Cerita Pewayangan Gathotkaca lahir

Cerita Pewayangan Gathotkaca lahir

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/

Gathotkaca lahir
Ing sawijining dina, kaluwarga Pandawa Lima lagi bungah - bungahe uga prihaten sanget nalika putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lahir. Amarga jabang bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud raseksa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi sak banjure diparingi aran Jabang Tetuka.

Amarga nalika lair Jabang Tetuka awujud raseksa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot. Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud satriya  sak lumrahe lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake perkara  iki banjur Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk wangsit lan pituduhe para Dewa. Ing wektu kang padha, Senapati Kurawa yaiku Adhipati Karna uga nglakoni semedi njaluk gaman / senjata pusaka marang Dewa.

Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake hureke kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal maringi gaman kang ampuh kanggo medhot tali pusare si jabang Tetuka, sahengga ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo menehake senjata kang aran "Kunta Wijayadanu" marang Arjuna. Ananging Ing kene kedadean yoiku anane kakeliruan, Bathara Narada ora bisa mbedakake ing antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.

Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa mbedakake ing antarane endi Arjuna lan endi Adhipati Karna, pungkasane Bathara Narada menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet goleki Arjuna lan ngutus Arjuna supaya njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Ora suwe Arjuna banjur ketemu marang  Karna lan njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding ing antarane Arjuna lan Karna. Ing pungkasane perang  Arjuna kasil ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu Karna.

Arjuna mulih kanthi gawa sarung / warangka senjata Kunta wijayadanu. Senjata mau pancen sekti, senajan trimo sarunge wae wis bisa medhot tali pusare si Jabang Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau mlebu ing jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane kang duwe senjata kasebut.

Sawektara ing  iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi prahara gedhe. Patih Sekipu lan bala tentarane ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur Sang Hyang Bathara Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona. Pungkasane Bathara Narada diutus ngubengi jagad raya, menawa ana satriya kang khusyuk semedine, sahengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.

Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya ngubah wujud Tetuka kang wujud raksasa.  Amarga semedine kang kanthi temenan iku, bisa ngubah langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka kadadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake Dewa.

Bathara Narada banjur nggugah semedine para Pandhawa. Nanging Bathara Narada njaluk marang para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise entuk ijin saka Pandhawa, jabang bayi Tetuka banjur digendhong digawa mabur dening Bathara Narada ing Kahyangan.

Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah cilik. Akhire, Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu Ramadi. Sang Empu siap nempa Tetuka supaya siap tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo ing kawah Candradimuka, dicemplungake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka ampuh.

Balunge digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka pacul, brengose saka kawat. Sawise iku banjur dijipuk maneh saka kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis dewasa nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa ngomong. Tetuka diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan Kacanagara.

Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping basunanda, supaya yen udan ora teles lan yen panas ora kepanasen. Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya bisa mabur tanpa elar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing duwur lemah bisa lancar tanpa gangguan angin.

Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala Pracona. Kaloro-lorone pada perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok perang tanding iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca menang lan bisa balekake katentraman ing kahyangan. Pungkasing tarung, Gathut Kaca kasil ngethok sirahe Kala Pracona.

No comments:

Post a Comment