Tuladha Atur Pasrah Temanten Adicara Sepasaran Nganten ( Mboyong Nganten )

Tuladha Atur Pasrah Temanten  Adicara Sepasaran Nganten ( Mboyong Nganten )
Ilustrasi Foto : Sepasang Penganting sedang melaksanakan acara " Wijik Suku ."

Dalam adat jawa, setelah dilaksanakan pahargyan ( resepsi Pernikahan ) di tempat mempelai wanita, maka 5 hari berikutnya  ( dalam adat jawa disebut sepasaran ) pihak keluarga mempelai wanita memboyong kedua pengantin ke kediaman Orang tua mempelai Pria. Acara ini biasa disebut dengan "sepasaran nganten ". Seperti halnya saat resepsi pernikahan, dalam acara ini juga terdapat acara Pasrah dan Panampi temanten. Namun bedanya pasrah kali ini bukan temanten kakung tetapi Temanten Sarimbit ( kedua temanten ). Berikut ini adalan contoh Pasrah Temanten saat acara "sepasaran nganten ".

Atur Pasrah Temanten  Adicara Sepasaran Nganten ( Mboyong Nganten ) 

Bismillahirrahmanirrahim.

Assalamu ‘alaikum Wr.Wb.
Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi rabbil ‘alamin wa sholatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’iin, amma ba’du.


Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh dalah ajisepuh, ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi,
para alim, para ulama, para kyai, para haji  ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah,  ingkang ka antu antu berkah  pitutur  luhuripun
Panjenenganipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapak Muhyani dalah Ibu Latifah, miwah gotrah kaluwarga, ingkang satuhu pantes sinuba ing sagunging pakurmatan.
Sagung para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
para kadang muda tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih.

Minangka purwakaning atur sumangga tansah kula dherekaken ngonjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas Lan Maha Asih, Nun Inggih Gusti Allah SWT,  awit saking pinten – pinten barokah, rahmat lan hidayahipun dumateng  panjenengan sedaya lan kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan. Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula nun kula dherekaken ikraraken bikauli 'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Mugi kanthi waosan Shalawat  Allahuma sayidina Muhammad, panjenegan lan kula saged pikantuk syafaatipun .Allahumma amin

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda
Mradapa awit saking keparengipun Bp Sutiyo,  miwah ibu kula kapitedhan minangka sulih salira, kinen ngaturaken wosing gati, lekasing sedya ingkang luhur menggah sowanipun wonten mriki.
Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
Sagung para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, Ewandene menggah lekasing gati Bapak Sutiyo nun inggih :
Sepisan. Bapa Sutiyo Miwah Ibu Ngaturaken salam taklimipun  mugi konjuk dhumateng Bapak Muhyani sekalian Ibu Miwah Gotrah Kaluwarga sumarambah samudayanipun kanthi ikrar bi lisan Assalamualaikum Warohmatullahi wabarokatuh. Sinartan agunging panuwun ingkan tanpa pepindhan dene sowanipun, sampun katampi kanthi suka renaning penggalih Bapak lan Ibu Muhyani, saha sampun pinaringan papan palenggahan ingkang saestu sae.

Kaping Kalih. Bapa Sutiyo sekalian hanglarapaken, nyowanaken putra temanten kekalih, nun inggih Rara Ayu Desy Ria Pratama, S.Pd lan Bagus Nuzul Andri Permana, S,.Pd, jangkep sajodo, ingkang sampun kalampahan nindakaken dhaup suci / Ijab-Qabul miturut satataning nagari miwah agami, lan ugi sampun kawisuda dados penganten manut satataning adat widi widana panggih, krobongan lan sungkeman muturut tata cara adat ingkang lumampah wonten ing dusun kedung desa genengadal kec. Toroh Kabupaten Grobogan, rikala dinten Ahad Pahing Nyarengi Surya kaping, 25 Warsa 2019, mapan wonten ing dalemipun Bapak Sutiyo, kanthi sineksen, sanak kadang, gotah kaluwarga saha sesepuh lan pinisepuh.
Pramila, wonten ing titi wanci menika, sri atmaja tementen sarimbit kula pasrahaken dumateng Bapak lan Ibu Muhyani, borong panjenengan anggenipun badhe nggula wenthah keng putra kekalih, Bapa Sutiya tansah hanjurung pamuji ing karsa sinartan agunging berkah pangestu, murih widodo lestari anggenipun jejodhoan, mbangun bale wisma mapan wonten mriki.

Sak Lajengipun. Minangka jangkeping tata-krami, bapa Sutiyo kepareng hangaturaken sawetawis pisungsung uba rampe, Mbok menawi menika mboten pantes pun wastani uba rampe, sabab hanamung jajan pasar wujudipun,
Lan ugi minangka tandha talining katresnan Bapa Sutiyo dumateng Bapa Muhyani sekalian, Panjenenganipun kepareng ngaturaken redana wonten ing blancang seta, Sanadyan mboten sepintena etanganipun, mugi sageda hanambah raketing kekadangan ing antawisipun kulawarga Bapa Sutiyo  saha keluarga Bapa Muhyani. Anggenipun sami-sami ngentas pitulus putra kekalih tansah manggih bagya mulya, atut runtut gendhan rukon, wiwit kawitan dumugining delahan tansah pinayungan sih barokahing gusti sahingga dados kaluwarga ingkang sakinag ma wadah wa rohmah tundonipun pikantuko momongan ingkang sholeh lan sholehah.
Ingkang wekasan, sampun sak wetawis anggenipun Bapa Sutiya miwah ibu dalah gotrah kaluwarga sowan wonten mriki, Bapa Sutiyo kepareng badhe madal pasilan, jengkar saking pelenggahan saperlu nyuwun pamit, kondur wonten ing dalemipun sowang –sowang. Panyuwunipun mugi Bapa Muhyani sekalian kepaeng paring tambahing berkah pangestu, sahinga konduripun Bapa Sutiyo tansah pinanggih rahayu wilujeng datan manggih pringga bayaning marga.

Ing wasana. Mboh bilih anggen kula matur kathah kalepatan lan kekirangan, saha anggen kula sowan sak-rombongan mboten rena ing panggalih panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Nuwun. Billahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

Itulah  contoh Pasrah Temanten saat acara "sepasaran nganten ", mudah-mudahan bermanfaat.

No comments:

Post a Comment