lagu dolanan anak tahun 70-80an

Lagu Dolanan anak tahun 70 - 80an

tahun 1970 1980


Lagu - lagu ini sering dinyanyikan anak-anak sekitar tahun 1970 sampai tahun 1980 an, baik saat bermain maupun saat sedang belajar di bangku sekolah, terutama Taman Kanak-Kanak. Bagi yang mengalami masa masa kecil saat itu tentu akan ingat dengan lagu lagu ini, walaupun sudah banyak yang lupa. Mudah mudah an dengan membaca lagu di bawah ini dapat mengingatkan kita yang mengalami masa-masa itu. Lagu dolanan Tahun 70-80an antara lain.

baca juga : tembang jawa turi-turi pitih

 1.Gambang Suling
Gambang suling kumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Barengan kentrung, ketipung suling
Sigrak kendhangane

2. Bang bang Tuut

Bang bang tut jendhela uwa uwa
Sapa bali ngentut di tembak raja tua
Menyang Kali ngiseni kendhi
Jeruk purut wadhah entut

3. Cublak cublak suweng

Cublak cublak suweng
suwenge ting gemlenter
Mambu ketundhung gudel
Pak Kempong lera lere
Sapa nggawa ndelikake
Sir sir pong dhele gosong
sir sir dhele goson

4.Siji loro telu

Siji loro telu
astane sedheku
Mirengake bu Guru
Mengko yen di dangu

Papat nuli limo
Lenggahe sing tata
Aja padha sembrana
Mundhak ora bisa

5.Padhang Bulan

Yo prakanca dolanan ning  Njaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe - awe
Ngelingake aja padha turu sore

6. Dhondong apa salak

Dhondong apa salak
Duku cilik-cilik
Andhong apa becak
Mlaku thimik-thimik

7. Menthok - Menthok

Menthok - Menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin - isini
Bok ya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak - enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok - Menthok
Mung lakumu megal megol gawe guyu

8. Gundhul - gundhul pacul

Gundhul - gundhul pacul ....cul gemblelengan
Nyunggi - nyunggi wakul ... kul, gemblelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sak ratan

9.Sluku - sluku bathok

Sluku - sluku bathok
Bathok ela- elo
Si rama menyang solo
Leh-olehe payung montho
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekko dhuwit

10. Gotri

Gotri legendri naga sari ri
Riwul owwal awul jadah menthul tul
tolen olen olen jadah manten ten
( ti )tenana besuk gedhe dadi apa pa
padha mbakul enak mbakul sedeng deng
dengklok engklek engklok kaya kodok

11. Kidang Talun

Kidang Talun
Mangan kacang talun
mil kethemil mil kethemil
si kidang mangan lembanyung

12. Dayohe Teka

e dayohe teka
e gelarno klasa
e klasane bedhah
e tambalen jadah
e  jadahe mambu
e pakakno asu
e asune mati
e guwak ning kali
e kaline banjir
e centhelna pager
e pagere ambruk
e dokok ning nge buk

13. Kodok ngorek

Kodok ngorek kodok ngorek
ngorek pinggir kali
theot theblung theot theblung
theot theot teblung

golek pangan golek pangan golek golek pangan

theot theblung theot theblung
theot theot teblung

bocah pinter bocah pinter
besuk dadi dhokter
bocah bodho bocash bodho
besuk kaya kebo ( lenga - lengo )

baca juga lirik tembang : kidung wahyu kalaseba  
gugur gunung

No comments:

Post a Comment