Contoh teks pasrah dan panampi penganten indah

 Contoh teks pasrah dan panampi penganten indah

Pembaca yang budiman, jumpa lagi di bolg saya. Kali ini saya akan memberikan contoh atur panampi pengantin secara singkat, namun dengan bahasa krama inggil yang baik. Langsung saja

pasrah dan nampi penganten
  • Tuladha atur pasarah penganten kakung wonten ing pahargyan Panggih Penganten 

Kulo nuwun,
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Mugi Katentreman, karahayon tuwin kawilujengan ingkang pinangkanipun saking Gusti ingkang Maha Agung, mugi tansah hamemayungana ing madyaning pahargyan ing wanci siang menika.

Bapa Sardi  Miwah Ibu, ingkang winengku hing pakormatan, bilih sowan kula ing wanci siang menika, kula dipun utus utawi saraya dening Panjenenganipun Bapa Sarino  sekaliyan, ingkang saperlu kedawuhan matur wonten ngarsanipun Bapa Sardi sekaliyan, ing ri kalenggahan siang menika penjenengan ingkang hanyalirani.

Hatur kula ingkang kapisan, kula kedhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bapa Sarino sekaliyan, ingkang linambaran donga pamuji, mugi kaaturna dumatheng Bapa Sardi. sekaliyan, minggahipun dumatheng keluarganipun.

Wondene jangkepipun atur ingkang kaping kalih, kula kedawuhan masrahaken putra turunipun ingkang nama pun Bagus.Sahrul Gunawan, S.Pd., mugi wonten keparengipun kadaupaken kaliyan putra pawestrinipun Bapa  Sardi sekaliyan, ingkang hasesilih pun Roro Ayu Siti Zulaikha, S.H. Menggah kalampahanipun tatacara panggih. hanut satataning adat, pamurba kula sumanggakaken wonten hing ngarsa penjenengan.

Mekaten Bapa Sardi sak kulawangsa  anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan, kathah sanget atur kula ingkang mboten handamel renaning penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksama, nuwun.

Wassalam Warohmatullahi Wabarokatuh
BACA JUGA :https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2018/11/pager-mangkok-luwih-kuat-tinimbang.html
 https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2018/12/ibudonga-panjenengan-jimat-kula.html
  •  Tuladha atur panampi penganten kakung wonten ing pahargyan Panggih Penganten

Assalamu'alaikum Warohmatullahi wabarokatuh

Katentreman, karahayon tuwin kawilujengan ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah ingkang Maha Agung mugi tansah hamemayungana wonten hing madyaning pahargyan ing wanci siang punika.

Kula nuwun..Bapa Sarino miwah  Ibu Sarini Ingkang winengku ing pakurmatan.
Minangka purwakaning atur, keparengna kula ngaturaken pambagya wilujeng rawuh penjenengan sak pangombyong.

Dene hanggen penjenengan ngaturaken salam kawilujengan sampun kula tampi kanthi bingahing manah, hing mangke badhe kula aturaken ingkang hamengku / hambawani damel sekaliyan.

Ugi mboten katalumpen, salam  taklimmipun Bapa  Sardi sekaliyan mugi kahaturna dumatheng penjeningipun Bapa Sarino  Sekaliyan, minggahipun dumatheng kulawangsanipun.

Wondene hanggen penjenengan hamasrahaken penganten priyo pun Bagus Sahrul Gunawan, S.Pd. Sampun kula tampi, tumuli badhe hanindakaken satataning adat panggihing penganten.
Hanamung sru panyuwunipun Bapa Sardi sekaliyan, penjenengan sak pangombyong dipun suwun hanjenengi lampahing tatacara punika ngantos sakparipurnanipun.

Mekaten Bapa Sarino miwah Ibu hanggen kula hananggapi pasrah penjenengan, kathah atur kula ingkang mboten handamel renaning penggalih, kula nyuwun hagunging samodra pangaksama.

Kanthi pada tutuping atur kula kantheni hasesanti, rahayu ingkang sami pinanggih lan sukarena.
Nuwun.

Wassalamu'alaikum Warohmatullahi wabarokatuh

Demikianlah contoh teks pasrah dan panampi temanten kakung singkan dan indah, semoga berguna bagi yang membutuhkan. Terima kasih telah berkunjung di blog saya ini.
bisa juga lihat video ini sebagai tambahan

No comments:

Post a Comment