Ana
ing salah sawijine alas, ana akeh jenise kewan sing urip bebarengan kanthi ayem
tentrem lan guyub rukun ing antarane
siji lan sijine. Sekabehe kewan kuwi manut lakune dewe-dewe. Ananging
ana kewan siji sing nduweni watak julik. Kewan kuwi awake cilik arane kancil,
akeh kewan sing manggon alas kuwi dadi korban marga polahe si kancil, ora luput
munyuk utawa kethek
Dina
iku si munyuk , lagi penekan ana wit pring. Si munyuk lagi lagi enak nggayemi
roti karo anyul. Kancil sing weruh munyuk, kepengen njaluk roti sing dipangan
munyuk. Utekke muter piye carane supaya roti bisa ucul saka tangane munyuk.
"Nyuk,.... Munyuk , " sikancil
ngundang munyuk.
Munyuk
ndeleng kancil banjur jawab. " Ana apa cil, kowe ngundang aku.?"
"Nyuk,
aku mbok di wenehi rotine sethithik wae," tembunge kancil
"
oohh, iya cil, iki tak wenehi separo, " jawabe si Munyuk
"Wah
apikan tenan kowe nyuk, ya mung kowe kewan sing pinter karo aku, ning aku wae
sing maro ya," tembunge si kancil.
Tanpa
nduweni rasa kepiye-piye munyuk menehake rotine marang kancil. Munyuk
ngulungake roti karo ngomong, " iki Cil, rotine dumen si padha, sing adil
ya."
Si
kancil sing pancen nduwe niat julik, ngedum roti ora padha, sing siji gedhe
sijine maneh cilik. Sak banjure roti sing cilik mau diwenehake kanggo munyuk,
kosok baline roti sing gedhe di cekeli dhewe. Munyuk ora trimo banjur protes.
"
Cil, lho kok sing gedhe malah mbok cekeli wae, yen koyo ngono kuwi jeneng ora
adli kowe cil,?" ujare munyuk.
"oo
iya. ya,, gedhe gonku, yo wis dak pangane ben dadi padha, " jawabe kancil.
Si
Kancil mangan roti sing cekeli nganti, gari sithik luwih sithik tinimbang
duwekke munyuk, banjur roti di padhakake karo rotine munyuk.
"
Iki rotine nyuk, wis padha apa durung?" kancil takon munyuk mbandingake
rotine sing gari sithik.
"Wah
iki yo ora adil cil, mosok saiki rotiku dadi luwih gedhe, ora padha iki cil.!"
si munyuk ngomong karo kancil.
"Ooh
iya, nyuk saiki gedhe rotimu, yo wis saiki tak padhaake maneh." unine
kancil karo njaluk rotine munyuk banjur dipangan nagti luwih cilik rotine
kancil. Mengkono sak banjure nganti roti kuwi entek di pangan si kancil.
Pungkasane
roti mau entek resik di pangan si kancil tanpa sisa, munyuk sing sak benere
sing nduweni roti ora kebagian apa-apa, amarga kapusan akal-akalane si kancil.
Si
Kancil seneng amarga apa sing dikarepake kelakon, yaiku mangan rotine munyuk.
Si Munyuk kewan sing jujur iku kelakon ngelih ora mangan apa-apa amarga bodho.
Urip
pancen ana-ana kahanane kaya crita kancil lan munyuk kuwi, sing pinter lan
julik gelem lan tega marang liyan sing jujur nanging bodho.
No comments:
Post a Comment