Urut - urutane crita lakon wayang lan para paragane


Urut - urutane crita lakon wayang lan para paragane

sumber gambar : pitoyo.com
Crita wayang iku dibagi dadi 10 jejeran yaiku :
  1. jejer
  2. kadhatonan
  3. paseban jaban
  4. bodholan
  5. jejer sabrangan
  6. perang gagal
  7. gara - gara
  8. perang kembang
  9. perang brubuh
  10. tancep kayon
Ewandene para paraga iku ana 4 yaiku :
  1. dhalang : sing nglakokake wayang
  2. penyumping : sing mbiyantu sakiwa tengene dhalang
  3. niyaga  : sing nabuh gamelan
  4. waranggana : sing nyindheni
 
    Nanging menawi kita pirsani pagelaran wayang sak menika sampun benten. Urut-urutan ing nginggil sampun kathah ingkang dipun owahi. Dipun tambahi lan kurangi. 
    Jejer kedhaton, paseban jaban, bodholan, jejer sabrangan, di ungkret langsung limbukan. Limbukan dipun isi kalihan dagelan lan campur sari. Guyonan jawa nyi cangik dan anake limbuk digeser kaliyan dagelan ingkang sampun kaloka, kados percil, gareng, lan sanesipun.
    Sak lajengipun perang kembang, perangipun butho cakil sampun ical, amargi jejeran gara-gara ingkang di isi lelagon lan guyonan nelasaken wekdal sahingga mronggol sedaya jejeran. Perang brubuh namung sekedhap kelejengaken tancep kayun utawi rampung.
    Buta cakil sampun ical saking jagat pakeliran.....

    makaten menggah urut - urutane crita lakon wayang lan para paragane mugi saget migunani tumprap para sutresna seni pewayangan, nuwun.
    Rahayu

    No comments:

    Post a Comment