Romansa Iwak Asin Karo Sego Liwet

Romansa  Iwak  Asin Karo Sego Liwet


iwak asin sego liwet

Ing dina minggu ana ing Taman Kota, ana nom-noman lanang ketemu bocah ayu ,lagi jagongan ana ing ngisore wit.

Si Mas : " Mbak  Oleh kenalan ora "?
Si mbak : " oleh to mas kenalan wae kok.."
Si Mas :  "  Jenenganmu sapa mbak"?
Si Mbak  : Jenengku  Ika Wakania Alissa Sintya "
Si Mas  : " weehh,,,,, dawa men? undang - undangane sapa "?
Si mbak : " IWAK ASIN "
Si Mas  : "???😛😜

Si Mbak : "Lha mas'e jenengane sapa, mas"?
Si Mas  : " jenenengku ya dowo lho mbak, Seto Gondo Lily Wattimena"
Si Mbak : "Weeew,....jenenganmu rek apik men to mas, "!! Keturunan Jawa ambon ya mas?.........lha terus aku ngundange piye mas ?.................
Si Mas : Ora usah repot celuk wae aku "SEGO LIWET"
Si Mbak : "Wahh , jebul awake dhewe ki jodho ya mas"? IWAK ASIN ketemu karo SEGO LIWET , cocok iwak endhog.😅😅
Si Mas : "he he............ iya mbak"...........

***singkate cerita wong loro mau banjur nikahan, wis 3 tahun nduweni anak 2***
anak sing mbarep wadon jenenge " Petrisia Teodore Bahagia Karina" celukane "PETE BAKAR"
Anak sing nomer loro " Lana Labara Dania Untari " di undang "LALAB DAUN"

Dadi komplit, keluarga panganan

No comments:

Post a Comment