Pidato Bahasa Jawa Tema Dampak Media Sosial Terhadap Dunia Pendidikan

Pidato Bahasa Jawa Tema Dampak Media Sosial Terhadap Dunia Pendidikan


dampak medsos dengan dunia pendidikan

Assalamualaikum wr.wb
Nuwun. Kawula nuwun dumateng panjenganipun ibu guru ingkang tansah kawula hormati.
Sumrambahipun dumateng kadang kula ingkang kawula tresnani

Langkung rumiyin sumangga tansah kawula derekaken memuja lan memuji dumateng Gusti Allah SWT. Inggih awit karana barakah, rahmat, hidayah sarta inayahipun Gusti Allah SWT
kula panjenengan sedaya saged makempal-manunggal wonten ing siang punika tansah sehat wal afiat boten wonten alangan satunggal ponapa.

Kawula ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami sampun diparingi wekdal wonten ing siang punika ngadeg wonten ngarsa ngajengandika kepareng ngaturaken pidato babagan pendidikan.

Panjenganipun para hadirin ingkang satuhu bagya mulya.
Wonten ing era globalisasi punika perkembangan jaman tansah langkung maju, tentu kewolo sedanten langkung gampil anggenipun sami sesrawungan utawi komunikasi. Wonten ing jaman globalisasi kathah sanget media sosial ingkang maneka warna antawisipun  Facebook, Whatsapp, Twitter, Instagram lan sak panungalanipun. Kathah Remaja ngangge jejaring sosial punika kangge nambah jaringan kekancan. Kathah ugi tiyang sepuh gadhah akun facebook, Whastapp, Instalgram,  utawi twitter.

Facebook, Whatsapp, Instalgram lan twitter salah satunggaling media sosial ingkang kathah gandrungi saking kalangan remaja dugi katangan tiyang sepuh.
Wonten ing jaman sakmenikai kathah ugi ingkang ngginakaken kangge kepentingan bisnis, komunikasi internet, injih amargi fitur tampilan saha sistemipun gampil sanget.
Nanging mekaten, ingkang nami  teknologi mesti kemawon wonten dampak positif lan negatif. Ampun ngantos anggenipun  ngginakaaken media sosial ndadosaken kesupen punapa ingkang dados kewajibanipun.

Tuladhanipun:
  • Kathah pelajar kesupen sinau, amargi asyik dolanan Facebook, pelajar dados males sinau
  • Kathah pelajar ingkang boros ngunakaken arta kangge maen game online
Para hadirin ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wonten masalah kados punika sikap kula panjenengan sedaya kados pripun?
Langkah sepindah nuwun inggih kula panjenengan sedaya kedah rubah bilih dampak negatif punika supados dados dampak ingkang positif.
  1. Media facebook, Whatsapp,  utawi twitter dipun dadosaken media kangge sinau lan media kangge tukar informasi.
  2. Media facebook, Whatsapp,  utawi twitter dipun dadosaken media ngembangke potensi pribadhi.
  3. Media facebook, Whatsapp,  utawi twitter dipun dadosaken media kangge diskusi njaring opini saking masyarakat.
Kesimpulanipun:
Media sosial saged ndadosaken dampak negatif ugi saged dadosken dampak ingkang positif. Sedaya kalawau dipun wangsulaken dumateng kula panjenengan  ingkang nindakaken. Bilih kula panjenengan sedaya gunakaken media sosial kangge ngembangke diri mesti bakal saged dadosaken dampak ingkang positif dumateng kula panjengan sedaya.
Mekaten mbok bilih ingkang saged kawula aturaken bilih wonten beneripun mugi kula panjenengan sedaya saged nindakaaken sahingga kula panjenengan sedaya ugi bakal nampi kesaenan. Ing wasa hambok bilih wonten lepating kawula, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamuaikum Wr.Wb.

No comments:

Post a Comment