Naskah Drama Bahasa Jawa Asal usul Danau Toba


Para Paraga :
  1. Toba
  2. Samosir
  3. Sang Putri 
  4. Simbok Toba
  5. Wong Wadon 1
  6. Wong Wadon 2
  7. Warga 1
  8. Warga 2
  9. Swara Ghaib
  10. Narator

Ana ing salah sawijining desa ing tlatah Sumatra, ning kono ana petani lan Ibune, petani mau arane Toba. Sawijining wengi , Toba nalika dheweke lagi turu, dumadakan ngimpi ala banget, ana ing ngimpi kuwi Toba di tubruk macan. Toba langsung tangi nglilir, nalika isih ngalamun mikirke apa artine ngimpine kuwi, Toba krungu simboke lagi watuk-watuk lan sesek ambegane. Age-age Toba mlebu kamare simboke.

Toba : " Simbok.....simbok, Simbok gene?"
Simbok : " Le ..Toba anakku lanang, kowe ra usah kuwatir simbokmu iki mung watuk karo sesek ambegan kaya biasane."

Narator : Watuk lan seseg ambegane simboke Toba sansaya nemen, watuke nganti ngetokke getih.

Toba : " Ora Mbok, Simbok mesthi lara banget."
Simbok :"  Le, tulong jupukke banyu, iki napase simbok sesek banget."
Toba : " Inggih Mbok, ( karo nggowo banyu ngombe ) Niki mbok."
Simbok : " Thole Toba anakku lanang, simbok wis ora kuat mbok menawa wis wayahe ibu mati."
Toba : " Mbookk, aja ninggal Toba dhewekkan Mbok."
Simbok : " Le kowe mesthi iso urip tanpo simbok, kowe bocah sing kuat,? Kowe bocah sing paling kendel. Urip sing apik yo le." ( Simbokke Toba banjur ninggal )

Narator ; Saiki Toba urip dhewekkan tanpa rewang, Toba dadi petani sing ulet lan sregep sahingga sawahe tambah ombo. Sawijining esuk Toba lunga menyang kali saperlu mancing.
Toba : "Ya Allah, moga-moga dina iki aku oleh iwak sing gedhe." ( mengkono dongane Toba nalika arep mancing )

Narator : " Ora suwe sak wise Toba nguncalke pancinge ana ing banyu, pancinge katon obah-obah. Cepet-cepet Toba nggeret tali pancinge."
Toba : " Matur Nuwun Ya Allah panjenengan sampun kepareng paring ulam ingkang ageng sanget, lan ulam menika indah sangett." Sisike rupane abang cemlorot koyo emas. Mesti enka lan gurih yen iwak iki tak nggo lawuh mangan.

Narator : Toba banjur golek kayu kanggo mbakar iwak hasil olehe mancing ana ing kali. Iwakke disimpen ana ing kendil di dokok pawon banjur dhewekke karep lunga golek kayu. Dumadakkan iwak mau malih rupa dadi kenya sing ayu banget. Toba kaget nalika balik karo nggawa kayu kanggo mbakar iwak mau. Iwak sing ning pawon wis ora ana.

Toba : "Waduh, iwakku sing gedhe lan apik rupane kok ilang, apa di pangan kucing?"
Narator : Lagi bingung golekki iwake Toba krungu ana swara wanita .

Putri : "Sik, kowe aja mangan aku, aku gelem ngancani uripmu yen kowe ora mangan aku."
Toba : "sapa sing cauran kuwi, ?"
Putri : " Aja wedi kisanak, sak temene aku iki manungsa ora beda karo kowe. Aku banget matur nuwun marang kowe, marga aku wis kebuden marang kowe.". Mangertio yen sak benere aku putri sing di sabda dening dewa, lan kisanak sing wis gelem aweh pitulungan, lan minangka gantine aku gelem suwita marang sliramu, aku gelem dadi bojomu.

Toba : " Apa bener apa kang dadi kandhamu,?"
Putri : "Bener, aku gelem dadi bojomu."
Toba : "Jenengku Toba, yen ngono age-age aku bakal wara-wara yen kowe saiki dadi bojoku."
Putri : "Sik, sak durung aku nduweni penjaluk, siji wae penjalukku tulong aja nganti kowe nyritakke asal usulku, yen sak benere aku iki iwak, sebab yen nganti ana sing mangerteni kang mangka bakal kedadean prahara gedhe kang bakal tumiba ing desa iki."
Toba : " OO, ya wis nek ngono aku sanggup, aja kuwatir."

Baca Juga : Cerita legenda Danau Toba Bahasa Jawa
Narator : Nalikane para warga mangerteni yen Toba wis nduweni bojo sing ayu, banget , akeh saka warga desa sing ora seneng marang bojone Toba.Luwih-luwih wong wadon .
Wong Wadon 1:  " Yu, kowe wis reti durung yen si Toba saikine wis duwe bojo, ?Ayu tenan lho bojone toba.
Wong wadon  : " hallahhh, palingo wong wadon ayu kuwi di pelet karo toba, ben gelem dadi bojone ....nek ora apa ya ana to, sing gelem karo Toba joko Ngurak. "
Wong Wadon 1 : " OO, iya ya paling ya ngono, pintermen kowe yu,"
Wong Wadon 2 : " Wis-wis , ayo gek ngaleh aku wegah ndelengke. "

Narator : " Putri krungu apa sing di gunemke wong sing ana ning desane, putri ora nggagas lan tetep mantep dadi bojone Toba, pria sing wis nylametake uripe. Senajan akeh reridu sak jeroning urip bebrayan karo Toba, nanging bisa kalewati  kanthi lulus raharja. Setahun omah-omah Toba lan Putri oleh kabagjan amarga lahire jabang bayi. Jabang bayi lanang kang di kei aran Samosir. Samosir bocah sing kuat lan prakosa, nanging nduweni adat sing ora lumrah, ora pernah nalika mangan senajan wis mangan sing akeh banget, Samosir uga nakal marga ora gelem biyantu marang wong tua lorone.
Toba : "Bu, aku arep mangan wetengku ngelih banget, ."
Putri : " Ning meja pak, mau wis tak siapke, wah...............kok wis ntek resik. Samosir  ndi sega kanggo bapakmu kok ora ana."
Samosir : " wis tak entekke bu, aku pengen cepet gedhe , dadi manganku ya kudu akeh lan ora kena tandang gawe.Jane ki ya jek ngelih ning panganane wis entek, ya wis lah aku pe dolalan wae."

Naratoer : "Toba jek bisa sabar, marga kepiye wae Samosir senajan nakal kaya apa anakke dhewe. Ananging Samosir nakale wis kebangeten, nuju kenakalane Toba nganti kelangan kesabarane.
Putri : " Samosir ewangana ibu, le anakku lanang."
Samosir  : " Ewamgi apa bu, Samosir lagi wae dolanan iki lho bu. ".
Putri : "Wis ,.........leren sedhelok wae, ta. Iki Sega gawakna kanggo bapakmu sing lagi ana ing sawah, mesake wis awan iki bapakmu mesti wis ngelih."
Samosir : " Ibu lagi masak, durung rampung iki masakke kanggo kowe. Wis ndang cepet di terke menyang sawah kana. Mengko Bapak nesu."
Samosir : " Ahh ibu ki ngregoni wae, ya wis lah gawa rene, ndi segane."

Narator : " Ya wis marga ora niat ngeterke sega kanggo bapake, ana ing tengah dalan Samosir mangan sega sing kudune di terka kanggo bapakee ning sawah."
Samosir :  " aduhhh, keselmen ya awakku mlaku menyang sawah ,...ya wis lah tekan kene wae luwih becik tak pangan sega iki wae."

Narator : 'Sega sing kanggo bapake kui, ora krasa wis entek tanpa sisa dipangan dening Samosir, sak banjure tanpa dosa Samosir mangkat mulih teka omah banjur dolanan maneh.Toba sing ning sawah kepanasan lan krasa luwe, banjur niat mulih arep mangan."
Sawise tekan omah.
Toba : " Waahh, ngelih banget wetengku, mesti enak banget mangan masakane bojoku."
Toba : "(mbuka tutup Sega) ", Samosir! Iki masakane Ibu mu nandi, kabeh kok ora ana!"Ning sawah ya ora ana, ning omah ya ora ana.
Samosir : " Wis entek Pak, jatah sing kanggo Bapak wis tak pangan entek ning dalan, aku mau luwe pak,".Terus sing ning omah ya wis entek lagi wae tak pangan.

Toba : "Dasar anak iwak., Jan rakus tenan kowe!" ( nggetak karo getem-getem)

Narator : Krungu ucapane Bapake Samosir kaget banjur nangis lan mlayu marang ibuke sing lagi ramban ning kebon mburi omah.

Putri :"thole, anakku lanang, geneo kowe nangis?"
Samosir : "Ibu, ....apa bener aku iki anak iwak, bener ora ta bu?"
Putri : " Sapa sing ngomongi kowe thole, ?" ( Kaget )
Samosir : " (meneng karo asek-aseken)
Putri : "Jawab Thole ?"
Samosir : "Bapak bu, Bapak ngomong yen sak benere aku iki anak iwak, mula saka kuwi aku rakus kaya Iwak, Apa bener ta bu, ? Bapak ngapusi ya Bu?"
Putri : (meneng , njur netes eluh saka mripate) "Bbee..... ner Samosir, Bapakmu bener banget. Ibumu iki sak benere mung iwak sak durung dadi bojone Bapakmu.".
Putri : "Wis saiki ora usah nggatekna omongane bapakmu, gek ndang age mlayu munggah gumuk sing dhuwur kae, lan kowe kudu menek wit sing paling dhuwur ning pucuke gumuk kuwi."
Samosir : "nggeh bu, "

Narator  : dumadakan, ana swara metu saka langit.
Swara Ghaib : "Huuuuahhhaaaaaa, putri bojomu wis mblenjani janjine, saiki kowe wis ora bisa urip ning bumi iki, Kowe kudu ninggalake bumi iki, kowe kudu mbalik ning panggonan asalmu lan mbalik dadi iwak. Kowe wis ora duwe hak urip ning kene cepet kowe lunga ning kali."

narator : sak wise krungu swara kuwi Putri lan Samosir, ilang. Langit malih peteng ndendet lan udan deres bareng karo bledeg gedhe banget.

Warga 1 : "ana apa iki?"
Warga 2 : " Embuh aku ora weruh"
Warga 1 : " Ora lumrahe udan deres kaya ngene iki ?'
Warga 2 : " Udane deres banget iki, desa bakal klelep marga kaline amber . ya wis ayo padha nylametke awakke dhewe-dhewe."
Warga 1 : "ayo...ayo.."

Narator : Rampunge crita, udan gedhe kuwi nglelepke desa, Putri sing ngilang wis malih dadi iwak sing gedhe. Toba ora bisa nylametake awake dhewe, klelep mati ning akehe banyu. Saya suwe ambere banyu saya amba lan malih dadi telaga sing gedhe. Ramene jaman telaga kuwi di arani Telaga Toba utawa Danau Toba, lan ana gumuk cilik sing ning tengahe di arani Pulau Samosir.

Cukup sakmene drama bahasa Jawa Asal usule Telaga Toba, muga-muga bisa manfaat, kanggo para sing maca. Matur nuwun.



No comments:

Post a Comment