CONTOH SAMBUTAN KETUA PANITIA HUT KEMERDEKAAN RI

SAMBUTAN KETUA PANITIA  HUT KEMERDEKAAN RI

ASSALAMU'ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH

SAMBUTAN-PANITIA-HUT-RI-73
Bimillahirahmanirrohimi
Alhamdulillahi 'ala ni'matil islam wal iman wal hidayah, wa kafa biha ni'mah, allahumma shalli wa salim wa barik 'ala sayidina Muhammadibni Abdillah, wa 'ala 'alihi wa shahbihi wa mawalah, lahaula wa kuwwata ila billah, amma ba'du

ingkang kawula hormati panjengamipun para pinisepuh, sesepuh aji sepuh ingkang dahat kinabekten rahimakumullah
ingkang kawula hormati para 'alim,  ulama, para kyai, ustadz, ustadzah ingkang tansah kita tengga sedaya pitutur luhuripun, langkung - langkung  wabil ksusus pajenenganipun rama kyai Haji Muhammad Yahya Rosyad, ingkang kita tengga rawuh saha wadharing wursita aji utawi tausyiahipun, ingkang dipun mulyaaken Allah.
wanten ngarsanipun bapak Kepala Desa genengadal , miwah sedaya perangkatipun ingkang kita estuaken sedaya dhawuh pangandikanipun
Panjenganipun para tamu undangan ingkang satuhu kinurmatan
mboten kasupen para rawuh para pilenggah kakung sumawono putri dalah kadang muda taruna ingkang satuhu bagya mulya,
purwakaning atur, sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur kanthi lafal "Alhamdulillahi robbil 'alamin " . wonteng ngarsanipun gusti ingkang maha welas lan maha asih , Gusti Allah AWT, Awit saking sedaya nugraha lan barokahipun panjenengan lan kula saged kempal manunggal wonten ing menika papan kanthi pinaringan kasarasan saha kabragsawarasa,
Saklajengipun shalawat lan salam mugi tansah kita haturaken dumateng junjungan kita, panutan saha pathuladan kita nun inggih nabi agung Muhammad SAW, mugi  mugi kula lan penjenengan pikantuk syafaatipun awit saking gesang ing dunya menika ngantos dumugi ing akhitat. Amin ya robbal Alamin

Hadirin wal Hadirat saha para tamu undangan ingkang kawula hormati, kawula ing mriki matur minangka wakil saking pemuda saha panitia, ngaturaken sugeng dalu, sugeng pinarakan kanthi mardu mardikaning penggalih
ingkang sepindah Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, matur sembah nuwun panjenengan sampun kersa  rawuh wonten mriki nglonggaraken wekdal minangkani menapa ingkang dados undanganipun panitia, lan ugi panitia ngaturaken agunging samudra pangaksami hambok bilih mboten saged nampi sarawuh panjenengenan sedaya kanthi sae, mboten saged ngaturaken papan palenggahan ingkang sekeca, saha nyaosaken dedaharan lan unjukan ingkang mirasa.
kaping kalihipun saking panitia ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa penpindahn kagem sedaya warga masyarakat kudung timur mriki ingakang sampun paring sumbangsih awujud dana, wonten ing nig kalodangan punika kawula aturaken bilih sumbangan penjenengan sedaya inkang dipun kempalaken para kadang kaneman totalipun pikantuk ................rupiah,
Alhamdulillah, minat warga kedung timur mriki ageng sanget, katitik saking jumlah sumbangan inkang terus meningkat selama tigang tahun niki rutin ngawontenaken kangge perayaan HUT kamardhikan RI,
Panitia namung saged ngaturaken puji donga mugi sedaya amal kasaenan panjenengan ingkan awujud menapa kemawon, ingkang awujud dana/arto, menapa dene ingkang awujud dedhaharan, minuman, lan sanesipun ugi ingkang sampung paring sumbangsih peralatan tenda saha sampun ngrawuhken pembicara/kyai wonten ing dalu menika dipun tampi minangka amal kesaenan lan mugi pikantuk piwales saking gusti Allah SWT. Mugi mugi Gusti Allah maringi lancar rezeki panjenengan sedaya Amin Allahuma Amin.

Mboten kesupen kagem sedaya kadang kaneman anggota PPKT ( Persatuan Pemuda Kedung Timur ), mugi-mugi semangat kangge ngawontenaken perayaan HUT RI, mboten surut kosok wangsulipun semakin meningkat sahingga ing tahun ngajeng saged ngawontenaken perayaan malih.
Para rawuh para pilengah ingkang satuhu kinurmatan, perayaan tahun menika panitia mboten ngadaaken lomba kangge umum, namung sekedhik lomba kangge adik-adik wonten ing RA Al Firdhaus asuhanipun Bapak Ahmad Sodiq, lan 1 lomba kagem adik-adik ingkang ngaos wonten dalemipun bapak ALi Munasir, ugi kala wau sonten kangge hiburan wonten kesenian reog kalajengaken dalu punika pengaosan ingkang badhe kawedharaken panjenenganipun Bapak Kyai Haji Muhammad Yahya Rosyad, saking Grobogan,
mugi -mugi perayaan ingkang sederhana punika saged ningkataken raos patroitisme, cinta tanah air saha saged langkung mendalami makna kamardhikan ingkang dipun diperjuangaken para pahlawan kathi ngorbanaken raga saha nyawanipun.

Para rawuh saha tamu undangan ingkan minulya, ing wasana kula nyumun sareng-sareng meneriakkan pekik "MERDEKA", wonten ing raos dalu punika dalu 73 tahun kepengker dalu ingkang gegap gempita bangsa kita nembe ngraih kamardhikan.
MERDEKA.................MERDEKA............................MERDEKA
Cekap semanten atur kawula minangka wakil saking panitia, ngaturaken samudra pangaksami tumprap klenta-klentuning atur saha tindak tanduk kulo.

Akhirul kalam wa bilahittaufiq wal hidayah
Wassalamu 'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

No comments:

Post a Comment