Crita Bahasa Jawa Jaka Kendhil Rabi

Crita Bahasa Jawa Jaka Kendhil Rabi

https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2019/12/crita-bahasa-jawa-jaka-kendhil-rabi.ht

JAKA KENDHIL RABI
Ana ing salah sawijineng desa kang aran Dhadhapan, ana kaluwarga sing isine simbok randha lan anak lanange siji. Anake lanang sombok randha ala banget mula awake cendhek kaya kendil, mula diarani Jaka Kendhil. Jaka Kendhil sak benere ora anak kandhunge mbok randha, nanging Putra Raja Kedhaton Ngambar Arum kang aran Raja Asmawikana, ananging marga kena sihir saka selir Dewi Dursilawati sing ora seneng banjur malih wujud dadi kendhil nalika lahire.

Salah sawijineng dina ing Dhadhapan ana wong sing lagi duwe gawe, rame banget swarane marga olehe nduwe gawe nanggap wayang dhalang kondhang. Saka ramene swara gamelane keprungu nganti teka omahe simbok randha. Jaka Kendhil sing krungu swarane gamelan, atine adreng karep nonton. Jaka Kendhil banjur pamit marang simboke  arep mangkat nonton wayang.
"Mbok, Jaka jaluk pamit arep nonton wayang  ya mbok, ? pamite Jaka Kendhil.
"Iya le anakku Jaka Kendhil, budhalo sing ati-ati ya." jawabe simbok.
Ora suwe Jaka Kendhil teka ana ing panggonan sing duwe gawe, Jaka Kendhil njujuk ana ing pawon. Ing pawon akeh ibu-ibu sing padha masak olah-olah kanggo keperluan sing duwe gawe, lagi golek waddah marga kentekan wadhah. Bareng weruh ana kendil banjur salah sijine muni mangkene, 
"Lho, lha iki kok ana kendhil anyar, nak ngono iki wae sing kanggo wadhah iwak dhendheng ragi kuwi, ? unine wong mau.
"Iya kepeneran, iku wae yu, tinimbang ora ana wadhahe, " jawabe wong wadon liyane.

Kendhil sing sak benere Jaka Kendhil mau banjur diiseni iwak dhendheng ragi nganti  kebak menceb-menceb. Bareng wis suwe, anggone nonton wayang Jaka Kendhil krasa sayah banjur mulih ngomahe. Sak tekane ing ngomahe iwak mau diwenehake marang simboke. Simbok randha nesu, Jaka Kendhil disrengeni, dikira nyolong, nanging amarga ora rumangsa nyolong jaka Kendhil wangsulan.
"Lha kepiya ta, mbok, wong wetengku selak sebah, kok isine ora ndang dijupuk, dadi Jaka banjur mulih iki, "wangsulane Jaka Kendhil marang simboke.
"Wis,  wiwit dina iki kowe ora kena lunga-lunga, mundhak dibencet wong sing padha olah-olah mau." kandhane simbok marang Jaka Kendhil. 
Mesthine sak pungkurmu saka tontonan wayang mau banjur padha alok kelangan." simbok kandha maneh. Jaka Kendhil mung manut apa kang dikandhaake simboke, dhewekke ora lunga-lunga saka omah. 

Sak wise ngancik dewasa Jaka Kendhil ngubel marang simboke njaluk rabi marang putri raja Seberang. Simboke dikon nglamaraake. Bot-bote nuruti kekarepane anake lanang siji-sijine sing banget ditresnani Mbok randha mangkat menyang kraton nuruti penjaluke Jaka Kendhil.  
Simbok Randha lan Jaka Kendhil wis tekan kraton lan kelakon marak marang Sang Nata., Mbok randha ngaturake apa kang dadi perlune. Sang Nata ndangu putrine kang pembareb asmane Dewi Kenanga. Ature sang putri nyerikke atine simbok, wose ora gelem yen dadi garwane Jaka Kendhil. Sang Nata raja Seberang banjur nari putrine sing nomer loro, asma Dewi Menur. Ature Dwi Menur ora beda karo mbakyune. Sang Prabu banjur nari putrine kang wuragil aran Dewi Mlathi, ora nyana Dewi Mlathi nampa lamarane lan gelem digarwa dening Jaka Kendhil..

Ananging  sang Nata rumangsa getun keduwung dene ndadak nari putri-putrine. Banjur golek cara supaya ora klakkon besanan karo Mbok Randha Dhadhapan.
"Nyai randha Dhadhapan, anaku wuragil yaiku  Dewi Mlathi wis nampa panglamarmu, ateges gelem digarwa dening anakmu si Jaka Kendhil.Ananging aku minangka ramane Dewi Mlathi nduweni kekudangan. Mbesuk dhauping pengantin, diarak gamelan lokananta kang nabuh para dewa, kembar mayang dewa ndaru, waringin kang awoh brondhong, gedhang emas kang apupus cindhe, ati tengu kang gedhene sawungkul, pitik trondhol kang gedhene sagubug penceng. menawa kowe ora bisa mujudi apa kang dadi penjalukku mau, anakmu ya si Jaka Kendhil ora sido dhaup karo putriku Dewi Mlathi, dene kanggo mujudake penjalukku mau sliramu tak wangeni patang puluh dina." ngendikane Sang Nata. marang simbok randha.
"Injih , sinuwun sang Parbu, nyuwun berkah pangestu mugi-mugi kula saged minangkani menapa ingkang dados panywun lan kekudangan panjenengan, " ature simbok randha.

 Simbok randha lan Jaka Kendhil mundur saka ngarsane Sang Nata, nuli mulih ing Dhadhapan. Sadalan-dalan tansah nangis mikirake apa kang dadi panyuwune Sang Nata. 
"Thole anakku Jaka Kendhil, temen abot kang dadi panyuwune Sang Nata, amrih kowe bisa dhapu marang putri Dewi Mlathi, ? kandhane simbok .
"Leres mbok, nanging kula badhe muja, semedi, ngeningake cipta, nutupi babahan hawa sanga, nyuwun marang ngarsane kang akarya jagad. Amarga wis dadi pestine panyuwune Jaka Kendhil katrima dening dewa, dewa nyanggupi apa kang dadi panyuwune.

Wus titimangsa patang puluh dina, dina sing diarep-arep dina pangaraking pengantin wis teka. Jaka Kendhil  numpak jaran sembrani diarak dening para dewa. Sasrahane mlaku ana ing ngarep, dhauping pengantin kanthi pahargyan gedhe.

Dewi Kenanga lan Dewi menur tansah moyoki adike sing bakal dhaup karo Jaka Kendhil.
"Dhiajeng Mlathi, sliramu ki putri ayu, kudune ya oleh garwa satriya sing gagah, bagus lan alus, ora kaya Jaka Kendhil kuwi ," ngendikane Dewi kenanga mbebeda marang adhika.
"Iya Dhiajeng sliramu ki kepiye ta, kok ya gelem nampa panglamare Jaka Kendhil, " pitakone Dewi Menur.
"Kakang mbok, Dewi Kenanga lan Dewi Menur, mbok menawa iki wis dadi pepesthenku, aku wis mantep dedhaupan kaliyan kakang mas Jaka Kendhil," jawabe Dewi Mlathi marang mbakyune.
Adicara panggih pengantin  kaleksanan, purwa madya lan wasana paripurna kanthi nir baya nirwikara. Banjur Jaka Kendhil lungguh ing papan palenggahan. Dumadakkan Jaka Kendhil malih rupa dadi satriya bagus, awake gagah. Kabeh padha kaget, mangerteni Jaka Kendhil ilang dadi satriya.
"Mangertia garwaku, Dewi Mlathi aku iki sak benere pangeran saka Ngambar Arum putra Nata Prabu Asmawikana, ya mung sabab sihire selir Dewi Dursilawati aku dadi wujud kendhil. Mula aku matur nuwun banget marang sliramu dene wis gelem dhaup karo aku.

Dewi Mlathi bungah banget dhaup marang Jaka Kendhil sak banjure diboyong ing Kedhaton  Ngambar Arum lan sak sedane Prabu Asmawikana dadi Raja lan Ratu ing kana.




No comments:

Post a Comment