Tuladha Atur Pambagya Badhe Ngawontenaken Pahargyan ( Acara Kirim Slamet )

Tuladha Atur Pambagya  Badhe Ngawontenaken Pahargyan ( Acara Kirim Slamet )


Salah satu adat yang dilakukan dikampung saya sebelum, seorang warga akan melaksanakan pahargyan atau hajatan, baik itu menikahkan atau khitanan, maka beberapa hari sebelumnya akan melaksanakan kendurenan, yang biasa disebut dengan kirim slamet. Kendurenan ini bertujuan mengirim do'a kepada ahli kubur yang punya hajat, kemudian dilanjutkan dengan pembentukan panitia kecil saat pelaksanaan hajatan nantinya.

Urutan acarnya adalah membaca Surat Ikhlas, selengkapnya dilanjutkan tahlilan. Setelah selesai para pemuda akan menyajikan hidangan baik minuman, makanan. Setelah makan utama akan disajikan hidangan tambahan, bisa berupa buah-buahan atau makanan kecil seperti kacang rebus, lemper, dan lainnya. Nah disaat inilah wakil dari tuan rumah akan mengumumkan hajat tuan rumah, baik waktu, tempat, lengkap dengan tugas-tugas tertentu kepada seseorang yang telah ditunjuk.

Berikut ini adalah contoh untuk pembukaan sebelum acara tahlilan di mulai, biasanya langsung oleh imam atau modin yang memimpin tetapi bisa juga oleh wakiltuan rumah sehingga modin hanya memimpin do'a saja.

Assalamu'alaikumm warohmatullahi wabarokatuh


Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi rabbil ‘alamin wa sholatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’iin, amma ba’du.

  • Para sesepuh, pinisepuh , ajisepuh ingkang satuhu kinurmatan
  • Para waruh bapak lan ibu sedaya ingkang satuhu bagya mulya
  • Lan ugi para kadang kaneman ingkang tansah kula tresnani

 Sumangga sakderengipun kula dherekaken ngonjukaken raos syukur kita wonten ngarsa dalam gusti ingkang Maha Mirah nun inggih Gusti Allah SWT, awit saking pinten-pinten rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan saged mekempal wonten ing dalemipin Bapak Paino, kanthi lumebering kabragas warasan. Mila saking menika sumangga sareng-sareng kita ikraraken kanthi lafal hamdalah sesarengan Alhamdulillahirobbil 'alamin.
Shalawat lan salam sumangga kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAWlumeber dhumateng kaluwarga sumarambah para sahabatipun Abu bakar, Umar, Utsman lan Ali, mugi -mugi kanthi waosan shalawat Allahumma sayidina Muhammad, panjenengan miwah kula saged kagolongaken umatipun inkang pikantuk syafaatipun, wonten ing dunya lan ugi akhirat. Amin allahuma amin.

Baca Juga : Sambutan Tuan Rumah acara Tahlilan (saat pengajian malam sebelum hajatan )
Baca Juga : Teks Ijab Kendurenan
Baca Juga : Contoh Atur Kendurenan

Para rawuh para lenggah ingkang satuhu bagya mulya, keparenga kula nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis, awit minangkani panyuwunipin  Bapa Paino sakulawarga, saperlu dados talanging atur ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Purwaning atur, Bp/Ibu .............................. sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya, awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados undangan lan panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan sangking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Wondene menggah hajat tujuanipun Bapa Paino ngrawuhaken panjenengan sedaya ing papan menika, nuwun inggih badhe pun suwuni bantuan arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan kalimah toyyibah Surat Ikhlas kalajengaken tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli kulawarganipun Bapa Paino, ingkang sampun sumare, Ewandene  imamipun nun inggih panjenganipun Bapa Kyia ALi Munasir, S,Ag. Menggah ahli kuburupin Bapa Paino sak keluawarga nuwun inggih:
  1. Simbah.............
  2. Simbah.............
  3. lan sak piturute
sakpeminggah sakpengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan pinaringan papan kesaenan saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenan rikala sugengipun. Allahumma amin.

Kejawi saking menika Bapa Paino sakulawarga badhe nyuwun berkah pendonga lan pangestu panjenengan sedaya, awit salah setunggaling putra ing kulawarga menika ingkang peparab/sesilih Dyah Ayu Siti Similikiti, S.Pd,  insyaAllah badhe nglampahi sunnah rosul mangun bebrayan ingkang kawastanan nikah, nuwun inggih badhe pikantuk Bagus ...................  putranipun Bp/Ibu  Paidi ingkang pidalem ing ..............................

Ingkang saking menika keparenga para rawuh para pilenggah paring puji pendonga lan pangestu mugi-mugi, anggenipun calon manten kekalih sumedya mangun bebrayan ing mangke, tansah manggih kawilujengan, kalis ing rubeda, tan manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

INgkang salajengipun, hambombokbilih Bp/Ibu Paino sakulawarga anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kirang ing tanggap tata akrami, menapadene anggenipun atur papan palenggahan saha pasugatan samangke kirang adamel sukarenaning penggalih panjenengan sedaya, Bp/Ibu Paino sakulawarga sanget anggenipun nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Dene kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur wonten kalepatan, kekirangan, saha kalucutipun, keparenga panjenengan sedaya hangrentahaken sih samodra pangaksami.

Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamua’alaikum wr.wb.

Katur dhumateng panjenenganipun Bapa kyai Ali Munasir, S.Ag, wekdal kula sumanggaaken.

2 comments: