Cerita lucu Simbah Paino lan Dokter Gigi

 Cerita lucu Simbah Paino lan Dokter Gigi

Simbah paino sing untune wis entek pengen iso mangan normal, banjur lungo ning Dokter Gigi.



Simbah
:
Dok, untuku ki piye ya ben bisa mangan kepenak, untuku kudu di kapakno ya?
Dokter Gigi
:
Mbah, untune jenengan niku sampun telas alias ompong, kula pasangi untu enggal mawon nggih? Kersa napa mboten mbah??
Simbah
:
Yowis rapopo, lha regane piro? Trus untune sopo sing arep mbok pasangke kuwi Dok, ?
Dokter Gigi
:
Mirah mbah naming tigang yuto mawon. Niki mboten untune sinten-sinten wong niki namung untu palsu kok.
Simbah
:
Ooooo... untu palsu to. Yo wis pasangen wae, untu palsu ora opo opo.
Dokter Gigi
:
Simbah sarean teng kasur mriki njih mbah, (banjur dokter masang untu palsu kanggo simbah)
Dokter wis rampung masang untu palsu dinggo simbah. Simbah ngekeki duit nang doktere. Pas telung juta ( 3.000.000 )
Simbah
:
Matur nuwun pak dokter, untuke wis pepak saiki. Iki Dok duite, tak bayar pas telung yuto ya.
Dokter Gigi
:
Nggih mbah matur suwun nggih. Ampun kesupen untune disikat njih kaping tiga sedinten.
Simbah mung meneng wae banjur mlaku karep mulih. Lagi wae mlaku tekan latar klinik gigi trus diundang meneh karo pak dokter.
Dokter Gigi
:
Mbah niki duite njenengan palsu! nJenengan badhe ngapusi kula njih?
Simbah
:
Lho... Lha kok ngapusi ki piye?
Dokter Gigi
:
Lha niki duite jenengan palsu,  niku jenenge  ngapusi mbah..
Simbah
:
Lho... pak dokter kan masang untu palsu nang cangkemku to, yo aku bayare nggo duit palsu. Rak yo ga salah to..Wong padha- padha palsune.
Dokter Gigi
:
???????????????????

No comments:

Post a Comment