Cerita Singkat Asal Mula Huruf Jawa ( Crita Cekak Asal Usule Aksara Jawa )

Cerita Singkat Asal Mula Huruf Jawa ( Crita Cekak Asal Usule Aksara Jawa )

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2019/11/cerita-singkat-asal-mula-huruf-jawa.html


Nalika samana Ajisaka arep tindak menyang negara Medhang kamulan kadherekake abdine papat cacahe kang aran : Duga, Prayoga, Dora, Sembada. Sakdurunge nerusake laku Ajisaka nitipake keris pusaka marang abdine kang aran Sembada, diutus nunggu ing pulo Majeti. Ajisaka wanti-wanti marang Sembada, sapa wae ora dikeparengake mundhut pusaka iki kejaba Ajisaka dhewe.

Sawise Ajisaka dadi ratu ing Medhang Kamulan amarga bisa ngalahake Prabu Dewatacengkar, Ajisaka ngutus Dora supaya mundhut keris pusaka kang dititipake marang Sembada. Sarehne Sembada ngugemi piwelinge Ajisaka, mulane keris ora diparingake marang Dora. Ing kana kedadean padudon pasulayan ing antarane Dora lan Sembada, krana pada digdaya lan sektine abdi loro padha mati sumpyuh kena keris pusakane Ajisaka. Nalika Ajisaka sumurup kedaeyan iku, minangka pangeling-eling, Ajisaka angripta aksara jawa legena kang akehe rong puluh, yaiku : HA, NA, CA, RA, KA( tegese : ana, caraka utawa utusan), DA, TA, SA, WA, LA ( tegese : padha suwala utawa padha padudon/pasulayan); PA, DHA JA YA NYA ( tegese : padha digdayane utawa padha sektine): MA GA BA THA NGA( tegese : wasana padha dadi bathang/bangke).


No comments:

Post a Comment