Cerita lucu Penumpang dalam Pesawat

Cerita lucu Penumpang dalam Pesawat

Pesawat Lion Air tujuan jakarta – Surakarta ( Bandara Sukartno Hatta – Adi Sumarmo ), sing wis siap arep take off diundur. Gara-gara Paino penumpang saka Boyolali sing lagi pisanan iki numpak montor mabur nganggo tiket ekonomi, ning ngotot arep lungguh ning kursi bisnis.
Sastro (sing nduweni tiket bisnis) : “nuwun sewu njih pak, niki kursi kula.”
Paino : “lho, lha kowe ki sapa.?”
Sastro : “Kula nggih penumpang sing tumbas tiket bisnis, kula ingkang kedahe lenggah mriki.”
Paino : “oalah, penumpang,? Aku ya penumpang, padha-padha bayar..!padha-padha penumpang  ora usah ndadak ngatur ya.”
Si Satro ora trima njur lapor pramugari
Pramugari : “Nuwun Sewu pak Paino, njenengan kedahe lenggah teng wingkeng mrika, tikete njenengan ekonomi.”
Paino ; “ Kowe sapa?
Parmugari : “ kula pramugari, pak .”
Paino : “ Lha Pramugari ki apa?”
Pramugari : “Kula niki pramugari, tugase kula nglayani kebetahane penumpang.”
Paino : “ oohh. Rewang, babu.! Tak kira sapa, wis ora usah ngurusi wong liya, ngurusana gaweanmu dhewe, kana isah-isah ning mburi. Pokoke aku teka kene dhisik aku seneng lungguh kene ya neng kene wae.Kowe arep apa?”
Pramugari kentekan akal , pilot.sing krungu ana rame-rame njur nyedhak....
Pilot : “ Bapak Paino, nuwun sewu njih pak kursi njenengan ingkang wingkeng niko lho pak.”
Paino : “Sapa meneh iki?”
Pilot : “ Kula Pilot , pak Paino.”
Paino : “ pilot ki apa?”
Pilot : “kula ingkang nglampahaken pesawat menika pak, kula ingkang nyetir peswawat.”
Paino : “ Oohh. Sopir..? tak kira pegawai DLLAJ, nganggo topi, eeh , malah jebul mubg sopir.Pokoke aku ora gelem ngaleh. Sampeyan arep apa?....’

baca juga : Paino dan Dokter Gigi

Bambang, penumpang sing wit mau meneng wae ning mburine Paino, ora sabar njur maju nyedhaki Paino karo mbisikki. Ora genah apa sing di omongake ning kupinge paino. Paino ngadek karo grundelan.
Paino : “ ohh hooh sopi kocluk, babu pekok, ora gelem ngomog wit mau. Tujune ana mas Bambang sing ngomongi, nek ora ya ra sido tekan Boyolali aku,”
Paino saiki wis lungguh ning mburi, ning kursi ekonomi. Pak pilot gumun kok iso manutmen, di omongi apa ya karo mas Bambang mau.
Pilot : “mas Bambang, jane sampeyan matur napa ? kok si Paino purun lenggah teng wingking .”
Bambang : “ Kula matur nek kursi ngajeng niki kangge penumpang sing mandhap teng Kendhal, lha sing mandhap Solo lenggahe teng wingking.”
Pilot : (Mbatin ) “ oalahh wong ora genep, mbok kiro iki angkutan kota po piye,”
Paino : Karo ngadeg.” Ayooo...mangkat-mangkat, Solo.....Boyolali.......Semarang ...Kendal.....
Sing liyane mung meneng ra ngagas unine Paino.

No comments:

Post a Comment