3 Tuladha Sesorah Purna Wiyata SD kelas 6 ( 3 Contoh Pidato Perpisahan SD )

3 Tuladha Sesorah Purna Wiyata SD kelas 6 ( 3 Contoh Pidato Perpisahan SD )
Pada setiap selesai masa belajar akan diadakan acara perpisahan dalam bahasa jawa bisa disebut dengan Purna Wiyata (Purna = selesai, Wiyata = pendidikan ). Begitu juga dalam perpisahan anak kelas 6 SD, salah satu dari siswa akan memberikan sesorah /pidato  dalam acara tersebut.

Tuladha Sesorah Purna Wiyata ini mudah-mudahan bisa membantu pembaca yang budiman yang sedang mencari referensi untuk putra-putrinya yang akan mewakili teman-temanya .

Tuladha 1:

Assalamu'alaikum warohmatullahi Wa Barokatuh.
(bacaan mukadimah )

Dumateng Bapak Kepala Sekolah Dasar ...............ingkang satuhu kula bekteni.
Dumateng Bapak lan Ibu Guru , ingkang kula hormati,
Dumateng Bapak Ibu Wali murid  tamu undangan ingkang satuhu bagya mulya,
Mboten kasupen rencang rencang kelas 6, ingkang sanget kula tresnani.

Sakderengipun, mangga sareng-sareng ngaturaken raos syukur kita dumateng ALLAH SWT, ingkang sampun paring kasarasan, dumateng kita sedaya sahingga saged kempal wonteng sekolah mriki, inggih menika wonten ing acara Perpisahan kelas 6 Sekolah Dasar ...................... tahun Ajaran 2018/2019.
Saklajengipun salawat ugi salam sareng-sareng kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kita pikantuk syafaatipun ing dinten Kiyamat. Amin.

Bapak Ibu para rawuh ingkang kula hormati, keparenga kula ing mriki minangka wakil saking siswa kelas 6, badhe ngaturaken menapa ingkang dados uneg-uneg kula lan siswa sanesipun.
Mboten kraos sampun 6 tahun, kula sinau wonten ing sekolah mriki, bombong manah kula saged sinau ing mriki, lan ugi matur suwun sanget kagem sedaya guru ingkang sampun maringi kawruh lan piwulang ingkang sanget migunani dhateng gesang kula. Panjenengan sedaya kanthi ikhlas, sabar, mboten pilih kasih anggenipun paring piwulang dhateng kula lan siswa sanesipun. Mboten sanes saking piwulang panjenengan sak menika kula saged lulus saking SD menika.

Bapak Ibu guru ingkang kula tresnani, mboten wonten piwales ingkang saged kula aturaken dumateng kesaenan panjenengan sedaya, namung saged ngaturaken agenging panuwun ingkang kathah, lan ngaturaken donga mugi-mugi panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan lan bagya mulya sak laminipun.

Para Rawuh ingkang kula hormati,
Mboten kasupen kula ugi ngaturaken bilih awrat pepisahan kalian rencang-rencanh sedaya, Sebab sampun 6 tahun menika sareng sareng sinau wonten ing  Sekolah Dasar ............mriki . Susah seneng sareng-sareng ngiringi anggen kita sinau. nanging badhe kados pundi kita kedah pepisahan kalian rencang lan sekolah menika, amargi kita kedah nglajengaken sinau wonten ing pawiyatan chandhakipun inggih menika SMP utawi Mts, mugi - mugi saged katampi wonten ing sekolah ingkang dados pepujan kita.

Cekap semanten atur kula minangka wakil saking kelas 6, kulo nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi wonten kekirangan lan klenta-klentuning atur.

Akhirul kalam wa bilahittaufiq wal hidayah
wassalamu'alaikum wa roh matullahi wabarokatuh

Baca juga : pidato perpisahan SMP, pidato dampak media sosial bagi dunia pendidikan bahasa jawa.

Tuladha 2 :

Assalamualaikum wr wb,
(bacaan mukadimah )
Sugeng siyang, saha Salam sejahtera katur dhateng kita sedaya


Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Genengadal 1 ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Pengurus Komite SD Negeri Genengadal 1 ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang kinurmatan
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saged makempal wonten  SD Negeri Genengadal 1 kanthi pinaringan wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
Shalawat saha salam mugi tansah kita aturaken dhumateng titah ingkang dados panutan umat nun inggih nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang kita tengga syafaatipun benjang ing yaumil kiyamah.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang sepisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru SD negeri Genengadal 1. Pramila wonten ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten ingkang tanpa upami.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saged nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saged mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sanadyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Genengadal 1, anangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Genengadal 1ingkang kula tresnani punika. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum wr wb.

Tuladha 3:
Assalamualaikum wr wb,
(bacaan mukadimah )
Sugeng siyang, saha Salam sejahtera katur dhateng kita sedaya


Bapak Kepala Sekolah SD ............................. ingkang satuhu kinurmatan
Bapak/Ibu guru SD ............................ ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Pengurus Komite SD ............................ ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang bagya mulya


Sagung para rawuh ingkang satuhu dahat kinurmatan
Wonten ing pepanggihan menika, keparinga kulo nganturaken  matur sembah nuwun dhateng Bapak ugi ibu guru sedaya. Awit saking bimbingan Bapak ugi ibu pindhah, kula sakanca saged dados maketen. Saged maos, saged nyerat, saged mical ugi saged gegulang kagem dados manungsa ingkang sakmesthinipun. Mboten sanes menika kalawau awit saking telatenipun panjenengan sedaya mbimbing kita.

Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, atur panuwun ugi kula aturaken awet saking kesabaran dateng tingkah polah kula sakanca ingkang damel jengkel lan dhuka. Sedaya kesaenan panjenengan sedaya saestu mboten badhe nate kita supeaken ing gesang kula.

Kagem rencang-rencang sedaya, menika  dinten menika dinten pungkasan  kita sedaya teng SD .......... menika. Awrat raosipun pancen. Saben dinten kita sedaya  sareng-sareng. Gumujeng, gegojekan, geguyon, Satuhu, sedaya dados kenangan

Senaoso dinten menika kita sedaya pepisahan, sumanggaa tetep kita reksa  sedherekan menika ngantos benjing sajroning urip neng ndunya.

Dhateng Bapak ugi ibu tiyang sepuh ugi wali murid pindhah. Menika putra panjenengan. Kaliyan samukawis kalangkungan ugi kekiranganipun ing mrika-mriki. Kula suwun tansah paring pambimbing dhateng  kita sedaya kanthi sabar. Kita taksih mbethaken sedaya pambimbing panjenengan.

Mugi mugi kita  dados putra ingkang bekti dhateng tiyang asepuh, migunani tumrap agami, bangsa ugi nagari.

Bapak Ibu Guru saha Para rawuh ingkang kinurmatan. Mekaten sekedik saking kula minangakni atur saking sedaya kanca sakelas. Kathah kalepatan saha tutur ingkang kirang trapsila kula nyuwun dipun pangapura.

Bilahittaufiq Wal Hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment