kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun benjang wonten yaumil qiyamah.

Kanthi linambaran trapsila ing budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparingipun Bapa................( tuan rumah )  Ibu, kawula piniji minangka duta saraya talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa ......................( besan ) sekalihan lumantar panjenganipun Bapa ....................... ( nama perwakilan besan )

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa papindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga

Sanget ketampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun kadang besan lumantar panjenenganipun bapa ....... ( perwakilan besan ) kawula tampi, kanthi atur Waalaikumsalam  wr wb salajengipun dhumawaha sami-sami.

Panjenenganipun Bp ............................. (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi asto kalih, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bp ................ ibu ................... ( tuan rumah ) lan sak lajengipun mbok bilih sampun samekto ing gati samudayanipun, dumateng panjenenganipun ibu juru rias nuwun inggih ibu.................. ( nama juru rias ) saking sanggar rias ..................... ( nama sanggar rias ) kasuwun mratitisaken lampahing adicara panggih,  miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun lumampah wonten ing dusun ......................... ( nama tempat ) mriki, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa .............. ( tuan rumah )sekalihan garwa. Mboten kekilapan Bapa ................... ( tuan rumah ) sekalihan namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparinganipun kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa ................... ( tuan rumah ) sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Para Rawuh para pilenggah ingkang satuhu dahat kinurmatan....
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak……………….( tuan rumah ) sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya.

*Bapak saha Ibu.......................... ( tuan rumah ) .sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.
Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….( tuan rumah ) ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para muda- mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon,  Bapak saha Ibu ……………( tuan rumah ) sakulawarga mboten saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken donga pamuji, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.

*Bapak saha Ibu ……………. ( tuan rumah ) sakulawarga nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.
Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen kados mimi lan mintuno , rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

* mbok bilih Bapak saha Ibu ……………. ( tuan rumah )wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.

Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang kinaurmatan saha kadang besan sutresna ingkang satuhu bagya mulya.

Menggah atur saking kadang besan lumantar Bapa....................( ingkang pasrah )  hambok bilih sampun pari purna pahargyan siang punika, panjenenganipun ngersakaken nyuwun pamit, kondur wonten dalemipun sowang-sowang, Bapa .......................( tuan rumah ) mboten saged ngantun punopo-punopo, namung saged ngaturaken sugeng kondur sinartan puji donga mugi lampah kondur panjenengan sedaya milai pawiwahan punika dumugining dalemipun sowang-sowang tansah pinarengan rahayu wilujeng tebih saking pringga bayaning margi.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula matur punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
berikut ini adalah salah satu video acara pasrah dan panampi pengantin kakung

No comments:

Post a Comment