Cerita Pewayangan Karna Tanding

Cerita Pewayangan Karna Tanding


Cerita ini mengisahkan saat perang antara Karna dan Arjuna, dalam peperangan Baratyudha. Saat itu Prabu Salya menjadi kusir Karna dan Kresna menjadi kusir Arjuna.
Ini adalah kisah saat jejer wayang kulit

baca cerita sebelumnya : karna madeg senopati
baca juga cerita lainnya:prabu salya senopati 

Enjang nembang tengara...
Gumuruh bidhaling wadya...
Sadaya samya samapta...

Ooooo...

Abra busananira samya sikep sanjata...
Tumbak keris pedang...
Lan bandhera warna-warna....

Ooooo...
****
Karna: Kanjeng Rama, rikala kula nglepasaken warastra Badaltulak, kenging menapa Kanjeng Rama nyendal talining kereta, saingga nggronjal satemah mlenceng saking sasaranipun...??
Meh kemawon, jangga adhi kula pun Janaka, ketaman mlesating warastra...
Duh Rama, tegesipun Rama dereng pitados dateng kula, ingkang sayektos prasetya marang para kadang kula Pandawa...
Bilih paduka dereng pitados, mangga, dipun bedhah dada saha jantung kula...
Ing mriku, Kanjeng Rama ingkang bakal nemahi namung rasa tulus kula kagem kamulyanipun adhi-adhi kula Pandawa...

Salya: Aduh Karna anakku Ngger...
Jebul tekan semono bebudenmu marang adhi-adhimu Pandawa...
Ora ngira, yen sira tansah nggatek'ake marang kamulyaning Pandawa...
Sepira gedhene luputku, aku jaluk pangapuramu, Ngger...

Karna: nun inggih Rama, ingkang kula suwun, namung idi pangestu paduka, kagem jaya kamulyaning Pandawa..
Saingga, hambeg angkara budi candhala, sageta sirna ing jagad Rama...
****
Mulat risang Harjuna esmu kamanungsan...
Kaslerepan tingkahing mungsuh niran...

Ooooo...
****
Arjuna: Duh Kaka Prabu...

Karna: kepiyee dhimas Arjuna...??

Arjuna: nyata bilih paduk limpat ing warastra...
Ngantos anjalari gelung kula badal kasrempet jemparing paduka...
Ananging kawuningana Kaka Prabu...
Ing wekdal samangke, Kula sampun mboten bade ngadalaken raos ewuh pakewuh malih...

Karna: iyaa, iku sing pun kakang jaluk marang si adhi..
Lamun ing pabaratan iki, aja ana maneh rasa ewuh kaya dene kadang taruna tumrap kadang werda...
Mula Yayi, mara enggal papagna kridhane pun kakang, Yayi...!!!

Arjuna: mangga, kula sumangga'aken Kanjeng Kaka Prabu...

Narada: Wooiiladalah...
Hahaha...
Prakencong prakencong pak pak pong waru doyong tegor uwong, kali Code sapa sing gawe...
Hahaha...

Arjuna/Karna: Pukulun Narada, pangabekti kula kunjuk wonten Ngarsa paduka, pukulun...

Narada: iyaa ulun tampa Ngger putu-putu ulun..
Mangertia Ngger, ing Brantayudha iki, jeneng kita sak kloron wus kawisuda ing jagad minangka sekaring bawana...
Mula Sang Hyang Pukulun Girinata, arsa hamirsani tandhing ira sak kloron...
Mula, tetandhingan iki, bakal ulun paring thenger, "Karna Tandhing"..
Mula, tetandhingan iki bakal di tonton dening para Dewa, lan Para Hapsara-Hapsari...
Lan ing tetandhingan iki uga, jeneng kita sak kloron, bakal ulun dandani pada...
Bebasan rambut pinara sasra tan ana prabeda...
Hahaha...

Arjuna/Karna: nun inggih, ngesto'aken dawuh, Pukulun...

No comments:

Post a Comment