Tuladha Sesorah Babagan Pendidikan ( Contoh Pidato Tentang Pendidikan )

 Tuladha Sesorah Babagan Pendidikan ( Contoh Pidato Tentang Pendidikan )

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.



Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi rabbil ‘alamin wa sholatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’iin, amma ba’du.
(Bisa Juga dengan membaca mukadimah yang lain di : Contoh- contoh Mukadimah )

Dumateng para  bapak, ibu tamu undangan ingkang satuhu kinurmatan.
Mboten kasupen adik-adik ingkang tansah kula banggaaken.

Minangka purwakaning atur, ing  dinten ingkang berbahagiya niki mangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos tasyakur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehingga ing  wekdal niki kita sedaya saged kempal wonten menika  panggenan saperlu mengeti dinten Pendidikan Nasional ingkang  tanggal kaping 2  wulan Mei tahun ;…….

Perlu sanget kita sedaya sumerapi mbok bilih pemerintah Indonesia ing dipun serat wonten  kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kita  ugi sumerap ing dalem agami kita Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad menika, rikala Kanjeng nabi Muhammad SAW taksih gesang sampun mrogramaken utawi nganjuraken wajib belajar dumateng umatipun. Sedaya menikanggadahi  maksud supados umatipun dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi saged  dados umat  ingkang mboten cubluk. Babagan menika jumbuh kaliyan  pangandikanipun Kanjeng  nabi Muhammad SAW ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :

“Nggoleko ilmu iku senajan ana negri Chino. Estunipun pados ilmu iku dipun wajibaken sedaua umat Islam . Lan saktemene malaikat iku bakal ngudunake elare marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku."

Para rawuh sedaya ingkang satuhu kinurmatan.
Wonten ing kalodangan menika, kangge  mengeti dintenPendidikan Nasional niki sumangga kula lan panjenengan  ningkataken malih ing babagan ilmu, Ilmi menapa kemawon, Ilmu pengetahuan Umum, ilmu agami lan sanesipun. Ilmu ingkang gegayutan kaliyan gesang ing dunya kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten gegayutan kaliyan akhirat.Jaman sak mangke kathah informasi utawi ilmu  ingkang saged kita pendhet saking gadget utawi media informasi sanesipun, senaoso wonten nilai positif lan negifipun. Baca Juga : Pidato dampak Media Sosial Bagi Dunia Pendidikan  

Setunggal malih menapa kita kedah pados ilmu? kita saged mangertosi bentenipun tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu.

Ing wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten ingkang klentu kula ngatruraken sewu agunging pangaksami.

 Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

No comments:

Post a Comment