Legenda Asal Mula Danau Toba dalam Bahasa Jawa

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2019/08/legenda-asal-mula-danau-toba-dalam.html

Cerita legenda bahasa jawa Mula Bukane Danau Toba

Rikala jaman samana, ing tlatah Sumatera urip pawongan petani sing sing aran Toba. Toba iki wong sing sregep banget anggone tandhang gawe. Dheweke urip dhewe tanpa rewang. Saben dina dheweke tandhang gawe nggarap sawah lan golek iwak. Pegawaian iki dilakoni dheweke kanggo nyukupi kebutuhane urip saben dina.

Ana ing sawijining dina Toba lunga menyang kali neng cedhak omahe, dheweke nduwe pangarah nggoleki iwak kanggo lawuh dina iki. Kanthi mung nggawa  pancing siji, pakan lan panggon iwak, dhewek banjur mangkat menyang kali. Sakwise tekan ana neng kali, Toba banjur nguncalke pancinge. Karo nunggu pancinge  dipangan iwak, Toba ndonga, “Duh  Allah gusti pangeran kula, muga-muga saged pikantuk ulam ingkang kathah dinten menika”. Sawektara wektu sakwise ndonga, pancing sing di uncalke banjur katon obah-obah. Dheweke cepet nggeret pancinge. Toba mau bungah  banget, amarga iwak sing dioleh dheweke gedhe banget.

Sakwise sawentara wektu mandengi iwak olehe nangkep, Toba kuwi kaget banget. Jebulane iwak sing ditangkep kuwi bisa ngomong. “tulung aku aja dipangan pak!! Aku kepengen urip”, bengok iwak kuwi. Tanpa akeh takon, iwak tangkepane kuwi banjur dibalekne menjero banyu meneh. Sakwise mbalekne iwak menjero banyu, Toba tambah kaget, amarga dumadakan iwak kesebut ngowah dadi wong wadon sing ayu banget.

 “Aja wedi pak, aku ora arep nglarani kowe”, tembung si iwak.
 “Sapa kowe iki? ,mengkono pitakone Toba  marang wong wadon ayu kuwi.
“mangertio pak tani putri sing di sabda dadi iwak, amarga nglanggar aturan keraton”, jawab wong wadon kuwi. “Matur nuwun dene kowe wis ngluwarake aku saka wawejudanku iwak  kuwi, lan dadi imbalannya aku gelem kok dadekne bojo”, tembung wedok kuwi.
Toba sarujuk, lan sak banjure petani lan putri banjur omah-omah. Nanging ana siji piwelinge putri marang Toba, yoiku, yen sak lawase ore kena nyritaake yen sak benere asal usule putri mau saka iwak.. Yen nganti siji kuwi Toba wani blenjani bakal ana prahara seng ngedap-edapi.

Sawetara suwe Toba lan putri omah-omah, saiki wis tambah kabagyan amarga olehe omah-omah wis oleh momongan. Sang putri nglahirake jabang bayi lanang sing dijenengi Samosir. Samosir dadi bocah lanang sing bagus banget lan gagah prakosa. Nanging Samosir nduweni sing ora lumrah, yaiku wetenge tansah ngrasaake ngelih senajan mangan  wis entek akeh. Malah jatah kanggo bapake ugo di entekke tanpa sisa.

baca juga : cerita Jaka Tarub lan Nanamg Wulan , dan cerita Asal usul bledug kuwu

Pinuju sawijining dina, Samosir diutus ibuke ngirim panganan marang bapake sing lagi nyambut gawe ana ing sawah. Nanging Samosir malah mangan jatah sega sing kudune dikirim marang bapake kuwi mau ana ing dalan. Sak wise mangan banjur turu ana ing gubug sing ana sak pinggire dalan kuwi. Sawetara kuwi, Toba kang rumangsa ngelih ngenteni kiriman sega ora teka-teka banjur mlaku mulih niat arep mangan ana ing ngomah. Ana ing tengah dalan Toba weruh Samosir lagi turu angler ana ing gubug pinggir dalan.

" He...tangi, ! mengkono ujare Toba marang Samosir kanthi swara sig banter.
Samosir kaget banjur  tangi, " Sepurane Bapak,  Samosir keturu ning gubug iki sak wise mangan sega sing kudune tak kirim kanggo Bapak, " ujare Samosir.
Oo bocah ora nggenah, bocah edan kowe ora duwe tatakrama, nyata kowe kuwi anak "iwak" pantes yen ora duweni unggah ungguh, rakus kowe isamu mung mangan koyo iwak!! ora kelingan marga saka nesune Toba ngucapake tembung sing dadi piwelinge sang putri yoiku bojone dewe.

Samosir nangis krungu apa sing diucapake bapake, dheweke banjur mlayu mulih marang ibuke.
"Ibu...!!! Bapak kejem ibu,ujare bapak Samosir iki anak iwak,,,

Putri sing ora liya ibu e Samosir mung meneng banjur nangis, bebarengan karo kuwi langit peteng ndedet, bledek nyamber banjur udan deres banget.
Toba, eling marang apa sing dadi welinge bojone, nanging ora bisa selak marga iki wis dadi pesthi saka sing gawe urip, dhewekke mung bisa meneng nganti awake klelep ana ing akehe banyu udan. Semono ugo Samosir melu mati klelep ono ing banyu sing akeh banget nganti panggonan kuwi dadi telaga sing ombo bangete.Putri malih dadi iwak lan mlumpat ana ing banyu, mbalik dadi iwak gedhe sing urip ana ing telaga kuwi.

Telaga kang ombo lan jero kuwi di arani Telaga Toba utawa Danau Toba, wondene ing tengahe telaga ana pulau cilik arang Samosir utawa Pulau Samosir.

Mangkono crita legenda asal usule Danau Toba, muga-muga  bisa dadi manfaat kanggo sing maca tulisan ning blog iki. Mbok menawi wonten ingkang kirang , saged koment wonten ing ngandhap mriki, sumangga. Matur sembah nuwun.


No comments:

Post a Comment