Contoh naskah drama 6 orang singkat bahasa jawa tema sosial

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/

Contoh naskah drama 6 orang singkat bahasa jawa tema sosial

Diceritake 6 nom-noman sing raket kekancan. Ing antarane nom-noman iku yoiku , Ari, Tomy, Eli, Anita, Iwan, lan hesti. Permasalahan muncul nalika Ari, Tomy, Anita, Iwan, sak kepenakke nyingkirke Eli sing saiki wis ora sugih marga wong tuwane saiki bangkrut usahane. Amarga ucapane Iwan lan Anita sing nglarani atine Eli, Eli  sedih lan kepengen mungkasi uripe.

 Judul : Arti Persahabatan

Pemain :
  1. Ari
  2. Tomy
  3. Iwan
  4. Eli
  5. Anita
  6. Hesti
 Baca juga cerita lainnya : cerita lucu bapak lan simbok dan drama bahasa jawa 6 orang tema kebudayaan

Dialog:

( salah sawijine dina,  nom-noman kuwi lagi ning kafe )

Ari : "Wis do pesen sing akeh, sing enek-enak!  Tenang wae mengko aku sing mbayari, pokoke kabeh mangan nganti wareg jo nganti sing keluwen."
Tomy : "Royal men kowe Ri, lagi bar gajian yo?"
Ari : "Hallahh ........ora usah bawel !Gelem ditraktir ora?"
Anita: "Yo,, gelem to yoo, Pokoke dina iki giliranmu sing ngetokke duit."

(Ora let suwe Eli, teko banjur nyedhaki meja sing di nggo konco-kancane mangan. Lagi lungguh sedelo njur pamit ning toilet perlu nampa telpon.)

Anita : "Eli ngopo, ono opo? Kok sedih , mbesengut ngono? He ,..ora ilok lho dina setu kok sedih, week end ki nggo hepy-hepy ora sedih ngono kuwi."
Iwan : "Iyo El, geneo kowe ki? Dompetmu ilang? (karo nglucu)

(Ari karo Tomy melu ngguyu mergo banyolane Iwan )

Eli : "Mamiku lagi wae bar telepon , jare mami papiku saiki bangkrut. Kabeh omah, mobil lan tabungan sing ning Bank entek resik ora nyiso. Sing paling nemen Papiku malah kesangkut kasus korupsi lan saiki dadi buronan Polisi. " (karo nangis asek-aseken) 

Ari : "HAAH? tenane El,??
Iwan  : "Berarti anake buronan kowe EL?"
Anita : "wong kere kowe saiki el?

Ari, Tomy, Anita lan Iwan. jijik lan ina ndelok ELi sing lagi nangis 

Eli : "aku saiki wong mlarat , ga duwe opo-opo, ning kowe kabeh ijek gelem to konconan karo aku? awake dewe konconan yo wis suwe

Anita nggeser kursine ngadoh soko Eli nyedhaki Ari sing ono sandinge

Anita : " Yo piye, kowe rak yo ngerti dewe toh, groupe kene iki kan nom-noman sing sugih-sugih, Nduwe opo wae, lha kowe wog kere ! Opo yo iso ngetut , ngimbangi gaya uripe kene saiki??"
Ora mungkin!"
Tomy : "El. luwih apik koowe ndang mulih !Kono tiliki wong tuwamu."

Eli ndeleng kanca-kancane siji siji , Ari, Tomy, Anita lan Iwan, Eli sedih kabeh koyo jijik ndeleng dhwekke.

Eli : "Tak kira  kekancane awake dewe sing wis suwe iki ono gunane, jebul ora ono artine, saiki aku wis mlarat, kowe kabeh wis ga gelem nganggep aku dadi konco, gampang banget kowe do nglalekke aku."
Ari " Uwis El, wis. Wis ndang mulih wae kowe. Wis apik jek tak bayari pangananmu mau."

 Eli banjur ngadeg, sepisan maneh kancane di deleng siji-siji, atine tambah sedih keronto-ronto banjur metu soko panggonan kuwi.


Iwan : "Edan Po piye, mosok si Eli sing saiki wis mlarat, kere, jek kon nganggep konco, marahi ora nafsu mangan wae.
Ari : "yo Podo, yo wis lah ayo jaluk bill njur mulih wae."

ujug-ujug anita sing wis meh mlebu mobile, mlayu nyedhaki Ari lan Iwan

Anita  :"Hei, konco kabeh delokken iki, ki lagi wae ono kabar lewat grup WA ono cah wedok arep mlumpat  soko kretek ora adoh soko kene. Yen di delok cirine persis koyo Eli.

Iwan : "Tenan ora?
anita : "Iyo, yakin ora hoax iki, deloken ning HP mu dewe-dewe jal."
 Ari karo Iwan Njur ngecek Hp.
 Ari : " Yo wis, ayo ndang diparani!. Anita, ayo bareng ning mobilku wae. Tomy kabari ben langsung ning TKP wae."

Ari, Iwan lan Anita mangkat nganggo mobile Ari.Lagi wae mlaku kiro-kiro 200 meter Hapene Iwan muni. awakke  sak nalika gemeter raine dadi tegang

Iwan : "Wis  telat!!. awake dewe telat, eli wis mlumpat , eli saiki wis ora ono. 

Ari langsung ngendekke mobile, Anita nangis nin jok mburi

Iwan : "ayo langsung ning Rumah Sakit Umum wae, manut kabar sing tak tompo jenazahe ELi di gowo mrono

Ari ambegan dowo banjur nyetater mobile mlaku menyang RSU
Sakwise tekan ning ruang jenazah ning kono ono Ibu lan Mbake Eli, hesti sing lungguh meneng koyo patung.Anita langsung mlayu ngrangkul Hesti

Anita : "mbak sepurane sing gedhe yo mbak, iki kabeh salahe aku sak konco, sak umpomo aku podo ndukung Eli, mesthi ora bakal ono kedadean sig koyo ngene iki

Hesti  ganti ngrangkul Anita, lan ngusap gegere anita kanthi alus, karo eluhe sing terus dleweran.

Hesti : "wis, dik.Ora ono sing perlu di getuni. Kabeh wis dadi pesthine Sing Gawe Urip. Saiki mbak mung jaluk dongane wae yo, mugo Eli wis tentrem ning kono.

Iwan : "Mbak, semono ugo aku yo jaluk pangapurane yo mbak. Wis mesthi aku lan konco kabeh bakal dongakno sing apik kanggo Eli.Mugo-mugo Eli di tompo dening Allah SWT lan diapuro kabeh dosane mbak.

Helsti : "Amin, wis ora perlu jaluk ngapurao maneh wan. Eli ora kuat nompo kahanane saiki sing wis dadi wong ora duwe , mergo awit cilik uripe tansah kecukupan.



Ari, Tomy, Anita lan Iwan.dadi sadar yen banda ora bisa di dadekake ukuran kanggo kekancan, lan sing penting kudu iso ngajeni konco mbuh piye keadaane.























No comments:

Post a Comment