Showing posts sorted by relevance for query teks panampi. Sort by date Show all posts
Showing posts sorted by relevance for query teks panampi. Sort by date Show all posts

contoh teks panampi temanten kakung

Contoh  teks panampi temanten kakung

Postingan kali ini adalah teks panampi tementen kakung saat acara pasrah dan tampi acara panggih, saya memposting bukan karena sudah pandai atau berpengalaman dalam hal ini. Tetapi semata-mata hanya untuk bahan belajar saya saat menerima permintaan dari warga menjadi duta saraya atau perwakilan dari tuan rumah. Untuk para pembaca yang nyasar ke blog saya mudah-mudahan bisa membantu memberi masukan untuk kedepan supaya lebih baik.
baca juga : https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2018/07/pasrah-temanten-kakung.html

teks panampi penganten kakung
Bismillahirohmanirohhimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Alhamdulillah wa syukrulillah wa sholatu wa sallamu ‘ala rasulillah sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba’dah.


Konjuk dumateng Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajiesuph, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen..
Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun.
Langkung-langkung wabil khusus panjenenganipun ................................ ( kalau ada tokoh Kiyai atau ulama yang hadir pada acara tersebut )
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Mliginipin dumateng bapak kepala Desa ................ dalah sedaya perangkatipun ingkang tansah kawula tuhoni sedaya atur pangandkanipun.
Panjenenganipun bapa ...........( besan ) dalah .para kadang pengombyong temanten,  kakung/putri saking ..................................( sebutkan dari mana asal besan ) ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.
 Mboten kesupen Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten ing dalemipun bapak .........................( tuan rumah ) kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga kita ikraraken  kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun benjang wonten yaumil qiyamah.

Kanthi linambaran trapsila ing budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparingipun Bapa................( tuan rumah )  Ibu, kawula piniji minangka duta saraya talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa ......................( besan ) sekalihan lumantar panjenganipun Bapa ....................... ( nama perwakilan besan )

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa papindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga

Sanget ketampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun kadang besan lumantar panjenenganipun bapa ....... ( perwakilan besan ) kawula tampi, kanthi atur Waalaikumsalam  wr wb salajengipun dhumawaha sami-sami.

Panjenenganipun Bp ............................. (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi asto kalih, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bp ................ ibu ................... ( tuan rumah ) lan sak lajengipun mbok bilih sampun samekto ing gati samudayanipun, dumateng panjenenganipun ibu juru rias nuwun inggih ibu.................. ( nama juru rias ) saking sanggar rias ..................... ( nama sanggar rias ) kasuwun mratitisaken lampahing adicara panggih,  miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun lumampah wonten ing dusun ......................... ( nama tempat ) mriki, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa .............. ( tuan rumah )sekalihan garwa. Mboten kekilapan Bapa ................... ( tuan rumah ) sekalihan namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparinganipun kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa ................... ( tuan rumah ) sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Para Rawuh para pilenggah ingkang satuhu dahat kinurmatan....
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak……………….( tuan rumah ) sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya.

*Bapak saha Ibu.......................... ( tuan rumah ) .sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.
Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….( tuan rumah ) ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para muda- mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon,  Bapak saha Ibu ……………( tuan rumah ) sakulawarga mboten saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken donga pamuji, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.

*Bapak saha Ibu ……………. ( tuan rumah ) sakulawarga nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.
Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen kados mimi lan mintuno , rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

* mbok bilih Bapak saha Ibu ……………. ( tuan rumah )wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.

Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang kinaurmatan saha kadang besan sutresna ingkang satuhu bagya mulya.

Menggah atur saking kadang besan lumantar Bapa....................( ingkang pasrah )  hambok bilih sampun pari purna pahargyan siang punika, panjenenganipun ngersakaken nyuwun pamit, kondur wonten dalemipun sowang-sowang, Bapa .......................( tuan rumah ) mboten saged ngantun punopo-punopo, namung saged ngaturaken sugeng kondur sinartan puji donga mugi lampah kondur panjenengan sedaya milai pawiwahan punika dumugining dalemipun sowang-sowang tansah pinarengan rahayu wilujeng tebih saking pringga bayaning margi.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula matur punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
berikut ini adalah salah satu video acara pasrah dan panampi pengantin kakung

Contoh teks pasrah dan panampi penganten indah

 Contoh teks pasrah dan panampi penganten indah

Pembaca yang budiman, jumpa lagi di bolg saya. Kali ini saya akan memberikan contoh atur panampi pengantin secara singkat, namun dengan bahasa krama inggil yang baik. Langsung saja

pasrah dan nampi penganten
  • Tuladha atur pasarah penganten kakung wonten ing pahargyan Panggih Penganten 

Kulo nuwun,
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Mugi Katentreman, karahayon tuwin kawilujengan ingkang pinangkanipun saking Gusti ingkang Maha Agung, mugi tansah hamemayungana ing madyaning pahargyan ing wanci siang menika.

Bapa Sardi  Miwah Ibu, ingkang winengku hing pakormatan, bilih sowan kula ing wanci siang menika, kula dipun utus utawi saraya dening Panjenenganipun Bapa Sarino  sekaliyan, ingkang saperlu kedawuhan matur wonten ngarsanipun Bapa Sardi sekaliyan, ing ri kalenggahan siang menika penjenengan ingkang hanyalirani.

Hatur kula ingkang kapisan, kula kedhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bapa Sarino sekaliyan, ingkang linambaran donga pamuji, mugi kaaturna dumatheng Bapa Sardi. sekaliyan, minggahipun dumatheng keluarganipun.

Wondene jangkepipun atur ingkang kaping kalih, kula kedawuhan masrahaken putra turunipun ingkang nama pun Bagus.Sahrul Gunawan, S.Pd., mugi wonten keparengipun kadaupaken kaliyan putra pawestrinipun Bapa  Sardi sekaliyan, ingkang hasesilih pun Roro Ayu Siti Zulaikha, S.H. Menggah kalampahanipun tatacara panggih. hanut satataning adat, pamurba kula sumanggakaken wonten hing ngarsa penjenengan.

Mekaten Bapa Sardi sak kulawangsa  anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan, kathah sanget atur kula ingkang mboten handamel renaning penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksama, nuwun.

Wassalam Warohmatullahi Wabarokatuh
BACA JUGA :https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2018/11/pager-mangkok-luwih-kuat-tinimbang.html
 https://cinta-budayajawa.blogspot.com/2018/12/ibudonga-panjenengan-jimat-kula.html
  •  Tuladha atur panampi penganten kakung wonten ing pahargyan Panggih Penganten

Assalamu'alaikum Warohmatullahi wabarokatuh

Katentreman, karahayon tuwin kawilujengan ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah ingkang Maha Agung mugi tansah hamemayungana wonten hing madyaning pahargyan ing wanci siang punika.

Kula nuwun..Bapa Sarino miwah  Ibu Sarini Ingkang winengku ing pakurmatan.
Minangka purwakaning atur, keparengna kula ngaturaken pambagya wilujeng rawuh penjenengan sak pangombyong.

Dene hanggen penjenengan ngaturaken salam kawilujengan sampun kula tampi kanthi bingahing manah, hing mangke badhe kula aturaken ingkang hamengku / hambawani damel sekaliyan.

Ugi mboten katalumpen, salam  taklimmipun Bapa  Sardi sekaliyan mugi kahaturna dumatheng penjeningipun Bapa Sarino  Sekaliyan, minggahipun dumatheng kulawangsanipun.

Wondene hanggen penjenengan hamasrahaken penganten priyo pun Bagus Sahrul Gunawan, S.Pd. Sampun kula tampi, tumuli badhe hanindakaken satataning adat panggihing penganten.
Hanamung sru panyuwunipun Bapa Sardi sekaliyan, penjenengan sak pangombyong dipun suwun hanjenengi lampahing tatacara punika ngantos sakparipurnanipun.

Mekaten Bapa Sarino miwah Ibu hanggen kula hananggapi pasrah penjenengan, kathah atur kula ingkang mboten handamel renaning penggalih, kula nyuwun hagunging samodra pangaksama.

Kanthi pada tutuping atur kula kantheni hasesanti, rahayu ingkang sami pinanggih lan sukarena.
Nuwun.

Wassalamu'alaikum Warohmatullahi wabarokatuh

Demikianlah contoh teks pasrah dan panampi temanten kakung singkan dan indah, semoga berguna bagi yang membutuhkan. Terima kasih telah berkunjung di blog saya ini.
bisa juga lihat video ini sebagai tambahan

Contoh teks naskah Pranata Cara / MC acara lamaran dalam bahasa jawa

 Contoh teks  naskah Pranata Cara / MC acara lamaran dalam bahasa jawa

Para pembaca yang budiman, postingan kali ini adalah contoh naskah untuk pranata cara acara lamaran sesuai dengan urutan prosesi lamaran adat jawa



TULADHA PRANATA CARA ADICARA ING PAHARGYAN LAMARAN
  • Tuladha Atur Pambuka Pranata Adicara Pasrah Panampining Lamaran
Bismiliharirohmanirrohim
Assalmu'alaikum  Warohmatullahi Wabarokatuh

(Setelah salam membaca mukadimah )Kemudian membacakan penghormatan terhadap para hadirin.

Panjenenganipun para pepudhen, para ajisepuh, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang satuhu pantes kinurmatan, para lenggah kakung  putri, miwah kadang wredha ingkang winantu ing suka rahayu.

Mradapa awit saking keparingipun Bapa................( ingkang hamengku gati )sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kula piniji minagka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi.

Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kaluwarga, cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila sumangga nun kula.dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, karana agenging barokah  saha rahmat ingkang sampun keparing-aken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Mboten  kasupen shalawat lan salam mugi tansah kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah kaluwarga miwah para sahabatipun, mugi -mugi kita pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil kiamah, Amiin.

Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti minangka sarana jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, kepareng pranata adicara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam dening para kulawangsa.

  • Tinarbuka atur pambagya harja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun piniji
  • Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih sarira saking badhe / calon kadang besan
  • Atur panampi dening tetuwangga inkang piniji ingkang minangka sulih saliranipun Bapa............ ingkang hamengku gati.
  • Kaleksananing liru kalpika rukmi.
  • Tanggap wacana  saking pinisepuh utawi mauidhoh khasanah
  • Paripurnaning adicara / kendurenan
  • Konduripun kadang besan sutresna

baca juga : tuladha pasrah temanten kakung
atur panampi temanten
tuladha atur pambagya harja pahargyan temanten



Makaten para tamu saha para rawuh, urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kaluwarga, kasuwun wontena suka waning pengalih para lenggah tansah hanjenengi gantos purnaning gati.

  • Tuladha atur panata cara badhe Pambagyaharja 
Pak Rawuh para pilenggah kakung putri, ingkang satuhu bagya mulya, raos bombong miwah mongkoking manah, panjenenganipun bapa..............sekalian ingkang hamengku gati mboten saged kagambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika badhe ngaturaken pambagyaharja wonten ngarsa panjenengan

Awit saking menika saking bombonging manah anggenya badhe matur aming kandheng wonten ing samadyaning jangga, ingkang punikaminangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bapa ........... wekdal kasumanggaken, sumangga nun.

(atur pambagya harja saking tetuwangga ingkang piniji )

  •  Tuladha atur panata cara sasampunipun adicara  Pambagyaharja 
Terwaca  cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bapa ........ pinangka sulih sarira ingkang hamengku gati. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, sak lejengipun dugi laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan sutresna. Wondene ingkang pinangka sulih sarira nun inggih panjenenganipun Bapa............ wekdal kasumanggaaken.

(atur pasrah lamaran saking badhe/calon kadang besan )

  •  Tuladha atur panata cara sasampunipun pasrah ngancik panampi
Para lenggah kakung miwah putri, menggaah atur pasrahipun Bapa............ pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa cetha wijang wijilih pangandikan, ingkang saklajengipun pasrah sarana badhe katampi panjenenganipun Bapa ................. minangka sulih salira Bapa ............sekalian (mengku gati ). Wekdal kasumanggaaken, sumangga nun.

(atur panampi pasrah saking hamengku gati )
  • Tuladha atur panata cara sasampunipun pasrah  panampi lamaran
Kanthi cetha terwaca atur panampi saking panjenenganipun Bapa................minangka sulih saliranipun ingkang hemengku gati, ingkang sak lajengipun dipun wonteni paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanaaken paragan saking duta saraya ( ingkang pasrah ) dhumateng panampi pasrah, ujuding arta miwah jene sak lajengipun kaaturaken dhumateng ingkang mengku gati, kaleksananing sedya kasumanggaaken.

(seserahan arupi arta lan upakarti sanesipun kapasrahaken )
  • Tuladha atur panata carabadhe kaleksanaaken liru kalpika
Para lenggah kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan, jumbuh kalian pamintanipun saking calon kadang besan, ing mriki keparengipun Bapa .............ingkang hamengku gati kaleksanaaken wontenipun liru kalpika dening para kaluwarga ingkang piniji mratitisaken.

Wondene para kaluwarga piniji nun ingih panjenenganipun Ibu........ saha Bapa ................... hanganti calon penganten putri , Calon temanten kakung ugi kakanthi panjenenganipun Ibu saha Bapa...............

Kados samudayanipun sampun samapta ing gati, dhumateng para kaluwangsa ingkang piniji wekdal kasumanggaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindaaken calon penganten. Sumangga.

(liru kalpika / tukar cincin )
  • Tuladha aturipun  panata cara salabetipun liru kalpika
 Para lenggah kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan, kaleksanan liru kalpika pangandikanipun para pinisepuh liru kalpika saged katindaaken sederengipun calon penganten kaijabaken utawi kapenggihaken saged winastan imbal kalpika, tali asih minangka pratanda miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadhahi.
  • Tuladha aturipun  panata cara badhe tanggap wacana
Kanthi lulus raharja liru kalpika, ingkang katindaaken calon temanten  kakung saha penganten putri, inggih awit saking keparengipun Bapa .......... sekalian (ingkang hamengku gati ) mrih calon temanten mantep anggenya badhe netepi palakrama mboten nalisir saking prajanji ingkang sampun wonten paugeran ingkang antawisipun calon tementen kakung miwah temanten putri, saha tansah asah, asih, asuh, mboten kengguh ing panggoda.

Ingkang punika badhe wonten tanggap wacana saking pinisepuh ngiras pantes paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tunuju kaseanan. Wondene ingkang kepareng tanggap wacana nun inggih Bapa ....... ( pinisepuh/kyai) wekdal kasumanggaaken )

  • Tuladha aturipun  panata cara wonten ing salebetipun swasana mirunggan.
 Para lenggah kakung sumawana putri  ingkang satuhu bagya mulya laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit kados sampun kaleksanan kanthi pinayungan rahayu basuki tebih ing sambekala.

Namung panyuwunanipun Bapa ............. (ingkang hamengku gati ), panjenganipun para lenggah kakung sumawana putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratanda paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih  miwah rama ibu   (ingkang hamengku gati ) sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah sabar sawetawis. Ewondene keparenga para kadang muda taruna ngaturaken pasugata prasaja konjuk sagung para rawuh.

(sasampunipun pasugata dedharan purna )
Para lenggah kakung sumawana putri  ingkang satuhu bagya mulya, adicara candhakipun nun inggih kendurenan, ingkang badhe dipun imami dening panjenenganipun simbah modin ............ sumangga.

  • Tuladha aturipun  panata cara ndungkap paripurnaning gati
Handungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanan dening para kaluwarga.  Para rawuh kakung sumawana putri  ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun paripurnaning gati panjenenganipun  Bapa.....(ingkang hamengku gati ) ngaturaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, bilih sampun kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng nir ing sambekala, mboten kakilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumarambah para rawuh samudayanipun. ingkang punika panjenenganipun  Bapa.....(ingkang hamengku gati )tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sedaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kelanggahan penjenengan sedaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama penjenengan.

Kula minangka pambiwara ugi hanglenggana karana kiranging seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra , ingkang menika hambok bilih wonten kalepatan kula, mugi para rawuh sedaya ngluberna pangaksama ingkang agung.
Sagung para rawuh calon temanten kekalih badhe kejengkaraken, panjenengnaipun kakanthi rama saha ibunipun tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati.

Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang sampun kaleksanan para kaluwarga, sesantining Bapa.....(ingkang hamengku gati )mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, konduripun ndherekaken sugeng.

Wabilahi taufiq wal hidayah
Wassalmu'alaikum  Warohmatullahi Wabarokatuh

Demikian contoh naskah pranata cara acara lamaran dalam bahasa jawa, semoga bermanfaat dan terima kasih telah berkunjung di blog saya ini

contoh teks pidato pambagya harja, pasrah dan panampi lamaran dalam bahasa jawa lengkap


Para pembaca yang budiman dalam postingan sebelumnya admin memposting tentang  contoh teks naskah Pranata Cara/MC acara lamaran dalam bahasa jawa, kali ini admin memposting teks naskah pidato dalam acara lamaran adat jawa tentunya dalam bahasa jawa yang ada dalam prosesi lamaran adat jawa. Baiklah inilah contohnya sesuai dengan urutannya.
  1. Tuladha Atur Pambagyaharja Pasrah Lamaran
Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh


 Alhamdulillahi 'ala ni'matil islam wal iman wal hidayah, wa kafa biha ni'mah, allahumma shalli wa sallim wa barik 'ala sayyidina Muhammad dibi Abdilah, wa 'ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, lahaula wala quwwata illa billah, amma ba'du

  • Konjuk wonten ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundi
  • Para kadang duta saraya saking calon/badhe besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan
  • Para lenggah kakung miwah putri  ingkang satuhu bagya mulya.
Keparenga kula mambeg saha nggempil kamardhikan panjenengan sedaya karana kula piniji panjenenganipun Bapa...................sekalian, kinen ngaturaken pambagya harja, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.
Pinangka Purwakaning atur sumangga nun tansah kula dhereaken ngaturaken puii syukur wonten ngarsa dalem gusti Allah ingkang Maha Welas lan Asih, karan sih wilasa miwah barokah ingkan rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Pramila saking menika sumangga kita ikraraken kanthi lafal hamdalah, Alhamdulillahirobil'alamin.
Mboten kekilapan shalawat lan salam mugi tansah tetep kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW, mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun Amiin ya robbal alamin.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, madyaning pepanggihan punika Bapa ................sekalian lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhan para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para rawuh kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.

Para tamu miwah para lenggah ingkang satuhu bagya mulya, lekas wekasing sedya wigatosing gati keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun mangertosi gatining sedya ing kalenggahn punika.. Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bapa................sekalian garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenenganipun bapa...................( besan ) , karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bapa................sekalian garwa kagungan putra ingkang kekasih bagus ....................panjenenganipun bapa...................( besan )nggadahi putri ingkang  sesilih roro ayu.................... manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat. Inggih awit samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalengahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran.

Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bapa................sekalian garwa mugi wontena jumuringing pamuji hastuti saking para lenggah sedaya hanggenya Bapa................sekalian garwa badhe nampi pasrahipun tansah manggih rahayu wilujeng.

Hambok bilih Bapa................sekalian garwa sumarambah para kaluwarga anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna , awit saking punika Bapa................sekalian garwa nyadhong agunging samodra pangaksama.

Ing wasana puput pepuntoning atur hambok bilih wonten atur kula mboten mranani dhiri saha hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh subasita kula nyadhong samodra pangaksami. Cekap semanten wekdal kula aturaken kadang pranata adi cara.Nuwun

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

2.Tuladha atur pasrah lamaran saking duta saraya pinangka sulih sarira saking calon kadang besan

Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

 Bismillahirrahmanirrohim alhamdulillahi rabbil 'alamain wa sholatu wassalamu 'ala asrafil anbiya'i wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa 'ala 'alihi wa shahbihi ajma'in, amma ba'du
  • Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu pantes pinundi pundi
  • Panjenenganipun purna karya labet praja, ingkang satuhu dahat kinurmatan
  • Para santana warga saking Bapa................sekalian garwa ingkang kinurmatan
  • Para lenggah kakung miwah putri,miwah kadang wredha taruna  ingkang satuhu bagya mulya
Amit pasang paliman tabik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang towang, mugi linepato saking siku dendhaning Gusti Allah ingkang Maha Agung, kalilana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu nggempil kamardhikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, karan ing kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya miwah cundaka sulih sariranipun  Bapa................sekalian

Tinarbuka kepareng langkung rumiyin  kula ngaturaken puji syukur Alhamdulillahirobil'alamin wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Kawasa awit saking barokah saha rohmatipun ingkang tansah keparingaken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga maksih pinaringan  kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala. Sinawung raos suka ing ngajeng keparenga kula ngaturaken  wosing gati menggahpisowan kula sakadang.

Nun inggih maligi wonten ngarsanipun Bapa................sekalian ingkang hamengku gati kula minangka sulih saliranipun Bapa............sekalian ngaturaken salam taklim mugi wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kaluwarga samudayanipun. Wondene wigatosingisowan kula sakadang saperlu ngaturaken wudharing gantha babaring sedya. Nun inggih ing nguni  Bapa............sekalian sami-sami nggadahi pirembagan ingkan ging antawisipun Bapa............sekalian nggadahi putra jalu kekasihipun Bagus .................. wondene Bapa................sekalian ingkang hamengku gati nggadahi kenya taruni sesilih Roro Ayu .................. gumolonging pirembagan nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndodho latar ndodhok lawang sumedya nginang jambe suruhe , kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha  sampun manunggal cipta rasa miwah karsan agenging manah ingkang tanpa pepindhan Bapa............sekalian anggenya sampun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan menika  Bapa............sekalian ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.

Nun inggih perlu kula aturaken wonten ngarsa Bapa............sekalian  garwa ingkang hamengku gati. Sanggan saha majemuk ingkang sampun woten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan temah mboten saged pisah salami-laminipun. Kasoking katresnan Bapa............sekalian dhumateng Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati) ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ing pangajab minangka agemanipun badhe calon penganten putri.

Mboten kekilapan Bapa............sekalian ngaturaken redana wujuding arta kenginga damel ngentheng-ngenthengi anggenipun  Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati) netepi darmaning asepuh miwaha siwi mahargya suta. amung panyuwunipun Bapa............sekalian, mugi keparenga calon penganten kadhaupaken saha kapanggihaken  miturut satataning agami miwah adat ingkang sampun lumampah ing tlatah kampung ..... mriki. Hambok bilih Bapa............sekalian anngenipun ngaturaken sarana wonten kekiranganipun labet budi dayaning manungsa kirang sampurna mila awit saking menika Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati) mugi hangandhapno samodra pangaksama ingkang agung.

Pepuntoning atur kula minangka sulih salira saking Bapa............sekalian menawi wonten gonyak-ganyuking wicara kiranging suba sita  ingkang singlar ing reh tatakrama miwah kasusilan, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya. ing wasana wabilahitaufiq wal hidayah

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh 

3. Tuladha atur panampi pasrah lamaran

Bismilahirrohmanirrohimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Alhamdulillahi 'ala ni'matil islam wal iman wal hidayah, wa kafa biha ni'mah, allahumma shalli wa sallim wa barik 'ala sayyidina Muhammad dibi Abdilah, wa 'ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, lahaula wala quwwata illa billah, amma ba'du

  • Dhumateng para pepundhen, para sesepuh, para ajisepuh saha para pinisepuh ingkang satuhu pantes pinundi pundi
  • Panjenenganipun purna karya labet praja, ingkang satuhu dahat kinurmatan
  • Para kadang duta saraya saking calon/badhe besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan
  • Para lenggah kakung miwah putri,miwah kadang wredha taruna  ingkang winantu ing suka basuki
Hangemban wuwus saking karsanipun Bapa............sekalian  garwa ingkang (hamengku gati), ing kalenggahan punika kula piniji pinangka sulih salira kinen nampi pasrahipun Bapa ........ minangka cundhaka badhe/calon kadang besan sutresna.
Minangka purwakaning atur kula ugi ndhereaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem gusti Allah ingkang Maha Welas lan Asih, awit  sih wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang panjenengan sedaya dalasan kula, pramila sumangga kula dherekaaken mos kalimah tahmid Alhamdulillahirabil'alamin

Nun inggih panjenenganipun Bapa ............ (ingkang pasrah) ingkang pantes sinudarsana, sedaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa papindhan Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati), lumantar kula.

Nun inggih atur salam taklim saking badhe / calon kadang besan lumantar penjenenganipu kula tampi. Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi renaning manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun  Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati). Atur panyuwunipun  saking badhe/calon kadang besan menggah panggih lan ijabipun badhe/calon pengantin mangke badhe kaleksanaaken ijab wanci tabuh..........panggih wanci tabuh............... mboten kekilapan panjenenganipun Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati),amung ngaturaken panuwun menggah sedaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati), mugi dadosa raketing kekadangan sami-sami netepi darmaning asepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Amung semanten panampi saking Bapa..................sekalian  (ingkang hamengku gati) lumantar kula. Ngaturi uninga wahyaning mangsa kala tumapaking adicara saklajengipun nun inggih kaleksaanipun adicara liru kalpika.

Pepuntoning atur kula hambok bilih  kirang hanuju prana anggen kula nampi labet kula hanglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing reh basa tuwin sastra ingkang punika panjenenganipun Bapa ............ (ingkang pasrah)sumarambah para lenggah sedaya  mugi hangandhapna agunging pangaksama  ing wasana wabilahitaufiq wal hidayah

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh 

Demikian postingan tentang contoh teks pidato pambagya harja, pasrah dan panampi lamaran dalam bahasa jawa. Contoh ini bisa ditambah dan dikurangi sesuai prosesi lamaran adat jawa yang biasa dilaksanakan ditempat pembaca yang budiman.Terima kasih telah berkunjung di blog saya, semoga semua postingan saya bermanfaat.




pasrah temanten kakung

contoh teks pasrah temanten kakung


pasrah temanten kakug

Dalam acara resepsi pernikahan adat jawa terdapat barbagai rangakaian susunan acaranya. Diantaranya sebelum kedua mempelai bertemu dan melaksanakan acara yag dinamakan “Adicara Panggih”, terdapat acara yang dinamakan pasrah lan panampi atau "lung tinampen” atau dalam bahasa Indonesia bisa di artikan serah terima. Pada intinya pasrah lan panampi pengantin sama dengan pasrah lan panampi lamaran  hanya berbeda inti dari maksud yang disampaikan.
Dalam acara pasrah lan panampi pengantin pihak keluarga penganten pria menyerahkan pengantin untuk dapat dilaksanakan acara “Panggih “, sedangkan dalam acara pasrah dan panampi lamaran pihak mempelai pria menyerahkan upakarti untuk dilaksanakan liru kalpika atau tukar cincin yang dilakukan oleh seorang juru bicara atau sering disebut sebagai  duta saraya, sulih sarira atau talanging basa, sesuai acara yang di pandu dalam pranata adi cara acara lamaran 

Dalam kesempatan ini kami sampaikan bagaimana menjadi seorang duta saraya saat menyerahkan pengantin Pria atau dalam acara ini dinamakan PasrahTemanten Kakung

Sebagai permulaan kita akan membacakan mukadimah dibawah ini adalah contohnya.

Assalamualaikum Wr.Wb
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Setelah mukadimah kita akan sampaikan penghormatan kepada seluruh hadirin dan tamu undangan dan juga tuan rumah
·         Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen..
·         Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun.
·         Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.
·         panjenenganipun kadang besan sutresno ..................miwah gotrah kaluwargo,  ingkang satuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.
·         Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Setelah penghormatan kita mengucapkan syukur kepada Allah, sebagai ungkapan terima kasih kita kepada pencipta alam semesta,  dan juga shalawat kepada Junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged hangempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah.
Layaknya orang berjalan kita mengucapkan permisi, saat berbicara didepan umum kita juga seperti itu saat akan mengutarakan niat kita dihadapan umum. Uraiakan secara berurutan saat kita menyampaikan pesan dan maksud dari keluarga mempelai pria seperti saat kita bertamu ke rumah orang, seperti salam di awal, kemudian isi yang mau disampaikan kemudian diakhiri dengan ucapan pamit diakhir .
Nun kawulo nwun, ing mriki kawulo ingkang kapitedhan sinaroyo miningko sulih sariro talanging basa panjenenganipun bapak Bambang S. kepareng ngaturaken punapa ingkang dados wigatosing sedya luhur saking  panjenenganipun.
Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo luhur sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka sepisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati bapa  Bambang Sutrisno boten saged masrahaken putranipun calon temanten kakung kapekso namung saged ngaturaken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkang lumantar kawula kanthi ikrar bi lisan Assalamualaikum Wr.Wb. Mugi  anggenipun netepi dharmaning asepuh hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.
Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bagus…..(nama temanten kakung), atmaja jalu panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), putri  panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….wekdal nuswantoro imbang pracima ( WIB )  mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.     
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten sarimbit , anut satataning adat widhi widana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombyong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji donga mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut rerentengan lir kadya mimi lan mimtuno , ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.

KAPING TIGA Panjenengaipun Bp ( bapak  Manten kakung ) atur uba rampe upakarti  sarana jejangkeping salaki rabi, kawula aturaken wonten ngarsanipun kadang besan sutresno Bapa Y sekalihan garwa. pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa Y sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, anggenipun sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan prasaja siang punika, kula dalah  pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kondur kawula sarombongan tansah manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo milai dusun  .......... Desa .......... Kec. ............. dumugi dalemipun soang -soang.

Jangan lupa untuk sopan santun kita sebagai seorang pribadi juga sebagai  duta atau wakil keluarga mempelai pria
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Ini adalah salah satu video saya saat menyampaikan sesorah pasrah temanten kakung, silahkan ditonton untuk dijadikan referensi .



Demikianlah tulisan saya tentang bagaimana menjadi seorang duta saraya ( wakil keluarga mempelai pria ) menggunakan bahasa jawa. Setelah itu akan dilanjutkan dengan atur panampi temanten kakung  dari pihak keluarga perempuan. Terima kasih, mudah-mudahan bermanfaat.