Sepira Gedhene Sengsara Yen Tinampa Amung Dadi Coba ( Naskah Drama Remaja Bahasa Jawa Sangat Menyentuh Hati )


Ana ing sawijine desa ana bocah wadon kang aran Putri. Putri sak benere mung anake tukang becak lan bakul jamu. Nanging ana ing sekolahan Putri iki siswi sing nduweni prestasi sing apik, pungkasane Putri kasil entuk bea siswa kuliah ana ing Perguruan Tinggi Negeri. Ning kana dheweke manggon ing kos-kosan bareng karo konco-kancane sing anyar.
Putri
:
”Bapak, Ibu , putri bidal rumiyen badhe teng kos-kosan?”
Bapak
:
”Iya nduk sing ati ati ya”
Putri
:
Nggeh bapak”
Simbok
:
”Awakmu sing ati ati yo nduk, simbokmu  mung bisa nyangoni donga pangestu kanggo awakmu. Mengko yen ana apa-apa telpon nyang  simbok?”
Putri

”Nggeh mbok, mboten menapa seanoso namung donga sampun cekap simbok”
Amarga adoh sawetara 4 jam putri teka menyang kos-kosan lan ketemu Desy
Putri
:
“Asalamu’alaikum , mbak arep takok?”
Desy
:
“Wa’alaikum salam, arep takok apa mbak?”
Putri
:
“ Iki apa bener kos-kosane Bu Bambang?”
Desy
:
“ He eh . Bener iki kosane Bu Bambang lha ana perlu apa?”
Putri
:
“ Aku arep ngekos neng kene, Bu Bambang e ana po ra?”
Desy
:
“ Oooo, kae Bu Bambang ana, lagi neng ngarep Tivi.”
Singkate crita, Putri ditampa ana ing kos-kosane Bu Bambang, manggon kamar sing ana sandinge omahe Bu Bambang. Kepeneran Desy uga sak kampus karo Putri banjur bocah wadon loro kuwi kekancan.
Desy
:
“ Eh, putri sidane kamar kosmu manggon ning endi.”
Putri
:
“ Iki lho sanding omahe Bu Bambang.”
Desy
:
“Lho , nek ngono awake dewe tangga kamar ya.”
Putri
:
“ Eh, Des ngomong-ngomong awakmu kuliah fakultas neng apa?”
Desy

“ oh, aku ning Fakultas kedokteran
Putri
:
“ Lho lha kebeneran nak ngono, aku ya ing fakultas kuwi, saiki awake dhewe kanca kos-kosan ya kanca kuliah.”
Desy
:
“ Oh . ya wis ayo tak ewangi nata kamarmu, ben awake dhewe tambah akarab.’
Putri
:
“ Ayo ndang mlebu, nata barangku mung sithik thok kok.”
Rampung anggone nata barang lan ngobrol ngalor ngidul karo guyon lumrahe cah nom –noman. Bocah wadon ABG loro kuwi wis dadi akrab.
Dina Esuke.
Desy
:
“ ye ye ye, Put, dina pertama kuliah atiku seneng baget, lah kowe piye Put?”
Putri
:
“ Iya Des, aku ya seneng banget, aku kelakon kuliah, ora nyana apa sing dadi impenku kelakon.”
Desy
:
“Put, ora krasa jebul wis awan wetengku wis krasa Luwe, yuk golek kantin.”
Putri
:
“ Ya wis, ayohh aku ya wis luwe.”
Rampung olehe jajan, Putri lan Desy mlaku menyang kasir karep mbayar, ndilalah ora sengaja nyenggol sikile Intan, mahasiswa senior sing kerep gawe kisruh .
Intan
:
“ Bocah pekok, goblok tenan kowe ki, iki dudu kayu iki sikilku!”
Putri
:
“ Aa nu mbak, sepurane aku ora segaja.”
Intan
:
“ Halahh,  ora sengaja apa! Paling njarak kowe, nantang aku ya durung ngerti sapa aku heee..!” ( karo njambak jilbabe Putri )
Putri
:
“ Aduhh mbak  lara, lara mbak colna..”
Amarga kisruh lan banter swarane Intan, ora suwe teka nom-noman bagus rambute gondrong, kulite kuning resik jenenge Adit sing jarene pacare Intan.
Adit
:
“ Wis, wis Intan,.. culke tanganmu saka jilbabe, kaya bocah cilik wae kowe kuwi . Ngono wae kok ya dadi rame, ora isin po piye! delengen dadi tontonan wong sak kantin.”
Intan
:
“ hhhh,,,ya ya tak culke. “( lunga karo ngrundel )
Adit
:
“ hei, sepurane ya pancen Intan sikape ijek kaya bocah cilik.”
Putri
:
“ He e, iya mas, matur nuwun.”
Adit
:
“ Oh ya, jenengmu sapa, aku Adit kuliah ning Fakultas Ekonomi semester 4.”
Putri
:
“ jenengku Putri mas.”
Adit
:
“ Wis ya, aku tak lanjutke kegiatanku, muga muga bisa ketemu maneh.”
Dina pisanan kuliahe Putri ndilalah ana kedadean sing ora ngepenakke. Nanging Putri ora kendho anggone sinau ing Universitas kuwi. Ora krasa wis meh setahun anggone kuliah, Putri lan Desy kuliah lan kekancan kaya biasane, nanging sak liyane kuwi Putri uga tambah cedhak karo Adit. Kanca kancane pada ngira yen Putri lan Adit pacaran, nanging sak benere ora marga Adit mung niat manfaatke Putri marga sakliyane ayu putri sikape ijek polos. Nganti sawijining wengi Adit ngajak kencan putri ning Hotel .
Kira –kira jam 7 bengi Adit ngampiri Putri ning kos-kosane
Adit
:
“ Put, Putri...”
Putri
:
“ Oh iya mas, entenana sedela ( kira –kira 15 menit Putri metu saka kos-kosan ).”
Adit
:
“ Ohh ayu tenan kowe Put, ayo ndang mangkat selak wengi.”
Putri
:
“ Hallahh gombal kowe mas, ya wis ayo.”
Kira-kira setengah jam, Adit lan Putri teka ning hotel njujug neng restourant. Adit pesen panganan lan ngombe spesial. Nanging niate Adit ora apik marga panganan sing di pesen Adit di kei bubuk sing marai Putri nggliyeng ora sadar. Sak wise mangan Putri bener nggliyeng, sak durung ambruk Adit nuntun Putri mlebu kamar hotel sing wis dipesen sak durunge. Tekan kamaran Putri wis ora sadar mung merem kaya wong turu, Adit banjur nindakke niate sing elek. Nganti sak wengi utoh Adit kaping papat anggone ngrudapaksa Putri. Wis wayah esuk Putri lagi bisa tangi lan sadar, kaget ora karuan awake mung ketutupan selimut, pakaiane kabeh mblader ning jogan keramik.
Putri
:
“ ( nangis asek-aseken kaget ) ya Allah gusti, aku kok isa ning kene, aku kok .... klambiku ...pakaianku..oh hhhh. Awakku lara kabeh.”
Sawetara wektu Putri sedih ngerteni kahanane, sak wise rada suda rasa sedihe putri mulih mbali ning kos-kosan. Banjur bablas ning kampus, arep nggolekki Adit.
Putri
:
“ Des,..awakmu ngerti Adit ana ing ngendi?”
Desy
;
“ ora put, lha ana apa toh Put?”
Putri
:
“ Ora ana apa-apa Des, ora apa-apa kok.”
Desy
:
“ oohh ya wis nek ngono.”
Putri neruske nggoleki Adit, ning kanti ora ana, banjur munggah ning balkone kampus, Putri weruh Adit lagi lungguh dhewekan.
Putri
:
“ Adit , aku arep takon?” aku mbuk apakke sawise mangan mau bengi, aku mung eling sak bare mangan sirahku krasa ngelu, banju ora eling nganti tekan esuk .
Adit
:
“ Lha terus karepmu ki apa?”
Putri
:
“Wis to. Kowe ora usah selak, jujur wae yen kowe lanang tenan.”
Adit
:
“ Ya wis , tak akoni aku wis njupuk kasucenmu, aku ora lila yen wong liya nganti ndhisiki.”
Putri
:
“ oalah Dit, terus karepmu ki apa, hee,,?”
Adit
:
“lha terus karepmu apa?”
Putri
:
“yen nganti aku meteng kowe kudu tanggung jawab.”
Adit

“hee...apa tanggung jawab, mohh, wegah aku kowe kuwi sapa?”
Putri
:
“lohh aku iki pacarmu..”
Adit

Jare sapa, ...aku durung tau ngomong yen aku seneng kowe, aku durung nembak kowe Put.” ( karo lunga )

Putri mung meneng ngrasake sedih atine, nanging apa sing dirasakke mung disimpen. Nganti nganti 2 wulan katon tanda-tanda yen Putri meteng.
Putri di panggil Dosen
Dosen
:
“Put, bapak krungu kabar saka kanca-kancamu yen awakmu meteng, bener?”
Putri
:
“ Nyuwun ngapunten nggih pak, kula nembe kirang sehat.”
Dosen
:
“ Jawaben sing jujur, awakmu meteng ya?”
Putri
:
“( nangis asek-aseken ) injeh pak, kula ngandut sampun 2 wulan.”
Dosen
:
“Astaghfirullahaladzim, Put, kok kaya ngene nduk, kowe mahasiswa sing pinter, sapa nduk sing wis tega karo kowe.”
Putri
:
“Sampun Pak, niki mpun dados nasibe kula, kahanan kula badhe kula sandhang piyambak, kula mboten badhe matur sinten tiyange.”
Dosen
:
“Lha terus piye yen wis kaya ngene iki nduk?”
Putri
:
“Kula, badhe mundur saking Universitas niki, kula ajeng medal mawon, kula mboten kiyat nyandang kahanan kula teng mriki, kula wirangPak.”
Dosen
:
“Bapak ora bisa nggondheli yen kuwi eis dadi mantebing atimu. Bapak mung bisa ndongake muga-muga awakmu bisa tentrem, lan kuwat ngadhepi cobaning uripmu.”
Putri metu saka kampus, neruske uripe mulih menyang kampunge. Ana ing kampunge Putri Mbuka usaha toko klambi cilik-cilikan nyambi nampa jahitan.
Kira –kira setahun Adit sing wis ngrumangsani salahe nggolekki Putri ning kampunge. Awan kuwi Putri lagi njahit ana ing teras omahe karo ngedhepi kiose. Adit sing dikancani Desy kasil nemokake omahe Putri.
Desy
:
“( mbengok karo mlayu nyedhaki Putri ) Putri.....”
Putri
:
“(kaget ) ehh Desy, kok rene ana apa Des?”
Desy
:
“Syukur alhamdulillah Put, saiki wis bisa nemokke omahmu, wis setahun sak wise kowe metu saka kampus Adit karo aku nggoleki kowe. Kae adit arep ngomong penting .”
Adit
:
“ ( Nyedhaki Putri )Put, aku ngakoni salahku, aku wis ngrusak uripmu, aku wis tega ninggalke awakmu nalika kowe berjuang ngadhepi kahanan sing wis tak lakoni.Saiki aku sagoh tanggung jawab, aku arep mbangun omah-omah karo awakmu.”
Putri
:
“(meneng mikir karo ngalamun ) “
Adit
:
“ Piye Put, awakmu gelem nampa kesalahanku, gelem nampa awakku?”
Putri
:
“Iya Dit, aku gelem. ( Putri mlebu omah banjur metu maneh nggawa bayi umur 1 wulan, lan ngulungke bayi kuwi karo Adit), iki anakmu wedok jenenge Salsabila Az Zahra.”
Adit
:
“(nampani bayi banjur di pondong) Duh Gusti, ayumen anakku, lucu ne( adit ngudang bayi kuwi ), anake sapa iki? Aku bapakmu nduk cah ayu, bapakmu wis teka.”
Adit, lan Putri banjur matur marang Bapak lan simboke. Sak minggu sak wise kuwi Adit lan Putri nikahan, urip tentrem ana ing kana.
Tamat
Itulah drama bertema pergaulan remaja, dengan judul  Sepira gedhening sengsara yen tinampa amung dadi coba.mudah-mudahan bisa dijadikan referensi, dan bermanfaat bagi pembaca yang budiman semua.
Rahayu

2 comments: