Tuladha sesorah muwadda'ah akhirussanah ( contoh pidato wakil santri perpisahan madrasah Diniyah )

Tuladha sesorah  muwadda'ah akhirussanah  ( contoh pidato wakil santri perpisahan madrasah Diniyah )


Muwadda’ah atau yang akrab di namai dengan Perpisahan (pamitan ) ini di laksanakan berbeda dengan sekolah pada umumnya, karena jika di sekolah kebanyakan di laksanakan pada pagi atau siang hari, lain hal nya di Madrasah Diniyah. Pasalnya acara muwada’ah dilaksanakan pada malam hari saat. Seperti acara perpisahan lainnya, pada acara ini juga terdapat pidato sambutan dari wakil santri. Ini adalah contoh pidato dari wakil santri :

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Bismillahirohmanirrahimi

Alhamdulillahi wa kafaa, was shalaatu was salaamu alaa rasuulihil musthafaa, wa alaa aalihi wa sahbihi wamanih tada, amma ba’du

  • Dhumateng para alim ulama ingkang tansah kita ta’dzimi saha ingkang kita ugemi menggah fatwa-fatwa nipun, wa bil khusus dhumateng al mukharom Bapak Kyai Ahmad Sodiq saking Pati ingkang kita tengga rawuh miwah mauidhoh khasahipun.
  • Dhumateng bapak kepala desa genengadal, saha bapak kadus dusun gandok ingkang kita hormati saha perangkatipun ugi
  • Dumateng dewan asatidz, asatidzah ingkang kita hormati, wa bil khusus dhumateng kepala madin Hidayatuttolibin ugi
  • Dhumateng para adhik-adhik seperjuangan, senasib semangat berjuang ingkang kita tresnani

baca juga :  3 Tuladha Sesorah Purna Wiyata SD kelas 6 ( 3 Contoh Pidato Perpisahan SD )

Monggo kita sedaya tansah ngaturaken syukur dhumateng Allah SWT baik bil fi’li saha billisan, keranten kita senantiasa taksih dipun paringi hidayah, ma’unah, saha rohmatipun biqoulina Alhamdulillahirobil ‘alamin

Lan mangga kita sedaya tansah memperjuangaken, saha ngathahaken sholawat lan mugi group rebana rencang-rencang “Asy-Syauqina” sang perindu nabi saged dados amaliyah ingkang khoir-khoir saha khoir, keranten Nabiyullah Muhammad ingkang dipun suwuni syafaat benjang ing dinten Qiyamat, biqoulina Allahumma Sholi Ala Muhammad 3x

Sak derengipun kula selaku mewakili rencang—rencang ing mbok bilih kawula kumawantun ngadep lan matur ing ngarsanipun panjenengan sedaya kawula nyuwun pangapunten ingkang tanpa upama, hanamung badhe ngaturaken  punapa ingkang dados kewajiban kawula lan sakonco.


Kaping sepindhahipun
Kita tansah ngaturaken matur suwun sanget dumateng dewan asatidz-asatidz atas ilmu ingkang dipun tularaken, mugi –mugi kanthi amaliyah ingkang sae menika, Allah paring gesang kita istikomah saha ndherek tuntunanipun sunah, lan barokah, rizki ingkang kathah, sarto migunani tumrap nusa bangsa lan agami.

Kaping kalehipun
Kita mboten saged ngaturaken piwales  punapa-punapa hanamung puji pandonga, kados pepenget : ilmumu meleket di jiwaku, motivasimu denyut nadiku

Kaping tigonipun
Pepenget  dumateng adhik-adhik : semangatlah belajar , selalu optimis menghilangkan kebodohan, kebodohan itu kegelapan dan ilmu itu menerangi kegelapan

Cekap semanten anggenipun kawula matur ;
Ing mbok bilih wonten galap gangsuling atur, tata trapsila ingkang mboten ngremeni, kawula sakkonco, nyuwun agunging samodra pangaksami

Wallahul muwafiq ila aqwamittoriq
Wassalamu ‘alaikum warohmatullahi wabarokatuh

No comments:

Post a Comment