mc bahasa jawa peringatan hari kemerdekaan

NASKAH MC BAHASA JAWA PENGAJIAN PERINGATAN KEMERDEKAAN
mc agustus

Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Alhamdulillah wa syukurillah wa sallamu 'ala rasulillah sayyidina mawaulana Muhammadin wa'ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba'dah. Baca Juga : Contoh- Contoh Mukadimah Pidato

  • Konjuk wonten ngarsanipun  para pinisepuh, sesepuh saha ajisepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah,
  • Wonteng ngarsanipun para alim, ulama, Kyai, ustad saha ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi, langkung - langkung wabil khusus panjenganipun Al muharam Kyai..............( bapak kyai yang akan mengisi tausyiah ) ingkang tansah kita tengga rawuh saha piturur luhuripun.
  • Para pengamban, pangembating praja, mliginipun bapak kepala desa .................miwah sedaya perangkatipun ingkang tansah kawula bekteni
  • Para rawuh, bapak, ibu, saha kadang muda dalah kaum muslimin wal muslimat ingkang tansah bagya mulya rahimakumullah

Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken ngonjukaken raos tasyakur kita, kanthi ikrar bi lisan Alahamdulillahirobil'alamin, wonten ngarsanipun Allah SWT, awit saking sedaya nikmat lan nugrahanipun panjenengan sedaya miwah kula saged makempal manunggal wonten ing mriki,
Sak lajengipun shalawat lan salam mugi konjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, mugi  - mugi panjenengan lan kula saged pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil kiyamat. Amin amin ya robbal 'alamin

Bapak, ibu, para pilenggah rahimakumullah, keparenga matur, nun inggih kula ingkang minangka Pranata Cara Pengaosan Pengetan  Dinten Kamardikan RI ingkang kaping 73 keparengo ngaturaken urut-urutaning adicara wonten ing dalu punika.

adicara ingkang angka setunggal nun inggih Pambuka
angka  kalihipun waosan kallamullah ingkang sampun sinerat wonteng ing Pustaka Suci Alqur'an,  dening panjenganipun al ustad/sedherek  .................
 Adicara ingkang angka 3 rhotib tahlil ingkang badhe dipun imami panjenenganipun Simbah Kyai ..................
Adicara ingkang angka 4 nun inggih sambutan sambutan
sambutan ingkang angak 1 saking Ketua Panitia
sambutan ingkang angka 2 saking Bapak Kepala Desa
Sambutan ingkang 3 saking sesepuh/tokoh masyarakat
Adicara angka gangsal istirihah
Ewondene menggah adicara ingkang angka 6 nun inggih adicara inti  pengaosan, inggih   punika  wedaring  tausyiah saking panjenenganipu Al muharam, Al ustad Bapak Kyai..............................( nama Kyiai Pengisi Acara )
Dene adicara pungkasan nuwun inggih Panutup.

Hadhirin ingkang kawulo hormati, mekaten menggah adicara ingkang badhe kalampah wonteng ing dalu pinika.
Para rawuh saha para pilenggah sedaya sumangga kita milai adicara pengaosan pengetan Dinten Kamardhikan RI ingkang kaping 73 dalu punika kanthi waosan ummul kitab suratul Fatekhah sesarengan, minangka Pambukaning adicara dalu punika,
Ala hadiniyah wa syafaati Rasulillah ,Al Fathekhah
matur suwun.mugi-mugi kanthi waosan ummul kitab punika adicara dalu punika saged kalaksanan kanthi lancar mboten wonten alangan setunggal punopo. Amiin
Ndungkap Adicara ingkang angka kalih nun inggih waosan ayat suci ALqur'an ingkang badhe kasarirani deneng sederek / al ustad............................dhumateng penjenganipun wekdal kasumanggaken

*setelah pembacaan Ayat suci selesai*
Matur Nuwun katur dhumateng panjenenganipun.
Adicara ingkang angka 3 nun  inggih waosan rhatib tahlil ingkang badhe dipun imami panjenenganipun Simbah Kyai ......................... dhumateng Panjenenganipun wekdal dalah sasana pangandikan  kawula aturaken. Baca Juga : Sambutan saat kirim do'a
*setelah rhatib tahlil selesai *
matur nuwun dhumateng panjeneganipun simbah Kyai ,,,,,,,,,,,,,,minangka imam thalih dalu punika.
Kaum muslimin  muslimat rahimakumullah, sumangga kita lajengaken adicara candakipun nun inggih sanbutan sambutan.
sambutan ingkang angka spisan nun inggih saking Ketua Panita, parmila dhumateng sedherek ...............wekdal kawula sumangga aken. Baca : Sambutan Ketua Panitia Acara Peringatan HUT Kemerdekaan
*setelah  sambutan selesai *
Matur suwun katur dhumateng sedherek ................
sambutan sak lajengipun nun inggih saking Bapak Kepala Desa ..............., Konjuk dumateng ingkang kawulo Hormati Bapak .................... wekdal dalah sasana pangandikan kawula haturaken
*setelah sambutan selesai *
Matur sembah nuwun  katur dhumateng Bapak Kepala Desa ................
sambutan sak lajengipun nun inggih saking Tokoh Masyarakat ..............., Konjuk dumateng ingkang kawulo Hormati Bapak .................... wekdal dalah sasana pangandikan kawula sumanggaaken

*setelah sambutan selesai *
 Matur Nuwun katur dhumateng panjeneganipun Bapak .....................
Hadhirin wal hadhirat rahimakumullah, adi cara sambutan sambutan sampun paripurna, ndungkap adicara sak lajengipun nun inggih istirohah. wonten ing adicara istirohah punika badhe dipun isi kalian tarian  islami saking RA. Al Fidaus Asuhan ustadzah.............sak sampunipun tarian kalajengaken penyerahan hadiah lomba inkang badhe dipun asto kalian sederek .................

*setelah pengisi acara istrihat selesai *

Para rawuh para pilenggah kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah adicara istirohat sampun paripurna, matur suwun dumateng sedaya ingkang sampun ndherek ngregengaken adicara dalu punika. Sumangga kita lajengaken adicara dalu punika, adicara candhakipun adicara ingkang kita tengga nun inggih inti pengaosan nun inggih werdharing wursita aji utawi tausyiah saking al muharom AL Ustadz Bapa Kyai................................
Dhumateng inngkang kulo hormati Bapa Kyai ..................Wasana dalah sasana Pangandikan Kawula haturaken. Sumangga.
( membaca Shalawat )
*setelah tausyiah  selesai *

Ngaturaken agunging Panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng panjeneganipun Bapak Kyai ..................ingkang sampun kepareng paring wedharing pangandikan utawi tausyiah wonten  dalu punika. Mugi - mugi sageda dados tambahan ilmu, tumrap kula  sumrambah sedaya ingkang sampun rawuh .
Hadhirin  wal hadhirat rahimakumullah purwa madya adicara dalu punika sampun kalaksanan kanthi mboten wonten alangan punopo, pramilla sumangga kulo dherekaken maos lafal "Hamdalah sesarengan minangka Panutupping adicara dalu punika, 
ALhamdulillahirabil  alamin. 
Makaten sampun paripurna adicara dalu punika, saking kawula pribadi mbok bilih wonten klenta-klentuning atur saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken , kathi andhap asoring manah kawula nyadhong agunging pangaksama.
Wusana ngaturaken sugeng kondur mugi tansah rahayu ingkang sami pinaggih
Akhirul kalam wabilahitaufiq wal hidayah
Wasalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Demikian naskah mc pengajian dalam rangka peringatan HUT kemerdekaan,  Semoga bermanfaat dan terima kasih telah berkunjung di cinta-budayajawa.blogspot.com.
Jangan lupa Baca juga Naskah Pranata Cara Acara Pengajian Khitanan

No comments:

Post a Comment