Slamet, Wilujeng, Sugeng, Rahayu, Raharja, Basuki, lan Widada

Slamet, Wilujeng, Sugeng, Rahayu, Raharja, Basuki, lan Widada

sumber foto : https://www.instagram.com/showimah/
Bahasa jawa adalah bahasa yang kaya dengan kosa kata dan persamaan. Sebagai contoh adalah kata ( tembung ) slamet. Dalam bahasa kata slamet adalah selamat yang artinya terbebas dari bencana, arti lainnya adalah sehat. Kata selamat bisa berarti ucapan doa dan salam. Tetapi kata Slamet dalam bahasa jawa bisa menjadi berbagai makna dan arti dan juga banyak kata yang berarti serupa.

Berikut ini kata slamet dan kata lainnya yang mempunyai arti sama :
1. SLAMET
Tembung padinan, ngoko, sing asale saka basa Arab "salam" sing tegese keslametan.
Tuladha : 
  • Kabar sing tak tampa kabeh padha slamet
  • muga - muga kowe slamet tekan ngomah
2. WILUJENG
Basa krama sing tegese ya slamet, sing mengku surasa luput saka bebaya (terlepas dari bahaya).
Tuladha :
  • Wilujeng nir ing sambekala
  • Tansaha wilujeng datan manggih alangan setunggal menapa

3. SUGENG
Basa krama inggil/aluse slamet, sing mengku surasa seger kuwarasan (segar bugar). Mula tembung "sugeng" uga duweni teges "urip" sing mengku karep isih seger kuwarasan.
Tuladha :
  • kasugengan mugi tansah kajiwa kasarira
  • Simbah taksih sugeng

4. RAHAYU
Tegese ya slamet sing surasane luput ing kacilakan utawa kasengsaran (terlepas dari kecelakaan/kesengsaraan).
tuladha :
  • Rahayu kalis ing rubeda
  • Mugi rahayu nir ing pringga bayaning marga
5. RAHARJA
Tegese uga slamet sing ngemu surasa adoh saka bebaya, tebih saking parangmuka (jauh dari mara bahaya). Ing bausastra basa Jawa (Poerwadarminta) "raharja" uga ditegesi reja utawa rame.
Tuladha :
  • Raharja ingkang sami pinanggih
  • Gemah ripah loh jinawi tata tentren karta raharja
6. BASUKI
Tegese uga slamet sing mengku surasa bisa terus tanpa alangan (selalu tanpa halangan). Teges sing liyane yaiku mulya utawa kamulyan.
Tuladha :
  • Adicara siang punika sampun kaleksanan kanthi basuki
  • Jer Basuki Mawa Beya
7. WIDADA
Tegese ya slamet sing surasane tulus utawa lestari keslametane (lestari dalam keselamatan)
Tuladha :
  • Mugi lestari widada anggenipun amemangun bale wisma.
Tetapi penggunaan kata-kata di atas sekarang ini sudah terbawa budaya barat seperti "goedemorgen" (Belanda), "guten morgen" (Jerman), "good morning" (Inggris), sehingga menjadi selamat pagi, sugeng enjing, wilujeng enjing lsp.

Mudah-mudahan bermanfaat bagi kita semua terutama bagi pecinta budaya jawa. Terima kasih mohon kritik, saran supaya lebih baik lagi, silahkan anda tulis dikolom komentar.
Rahayu.

No comments:

Post a Comment