Naskah drama Komedi Bahasa Jawa "Ande-Ande Lumut "


Naskah drama  Komedi Bahasa Jawa "Ande-Ande Lumut "

Pembaca yang budiman, kali ini admin  menulis naskah drama komedi bahasa Jawa dengan Judul "Ande-ande lumut". Karena drama ini bersifat komedi jadi sengaja dibuat tidak sesuai dengan cerita legenda aslinya. Baca juga Naskah Drama dengan tema sosial    dan naskah drama dengan tema melestarikan budaya jawa
Silahkan di baca ya :

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/
 "Ande-Ande Lumut "

Narator : "Salah sawijining dino ono angin lesus sing guedhe banget, ning desa sing maune ayem tentrem. Akeh warga sing podo ninggal, salah sijine yoiku keluargane Kleting kuning. Amarga Bapak lan Ibune wis sedo Kleting kuning kepeksa melu buleke sing rondo, manggon ning Desa Dadapan. Mbok Rondho Dadapan duwe anak wedok menthel-menthel  3 cacahe . Jenenge Kelting Abang, Kleting Ijo lan Kleting Biru . Bocah wedok telu iki nakal lan ngannggep Kletng Kuning babu ning omahe.

Babak I
Mbok Rondho : (lungguh ning kursi karo kipas-kipas)"Aduhhhh............kok panas men yo...
Kleting kuning,..........Kleting kuning,..........jupuk ke es ndang cepet
Kleting Kuning : "Njih Bu.....Sekedap
(let sedelo teko karo nggowo gelas ) niki bu, minumane........."
Mbok Rondho : "HHH suwe men to yoo...ngopo to kowe ki turu mesthi, keset kowe ..!!!
Kleting Kuning : "Mboten kok bu, niki nembe bakdo isah-isah, lha ibu nyuwun Ayam Goreng "Kentucky" niki nembe kulo goreng"
Mbok Rondho : "Halllah pinter kowe alesann"(mlaku mondar-mandir)
Anak-anaku sing ayu-ayu do nendi ? kok ra katon lambene sing menger-menger? Biasane yah mene iki wis do dandan ayu-ayu. Sopo ngerti pe ono pangeran teko trus nglamar ?
Kleting Kuning :"hii ayu ko ndi....
Mbok Rondho : " he... ngomong opo kowe mau heeeee!! ngomong opo?
Kleting Kuning : "Mboten bu, kulo mboten matur nopo-nopo kok bu."
Mbok Rondho : " oooo .............hoh...rumangsamu aku ki budeg ngono ya!!??

Kelting Abang, Kleting Ijo lan Kleting Biru mlebu ngomah karo kesusu

Kleting 3 : "(karo mlayu ) mbookkk, Mbooookkk ..ono berita sing huebboh mbok!! gegap gempita pokoke...
Kleting 3 : "iyo pokoke awakke dewe kudu ndng mangkat."
Kleting Ijo : "Mbok jaluk duite, kanggo sangu arep lungo adoh ki...
Kelting Abang : " Iyo Mbok , aku iyo"
Mbok Rondho : " Duhhh anakku sing ayu-ayu nek ngomong mbok ojo pateng pechothot, Ono opo to nduk ko kesusu koyo di oyak demit ....."
Kleting biru : " oalah simbok-simbok mulake gaul go koyo anakmu iki, ijo mung ngomah wae. Jalan-jalan koyo anakmu iki .."
Kleting 3: " He..e"
Mbok Rondho : " (karo ndelok Kleting Kuning ) Heeii.   lahopo kowe melu-melu ngguyu!...??? Haa!!!
Kleting Kuning : "Ups, ngapuntene bu, kulo latah..."
Mbok Rondo : "hehhhh...........Hmm."

Dumadakan ono wong 2 teko nyebarke selebaran soko kerajaan

Pengawal 1 : "Ulem.......Ulem....Woro-woro!!!
Pengawal 2 : "Ulem Soko Keraton........Ulem Soko Keraton........!!!"
Pengawal 1 : " Wehh ..sepi , ora ono uwong , suwung ayo muleh wae yoo.."
Mbok Rondo : "(mlaku neng cedhak lawang )  sopo kowe??
Kleting Abang : (mbengok kemayu ) "Ahhhhh."
Mbok Rondo : " Ihhh, kowe ngaget-ngageti simbok wae."
Kleting Biru : "Mbok, simbok. Iki prajurit soko keraton mbok. Iki lho nggowo ulem kanggo awake dewe , "Pangeran Ande - ande lumut lagi golek bojo,
Pengawal 1 : "iyo. bener."
Pengawal 2 : "lho , lha kok wis weruh???ulem wae jek durung tak wenehno!..
Kleting Ijo :"Hei,...awake dewe ki retinan lho pak prajurit, pokoke update terus.ngono lho...
Pengawal 2 :"Wleh, genduk cah ayu ki isooo wae, lho, ...nyoh iki uleme, ojo lali teko lho ya?? Pokoke aku yakin salah siji , mesthi ono sing mencutke atine pangeran.
Pengawal 1 :"Iyo, neng  nek ora dadi karo pangeran karo aku yo ora opo-opo, yo ora??
Kleting 3: " Hhuuuu, ngelo kae ono kobokan ning pawon"
Kleting Kuning : "Pak Prajurit sedaya putri angsal tumut njih, pak?"
Pengawal 1 :"Iyo nduk, kabeh oleh melu, lha ngopo?Opo kowe yo kepengen melu?
Mbok Rondo :"ora, ora pokoke, deweke ora oleh melu,..wong kongkon jogo omah, resik-resik nyapu, umbah-umbah ora usah melu meluan!"
Kleting Kuning :"lho kok ngoten to BU,
Mbok Rondo : " heii, ora usah protes.!!"
Kleting Ijo : " Yo, Ora usah melu kowe kono gek ndng mlebu kono!"

Babak II
Narator : "Kleting kuning mlayu mlebu, bablas ning pinggir blumbang nggon biasane umbah-umbah. Blumbang kuwi wis biasa dhewekke nglamun dikancani Banyak sing wis suwe  dadi kancane. Marang banyak kuwi Kleting kuning sok nyritakke opo sing di alami lan dirasakke babakan kahanan uripe.
Kleting Kuning : "(nangis) Hu...hu....hu...."
Banyak : "Nduk cah ayu ngopo kowe sedih nduk??
Kleting Kuning : "aku ora oleh melu lungo ning keraton karo Ibu, malah di kongkon ngresiki omah, makani wedus, umah-umbah, isah-isah akehh banget kapan rampunge ."
Banyak : "Oh yo o . Wah siimbok rondho ki jan, kebangeten banget . Lha acarane ning keraton kapan nduk?
Kleting Kuning : "sesuk. Hu...hu....hu...."
Banyak :"Nek ngono kono ndang siap-siap menyang keraton, ora usah mikirke gawean omah, aku sing bakal ngrampungke kabeh pegaweanmu."
Kleting Kuning : "Iyo toh, tenan yo banyak kowe pancen kancaku sing paling apik, matur nuwun banget yo.."
Babak III
Narator : "Dina sesuke nalika Mbok Rondho lan anak-anake mangkat menyang kratone pangeran Ande-ande lumut. Banyak moro ning omahe mbok Rondho saperlu bantu kleting kuning ngayahi pegaweane ngresikki omah.Sejatine Banyak kuwi ora banyak sak lumrahe nanging banyak sing sekti mandra guna, dadi kabeh pegawean rampaung kanthi sak nalika.
Banyak : "Kleting Kuning, Nduk???
Klething Kuning : "Aku ning kene lagi ngisahi piring, "
Banyak : " Oalah, wis ora usah repot-repot tak rampungane saiki, "sim-simalakasim" wis delokken kabeh resik to?.."
Klething Kuning : "wahh, rampung kabeh, resik tur rapi, yo wis nek ngono aku tak ndang mangkat yo?"
Banyak : "sik, enteni sik . Iki tak kei jamu"
Klething Kuning : "Jamu...Jamu opo iki??"
Banyak : "Iki jamu kanggo Yuyu Kangkang ben mendem, dadi dewekke ora bisa ngrayu kowe supaya dadi koncone. Nanging jamu iki wenehno sak bubare kowe di sebrang  ke lho ya.."
Klething Kuning : "oh..yoo yo (karo manthuk-manthuk )

Babak 4

Narator : "Sak wise mlaku adoh, ngliwati desa siji lan sijine Mbok Rondho lan kleting kleting anake kepethuk karo bengawan sing ombo banget, kabeh podo bingung kepiye carane bisa nyebrang ngliwati kali kuwi. Lagi podo mikir dumadakan mak pecungul muncul wewujudan sing nggegirisi.
Yu Yu kangkang : "ha..ha...ha...ha...hei.ono prawan ayu-ayu . arep podo nang ngendi kowe nduk?.."
Kleting Ijo : "Sopo kowe?"
Yu Yu kangkang : "ha..ha...ha.Aku iki Yu yU Kangkang yo aku iki sing nunggu kali iki nduk!"
Gaweanku nyebrangke wong soko kene menyak kono ..Ha.ha..."
Kleting Abang : "Wehhh, kebeneran nek ngono aku ndang di sebrangke ,aku arep melu sayembara dadi bojone Ande-ande lumut , pangeran ning kraton sebrang kono.
Yu Yu kangkang : "Weleh - weleh , gampang perkoro nyebrang , ning aku njaluk upah!"
Kleting biru : "Upahe opo, duit ??piro njalukmu?"
Yu Yu kangkang : "Ora duit nduk, nanging kowe kabeh cukup dadi kancaku.
Kleting Abang  " lha terus nek dadi kancamu aku kon opo??
Yu Yu kangkang :"aku bakal ngambung kowe supoyo ning bathukmu ono tandane ireng.
Mbok Rondho : "Ohh, gampang trimo ngono wae , entheng . Ireng sithik ora masalah. Ayo nduk melu Yu yu kangkang ben ndang disebrangke.
Klething3 : "iyo mboke. ayo..
Yu Yu Kangkang : " Nek ngono ayo tak sebrangno..."

Babak5
Narator : "sak wise nyebrangke Mbok Rondo lan anak-anake , Yu Yu Kangkang marem lan kepengan nyebrangke wong maneh. Ora suwe banjur teko Kleting Kuning
Yu Yu kangkang : "ha..ha...ha.ono prawan ayu maneh iki ha ha ha ....". he kowe sopo yo??Ono cah wedok ayu. Ayo tak sebrangno ?"
Kleting Kuning : "(kaget) ahh. kowe sing aran yuyu Kangkang yo? Pancen bener kau arep nyabrang."
Yu Yu kangkang :"Ning aku jaluk upah lho ya, yem kowe arep tak sabrangno?
Kleting Kuning : "Yo wis upahe opo?
Yu Yu kangkang :"Ha. ha.. ha aku jaluk ambung ha ha nduk cah ayu..."
Kleting Kuning :"Ohh ngono? Nanging aku sabrang no disik lho ya?
Yu Yu kangkang: "Iyo, Ayo nduk ndang tak sabrangno, ...ha..ha....ha..!(sak wise kasil nyabrang).
Saiki wis rampung tak sabrangno kowe, saiki aku njaluk upahku nduk?
Kleting Kuning :"iyo yu yu kangkang nanging sabaro disik , sak durung kowe ngombeo jamu iki dhisik yo ben tambah kuat."
Yu Yu kangkang:"Jamu?? yo ..gowo rene tak ombene."(yu yu kangkang banjur ngombe jamu sing diwenehke karo kleting kuning, sak bubare ngombe langsung mendem semaput)
ngerti yen yu yu kangkang wis mendem Kleting Kuning langsung neruske lakune marng kratone Ande -ande lumut

Babak6
Narator : "Mbok Rondho, Kleting Abang, Kleting Ijo lan Kleting Biru wis tekan keratone Ande-ande lumut. Ning kono Raja lan Ratu  wis ngenteni.
Mbok Rondho, Kleting3:"Kanjeng Prabu,Kanjeng ratu".
Raja : "monggo "
ratu : " rene nyedhako rene?
Kleting Abang : "Njeng Ratu , Ingkang putra pangeran Ande -ande lumut wonten pundi?"Kok mboten mriki
Kleting Ijo : "Injih pangeran niki lho kula mbakyu lan adik kulo keluarga kleting ingkang sampun kondang kaloka ayunipun, "
Ande-Andhe lumut : "Iyo, iki aku ning kene."
Kleting Biru : "Pangeran , niki kulo kleting biru, pilih kulo dados garwa panjenengan njih?
Ande-Andhe lumut : "Iyo, kowe pancen  ayu, nanging aku ora seneng"
Kleting Abang : "pilih kula mawon pangeran, kulo niki mpun ayu, pinter macak, ugi pinter nembang."
Ande-Andhe lumut : "moh, aku ora seneng kowe, "
Kleting Ijo :"menawi ngoten , kulo mawon njeng Pangeran, kula niki ingkang paling ayu, tinimbang mbakyu kula."
Ande-Andhe lumut : "senajan kowe palinng ayu , nanging ora kowe sing tak goleki."
Mbok Rondho : "wee lah, mbok menawi njeg Pangeran ngersakke ingkang langkung sepuh? Pripun kalih kula mawon?
Ande-Andhe lumut : "Waduh, "
(dumadakan keprungu suarane kleting kuning sing lagi teko )
Kleting kuning : "Kulo nuwun, kulo kleting kuning , Nopo saged kepanggih kalian Pageran Ande-ande lumut?"
Mbok Rondho : "Lho kuning, ngopo kowe mrene?Kono ndang balik mulih!!Gaweanmu ki akeh awas nganti durung rampung pegaweanmu?"
Kleting Biru:" lahh, dadi ora nggenah ki , margo kowe teko, kunin."
Kleting Abang :  "Uwis ndang muliho, ora pantes kowe neng kene!"
Ande-Andhe lumut : "Sik....sik....sik, sopo jenengmu ? "
Kleting kuning : "Kulo kleting kuning , pangeran."
Ande-Andhe lumut : "Kanjeng ibu, wanita niki seje, ..wis ayu lan sing paling penting ora ono ireng ning bathuke, tanda yen ora disosor karo Yu Yu kangkang koyo kleting -kleting liyane."
Ratu : "Iyo bener ngger anakku, wanita iki ora ono tanda irenge."
Kleting Biru:"sekedap kanjeng Ratu, niki namung ireng sekedik, mboten menopo-menopo kulo taksih ayu, kok,"
Mbok Rondho : "Injih, mboten nopo-nopo."
Raja  :" Kuwi ora sembrana, sing sopo wonge ono ireng ning bathuke, ateges wanita kuwi wis di rasakke karo yu yu kangkang.
Mbok Rondho, Kleting3: (meneng )
Raja  :" Gandheng anaku Ande-ande lumut wis ketemu karo wanita sing dadi pepujane atine, wiwit saiki ugo sayembara tak tutup, lan Kleting Kuning bakal dadi garwane Ande-Ande Lumut.

 Tamat
Demikian , naskah drama bahasa jawa dengan judul Ande-Ande Lumut, mudah-mudahan bisa digunakan saat pementasan. Terima Kasih telah berkunjung di blog saya
















5 comments: