Cerita Lucu "Nglindur Ning Toilet "

 Cerita Lucu  "Nglindur Ning Toilet "



Nalika kuwi dina Minggu,  lagi mlaku-mlaku ning Car Free Day. Rampung sarapan pecel ning pinggir dalan, Paino wetenge mules.  Banjur dhewekke  mampir pom bensin. Mujur tenan pas ono toilet sing kosong.
Paino langsung mlebu, lagi wae ndodok, neng toilet sebelah ono wong sing takon, suwarane rodo banter.

Wong  : "Piye kabare Pak ?"
Paino :  "Apik " jawabku karo nyaut

Paino mbatin "Weh kok ono sing ngerti karo aku ?"

Wong :  "Isih nyambut gawe neng kono kae yo?"
Paino :  "Iyo, wis pokoke tak lakoni wae, jaman saiki angel golek gawean anyar Pak"

Paino  tambah penasaran sopo sing neng sebelah kuwi sajake koyo kenal karo aku

Wong :  "Anakmu jek siji kae toh?"
Paino : "Ora !!Saiki anakku telu wedok siji, mbarep, adine lanang kabeh"
Wong : "Lah, Bojomu piye kabare?"
Paino " " Yo Alhamdulillah kabeh seger waras, malah tambah lemu tur ayu"

Meneng sedelo....ora nganti suwe wong mau ngomong ngene

Wong : "Wis yo nelpone.. neng toilet sebelah ono cah kenthir lagi nglindur ... melu-melu jawab terus

Paino langsung cep klakep cangkeme ditutup karo tangane

No comments:

Post a Comment