Surat berbahasa jawa ( Layang )

Surat berbahasa jawa ( Layang )

Surat adalah sarana untuk berbagi rasa atau menyampaikan kabar berita kepada seseorang yang berada jauh dari tempat tinggal kita. Baik kepada kekasih, saudara, ataupun orang tua kita. Mungkin dizaman sekarang keberadaan surat semakin hilang dengan adanya teknologi yang semakin canggih Handphone. Dengan Handphone kita bisa mengirim surat elektronik atau pesan singkat  melaui SMS, atau aplikasi WhatsApp. Bahkan dengan alat ini bisa berbicara langsung atau bahkan melihat langsung atau bertatap muka melalui video call.
Tetapi untuk mengingat kembali tentang layang atau surat tak salah apabila kali ini saya posting tentang Layang.
Aturan dalam menulis layang tak berbeda dengan menulis surat dalam bahasa Indonesia, seperti kapan surat dibuat( tanggal, bulan dan tahun ), alamat , pembukaan, isi, dan penutup beserta tanda tangan dan nama terang dibawahnya.

Bagian-bagian dalam menulis surat berbahasa jawa.
  1.  Titi mangsa, arupa tanggal, sasi, lan taune ing nalika nulis layang
  2. Adangiyah, yaiku alamat kang dituju, marang sapa layang mau bakal kaaturake.
  3. Bebuka, isine menehi kabar kaslametan lan pangajab amrih kang dikirimi uga slamet.
  4. Isining layang kang perlu dicritakke
  5. Panutup nandhaake yen layang mau wis rampung.
  6. Peprenahan yaiku kowe keprenah apa tumprap sing kokkirimi layang: ingkang putra, putra tuhu, saking ingkang putra.
  7. Tandha Tangan utawa tapak asma.
  8. Jeneng ing sak nigisore tanda tangan.
Purwodadi, 3 Desember 2019
Serat mugi konjuk dhumateng
Bapak saha Ibu
Ing Jakarta
            Ingkang Sembah Sungkem
            Nuwun wiyosipun kanthi serat punika, kula ngaturi pirsa bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu, putra ing Purwodadi tansah pinaringan wilujeng. Mugi-mugi Bapak saha Ibu makatena ugi.
            Kajawi saking punik, putra kaparenga matur ing ngarsanipun Bapak saha Ibu, Insya Allah kula badhe ngayahi pandadaran akhir, ingkang badhe kawiwitan ing surya kaping 26 April 2020. Ingkang putra nyuwun idi pangestu mugi-mugi ingkang putra pinaringana lulus kanthi biji ingkang sae.
            Ananging gandheng gandheng putra dereng nglunasi arta SPP saha pondhokan, pramila putra nyuwun dipun paringi kintunan arta, kados adat sabenipun.
            Manawi sampun wonten pengumuman kalulusan pandadaran, putra badhe wangsul.
            Wasana andadosaken kawuningan lan putra nyuwun agunging pangaksami.
Ingkang putra,


Abizar Al Khalifi


Blora, 8 Desember 2019
Katur dumateng Bapak saha Ibu
Ing Semarang

Ingkang Sembah Sungkem
            Nuwun wiyosipun kanthi serat punika, kula ngaturi priksa bilih awit saking pangestunipun Bapak saha Ibu, putra ing Blora tansah pinaringan wilujeng. Mugi-mugi Bapak saha Ibu ugi makatena.
Kajawi saking punik, putra kaparenga matur ing ngarsanipun Bapak saha Ibu, menawi mbenjang riyadi putra mboten saged wangsul amargi ngepasi ujian. Pramila putra namung nyuwun idi pangestu mugi-mugi saged lulus.
Wasana andadosaken kawuningan lan putra nyuwun agunging pangaksami.
Ingkang putra,

Deva Riananda Pratama



Kairing sagunging pahargyan,
Nuwun, kula ngaturi uninga menawi tanpa alangan satunggal punapa Insya Allah, benjing dinten Selasa Pon kaping : 26 Bakda Mulud 1441 Hijriyah utawi surya kaping 24 Desember 2019, kula badhe ngemah-emahaken anak kula estri nama :
Rara Elina Dwi Astuti
Kaliyan
Bagus Bayu Pratama Purnama
Purta pambayunipun Bapa Rawiyan ing Salatiga. Wondene ijab paningkahipun mapan wonten griya kula Dusun Ngablak RT 5 RW 3 Desa Ngraji Kecamatan Purwodadi.
Ingkang punika menawi wonten dhanganipun penggalih, benjing dinten Selasa Pon kasebat ing nginggil wanci tabuh 09.00 Wekdal Nuswantara Imbang Pracima, panjenengan kula suwun rawuh ing griya kula, kaparenga paring berkah pangestu wilujeng dhumateng anak kula penganten kekalih sumrambah ing sadayanipun.
Wasana sanget ing pangajeng-ngajeng kula, menggah rawuh panjenengan sekaliyan.
Purwodadi, 8 Desember 2019
Saking kula saha semah
Suwarno Adi Wibawa


Demikian postingan saya mengenai layang semoga bisa menambah pengetahuan budaya jawa, dan saya ucapkan terima kasih telah berkunjung di blog saya ini. saya sangat mengharapkan para pembaca yang budiman sudi untuk berkomentar untuk kemajuan blog ini.
Rahayu.

No comments:

Post a Comment