Pidato Pembukaan Acara Maulid Nabi ( Atur Pambuka Pengetan Dinten Maulid Nabi )

Pidato Pembukaan Acara Maulid Nabi ( Atur Pambuka Pengetan Dinten Maulid Nabi )
Bismilahirrohmanirrohim
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Dhumateng para alim, para ulama wa bil khusus bapa kyai, para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kawuka tuhoni dhawuhipun.
Para Bapak-bapak, Ibu-ibu ugi sedherek sedaya kaum muslimin wal muslimat ingkang dahat kinurmatan.
baca juga : tuladha pambagya harja kirim slamet
Sak derengipun mangga sesarengan ngaturaken puji syukur alhamdulillah konjuk dhumateng ngersanipun Gusti Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan berkah rahmat saha hidayahipun , katitik kula panjenengan sekaliyan saged makempal manunggal ing panggenan punika.
Ing wekdal punika tanggal 10 November 2019, nyarengi tanggal 12 Rabiul Awal 1441 Hijriyah, kita saged makempal ing mriki saperlu mengeti Maulid Nabi junjungan kita nun inggih panjenenganipun nabi agung Muhammad Salallahu Alaihi Wasalam, rasul Allah panutan umat islam sejagat.

Para hadirin saha hadirat ingkang dipun rahmati Allah SWT.
Ing mriki  kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Ageng Muhammad SAW, ngaturaken gungging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal , kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng nabi Muhammad Salallahu Alaihi Wasalam. minangka sih sutresnanipunlan raos ngluhuraken asmane kanjeng nabi Muhammad Salallahu Alaihi Wasalam, ugi pratandha mantebing manah anggenipun nglampahi agami Islam minangka pitedah kabegjan agesang wonten ing ngalam donya dumugi akherat.
baca juga : sambutan tuan rumah acara kirim do'a untuk ahli kubur
Kejawi saking punika mboten langkung, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sinten kemawon, para mudha, sanak sedherek ingkang sampun sabiyantu wonten ing pengetan Maulid Nabi punika. Kula minagkani segenap panitia penyelenggara mboten saget maringi piwales punapa-punapa kajawi namung puja-puji konjuk dhumateng ngarsane Allah SWT, mugi amal lan kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ingkang sak murwatipun. Aminn.
Ewandena adicara inti saking pengetan Maulid Nabi punika badhe dipun wedharaken kaliyan mubalegh Bapa Kyai Haji Misbach Zainul Musthafa saking Jogjakarta.
kula kinten cekap semanten menggah atur pambuka pengetan Maulid Nabi Muhammad Salallahu Alaihi Wasalam, ing dalu punika kula bikak  kanthi Tandha waosan Basmalah... bismillahirrahmanirrahim

Akhirul kalam wabilahit taufiq wal hidayah . Wasalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh
Suwun
mekaten Pidato Pembukaan Acara Maulid Nabi ( Atur Pambuka Pengetan Dinten Maulid Nabi ), mugi saget migunani.matur suwun.
rahayu

No comments:

Post a Comment